Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Korintus 6 >> 

Rasul Paulus ing ayahane

1Anadene aku iki ing sarehne padha dadi kanca tunggal ayahan, pituturku marang kowe kabeh, supaya aja nganti padha gawe muspraning sih-rahmate Gusti Allah, kang wus koktampani.

2Sabab Gusti Allah ngandika: “Ing mangsa kang ngremenake Ingsun wus miyarsakake sira, lan ing dinane karahayon Ingsun wus mitulungi sira.” Satemen-temene, iya wektu iki wektu kang ngremenake iku; iya dina iki dinane karahayon iku.

3Ing prakara apa bae aku ora padha gawe dhadhakan wong padha kesandhung, supaya anggonku padha leladi aja nganti dicacad.

4Nanging ing sadhengah prakara aku nelakake manawa aku iki padha abdining Allah, yaiku: kebak kasabaran, sajroning nandhang sangsara, ing karupekan, lan ing reribed,

5ing sajrone kasiksa, kakunjara lan pageger, rekasa, kepeksa melek, lan kepeksa ngelih;

6ing kasucening ati, ing kawruh, kasabaran, lan kadarman; ing Sang Roh Suci lang ing sih katresnan kang salugu;

7ing sajroning martakake kabeneran lan panguwaosing Allah; kanthi migunakake gegamaning kaadilan kanggo nempuh utawa nanggulangi

8nalika diaji-aji lan nalika diremehake; nalika diundhat-undhat utawa nalika dialem; nalika kadakwa dadi juru apus, nanging dipracaya,

9kaya wong kang ora ana kang wanuh, nanging kondhang; kaya wong kang meh mati, mangka padha urip, kaya wong kang disiksa nanging ora mati,

10kaya wong kang sedhih, nanging tansah bungah-bungah, kaya wong kang mlarat nanging nyugihake wong akeh; kaya wongkang ora duwe apa-apa, nanging aku padha nduweni samubarang kabeh.

Bab kasucen

11Aku wus kandha kanthi blak-blakan marang kowe, atiku menga amba tumrap kowe, he wong Korinta!

12Kowe iku padha oleh papan kang jembar ana ing atiku, nanging aku mung koksadhiyani papan kang rupek ana ing atimu.

13Mulane saiki, supaya padha-padha, -- anggonku pitutur iku kaya marang anak-anakku --: Atimu wengakna kang ngeblak!

14Aja nganti kowe padha dadi rakitan kang ora timbang karo wong kang ora pracaya. Sabab kabeneran iku ana gegayutane apa karo duraka? Utawa kapriye bisane pepadhang tetunggalan karo pepeteng?

15Apa ana jumbuhe Sang Kristus karo Belial iku? Panduman apa kang diduweni bebarengan dening wong kang pracaya lan ing wong kang ora pracaya?

16Apa gegayutane padalemane Gusti Allah karo brahala? Awit kita iki padha dadi padalemane Gusti Allah kang gesang kayadene kang dipangandikake dening Gusti Allah mangkene: “Ingsun bakal dedalem bebarengan karo wong-wong mau, lan gesang ana ing tengah-tengahe, lan Ingsun bakal dadi Allahe, lan dheweke bakal padha dadi umat ingSun.

17Mulane: Sira padha metua saka ing wong iku, lan sira misaha, mangkono pangandikane Pangeran, lan aja padha nggepok senggol samubarang kang najis, tumuli sira bakal padha Suntarimah.

18Lan Ingsun bakal dadi Ramanira, sarta sira bakal padha dadi putraningSun lanang lan wadon. Mangkono pangandikane Pangeran, Kang Mahakuwasa.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

Download Audio MP3 (2 Korintus 6):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  2 Korintus 6 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel