Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Raja-raja 18 >> 

Sang Prabu Hizkia, ratu ing Yehuda

1Ing taun kang katelune jamane Sang Prabu Hosea, putrane Sang Ela, ratu ing Israel, Pangeran Hizkia, putrane Sang Prabu Akhas, ratu ing Yehuda, jumeneng ratu.

2Nalika jumeneng iku yuswane selawe taun, dene anggone ngasta paprentahan ana ing Yerusalem lawase sangalikur taun. Kang ibu asma Abi, putra putrine Sang Zakharia.

3Panjenengane nindakake apa kang bener ana ing paningaling Sang Yehuwah, plek kayadene kang dilampahi dening Sang Prabu Dawud, leluhure.

4Iya panjenengane iku kang nyingkirake tengger-tengger pangurbanan lan kang nggempuri tugu-tugu brahala, kang ngethoki saka-saka brahala sarta kang ngremuk ula tembaga damelane Nabi Musa, amarga nganti tumeka ing dina iku wong Israel pancen isih padha ngobong kurban kanggo ula iku; ula iku dijenengake Nehustan.

5Sang Prabu mau kumandel marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel, lan ing antarane sakehing para ratu ing Yehuda, ing sawuse utawa ing sadurunge panjenengane, ora ana kang kaya panjenengane.

6Sang Prabu rumaket marang Pangeran Yehuwah, ora mengeng anggone ngetut-wingking Panjenengane lan tansah netepi pepakoning Yehuwah kang wus kaparingake marang Nabi Musa.

7Mulane Pangeran Yehuwah nunggil marang panjenengane. Menyanga ngendi bae tindake, mesthi angsal damel. Sang Nata mbalela marang ratu ing Asyur lan ora teluk marang panjenengane maneh.

8Iya Sang Prabu Hizkia iku kang ngawonake wong Filisti nganti tekan ing Gaza lan nyirnakake dhaerahe, iya panggung-panggunging pajagan lan iya kutha-kuthane beteng.

9Nalika ing taun kang kaping papate jamane Sang Prabu Hizkia -- iku taun kang kapitune jamane Sang Prabu Hosea, putrane Sang Ela, ratu ing Israel -- Sang Prabu Salmaneser, ratu ing Asyur, nempuh Samaria, kang banjur dikepang.

10Iku sawuse telung taun luwih kena karebut, yaiku ing taun kang kaping neme jamane Sang Prabu Hizkia -- iku taun kang kaping sangane jamane Sang Prabu Hosea, ratu ing Israel -- Samaria bisa karebut.

11Sang Nata ing Asyur banjur mboyongi wong Israel kaparakake marang ing pambuwangan, menyang ing Asyur, padha kapanggonake ana ing Halah, ana ing pinggiring kali Habor, yaiku kaline negara Gozan, lan ana ing kutha-kuthane wong Madhai,

12amarga ora padha gelem ngrungokake marang swantening Sang Yehuwah, Gusti Allahe, lan padha nerak marang prajanjiane, yaiku kabeh kang wus kadhawuhake dening Nabi Musa, abdining Sang Yehuwah; ora padha ngrungokake lan ora padha gelem nglakoni.

Yerusalem kakepang dening Sang Prabu Sanherib

13Ing taun kang kaping patbelase jamane Sang Prabu Hizkia, Sang Prabu Sanherib, ratu ing Asyur, nempuh kutha-betenging nagara Yehuda sarta banjur kabedhah.

14Sang Prabu Hizkia, ratu ing Yehuda, kintun utusan marang ing ngarsane Sang Nata ing Asyur kang ana ing Lakhis, kadhawuhan ngunjukake ature: “Kula sampun nindakaken kalepatan, Sang Prabu mugi karsaa jengkar saking nagari kula, punapa ingkang kabebahaken dening Sang Prabu dhateng kula, badhe kula sanggi.” Sang Nata ing Asyur banjur paring bebahan marang Sang Prabu Hizkia, ratu ing Yehuda, ngaturake telung atus talenta selaka lan telung puluh talenta emas.

15Sang Prabu Hizkia nuli nyaosake selaka kang ana ing padalemaning Sang Yehuwah lan kang ana ing gedhong pasimpenaning kraton.

16Nalika samana Sang Prabu Hizkia banjur dhawuh ngletheki emas kang ana ing lawang-lawang lan kang ana ing gawanging lawange padalemaning Sang Yehuwah, kang dilapis dening Sang Prabu Hizkia, ratu ing Yehuda. Iku kabeh kacaosake marang Sang Nata ing Asyur.

17Sawuse mangkono Sang Nata ing Asyur utusan senapatining perang, panggedhening kraton lan priyagung juru pangunjukan saka ing Lakhis, sowan marang Sang Prabu Hizkia ing Yerusalem, kalawan kadherekake wadya-bala gedhe. Iku banjur padha tindak menyang ing Yerusalem. Bareng wus rawuh ing kono, nuli padha kendel ana ing papan ing sacedhake ilen-ilening blumbang ndhuwur, kang ana ing dalan gedhe ing Ara-ara Tukang Penatu.

18Bareng padha nguwuh-uwuh marang Sang Prabu, Sang Elyakim bin Hilkia, panggedhening kraton, lan Sang Sebna, sekretaris nagara lan Sang Yoah bin Asaf, panggedhene hartakaning nagara padha ngedali.

19Priyagung juru pangunjukan nuli ngandika marang katelune: “Sumangga sampeyan sami matur dhateng Sang Prabu Hizkia: Makaten pangandikanipun Sang Nata Agung, ratu ing Asyur: Sira iku nggondheli pangandel kang kaya apa, ta?

20Apa sira ngira, menawa gelar lan kekuwataning perang iku bisa sira wujudake mung kalawan lambe thok. Ing saikine sapa kang sira andelake, dene sira mbalela marang ingsun?

21Lah sira ngendelake teken pring kang pepes tumelung, yaiku Mesir, kang bakal njojoh nganti tembus tangane wong kang tekenen iku. Kaya mangkono iku Pringon ratu ing Mesir, tumrap sakehing wong kang padha ngendelake dheweke.

22Dene menawa sira padha matur marang ingsun: Kawula sami ngendelaken Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kawula, -- apa Panjenengane iku dudu kang tengger-tenggere pangurbanan lan misbyah-misbyahe wus disingkirake Hizkia kalawan tembunge marang Yehuda lan Yerusalem: Ana ing ngarepe misbyah kang ana ing Yerusalem iki anggonmu kudu padha sujud nyembah.

23Milanipun sapunika sumangga sampeyan totohan kaliyan gusti kula, Sang Nata ing Asyur: Kula badhe nyukani kapal kalih ewu, manawi sampeyan sagah nyawisi tiyang-tiyangipun ingkang badhe numpaki.

24Kadospundi anggen sampeyan badhe saged ngunduraken opsiripun gusti kula ingkang alit piyambak satunggal kemawon? Mangka sampeyan ngendelaken Mesir ing bab kreta saha prajurit kapalan!

25Lah uga saiki, anggoningsun majeng perang nglawan panggonan iki arep sunsirnakake, apa iku dudu kersaning Sang Yehuwah? Pangeran Yehuwah wus ngandika marang ingsung: Nagara iku tempuhen lan sira sirnakna!”

26Sang Elyakim bin Hilkia, Sang Sebna lan Sang Yoah banjur padha matur marang priyagung juru pangunjukan mau: “Panjenengan kula aturi ngandika ngagem basa Aram dhateng para ingkang abdi punika, awit kula sami saged mangretos; nanging sampun ngandika mawi basa Yehuda, mindhak dipun pirengaken dening rakyat ingkang wonten ing nginggil balowarti.”

27Nanging wangsulane priyagung juru pangunjukan: “Punapa anggenipun gusti kula ngutus kula namung supados namung rembagan kaliyan gusti sampeyan lan kaliyan sampeyan kemawon? Rak inggih kaliyan tiyang-tiyang ingkang sami nglesod wonten ing nginggil balowarti punapa, ingkang sami nedha tinjanipun lan ngombe uyuhipun sesarengan kaliyan sampeyan sadaya punika, ta?”

28Sawuse mangkono priyagung juru pangunjukan iku banjur jumeneng lan nguwuh-uwuh kalawan swara sora ing basa Yehuda, pangandikane: “Padha ngrungokna pangandikane Sang Nata Agung, ratu ing Asyur! Mangkene pangandikane Sang Prabu:

29Sira aja padha kena diapusi Hizkia, sebab dheweke ora bisa ngluwari sira saka ing astaningsun.

30Sira aja padha gelem diajak Hizkia kumandel marang Sang Yehuwah kalawan tembunge: Pangeran Yehuwah mesthi bakal ngluwari kita, sarta kutha iki ora bakal kaulungake marang ing tangane ratu ing Asyur.

31Aja padha ngrungokake kandhane Hizkia, sabab mangkene pangandikane Sang Nata ing Asyur: Sira nganakna prajanjian kalawan ingsun bab anggonira masrahake samubarang kabeh marang ingsun, banjur padha metua sowana marang ing ngarsaningsun; saben wong banjur bakal mangan saka wite anggur dhewe lan saka wite anjir dhewe sarta bakal ngombe saka ing sumure dhewe,

32nganti sarawuhingsun prelu mboyongi sira kabeh menyang ing nagara kang kaya nagaranira iki, sawijining nagara kang sugih gandum lan anggur, sawijining nagara kang sugih roti lan kebon anggur, sawijining nagara kang sugih wit jaitun, sugih lenga lan sugih madu; kalawan mangkono sira bakal padha urip lan ora bakal padha mati. Mung bae aja padha ngrungokake tembunge Hizkia, sabab dheweke ngapusi sira kalawan tembunge: Pangeran Yehuwah bakal ngluwari kita!

33Apa tau kelakon allah-allahe para bangsa padha bisa ngluwari bangsa-bangsa mau saka ing astane Sang Nata ing Asyur?

34Endi para allahe nagara Hamat lan Arpad? Endi para allahe nagara Sefarwaim, Hena lan Iwa? Apa iku wus padha ngluwari Samaria saka ing astaningsun?

35Ing antarane para allahe nagara-nagara iku apa ana kang wus ngluwari nagarane saka ing astaningsun, lah kok Pangeran Yehuwah sagah arep ngluwari Yerusalem saka ing astaningsun?”

36Nanging rakyat mau padha meneng bae, ora mangsuli sanadyan mung sakecap bae, amarga Sang Prabu wus paring dhawuh piweling: “Sira aja padha mangsuli marang dheweke!”

37Sang Elyakim bin Hilkia, panggedhening kraton, lan Sang Sebna, sekretaris nagara sarta Sang Yoah bin Asaf, panggedhene hartaka nagara, nuli padha sowan marang ing ngarsane Sang Prabu Hizkia, kalawan pangageman kang wus kasuwek-suwek, tuwin banjur padha ngunjuki uninga bab tembung-tembunge priyagung juru pangunjukan mau.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  2 Raja-raja 18 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel