Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Raja-raja 19 >> 

Yerusalem uwal saka ing astane Sang Prabu Sanherib

1Bareng Sang Prabu Hizkia midhanget kang mangkono iku, nuli nyuwek-nyuwek pangagemane lan mangagem bagor lan banjur lumebet ing padalemaning Pangeran Yehuwah.

2Sang Elyakim, panggedhening kraton, Sang Sebna, sekretaris nagara lan para tetuwaning imam uga tumuli kautus sowan ing ngarsaning Nabi Yesaya bin Amos, kalawan mangagem bagor,

3sarta ature: “Makaten pangandikanipun Sang Prabu Hizkia: Dinten punika dinten karupekan, dinten paukuman saha dintening kawirangan; awit sampun dumugi ing leking jabang-bayi, nanging boten wonten kekiyatan kangge nglairaken.

4Bokmanawi Pangeran Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, sampun midhanget sakathahing tembungipun priyagung juru pangunjukan, utusanipun ratu ing Asyur, gustinipun, ingkang kadhawuhan ngawon-awon Gusti Allah ingkang gesang, satemah Pangeran Yehuwah badhe paring paukuman margi saking tetembungan ingkang sampun dipun piyarsakaken. Milanipun panjenengan karsaa ngunjukaken pandonga kangge kekantunan ingkang taksih wonten punika!”

5Bareng para punggawane Sang Prabu Hizkia wus ana ing ngarsane Nabi Yesaya,

6padha dipangandikani mangkene: “Sampeyan sami matur dhateng gusti sampeyan: Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah: Sira aja wedi marang tetembungan kang sira rungu kang wus kaucapake dening para abdine ratu ing Asyur kang ngala-ala marang Ingsun iku.

7Lah Ingsun bakal ngutus roh kang manjing marang dheweke, temah banjur krungu sawijining pawarta lan tumuli mulih menyang ing negarane. Wong iku bakal Sundadekake mati dening pedhang ana ing negarane dhewe.”

8Bareng priyagung juru pangunjukan mau bali, ratu ing Asyur pinuju perang nglawan Libna; sabab wus mireng, manawa Sang Nata wus jengkar saka ing Lakhis.

9Nalika iku Sang Prabu mireng pawarta bab Sang Prabu Tirhaka, ratu ing Etiopia, mangkene: “Lah panjenenganipun sampun miyosi perang nglawan panjenengan dalem,” mulane banjur ngintunake utusan maneh kang padha didhawuhi ngaturake pangandikane marang Sang Prabu Hizkia:

10“Sira padha matura marang Sang Prabu Hizkia ratu ing Yehuda: sira aja nganti kena diapusi dening Allahira, kang janji: Yerusalem ora bakal kaulungake marang ing tangane ratu ing Asyur.

11Lah sira wus krungu bab kang katandukake dening para ratu ing Asyur marang sakehe nagara, yaiku manawa iku padha katumpes. Apa iya sira bakal diuculake?

12Apa para allahe bangsa-bangsa, kang wus padha disirnakake dening para leluhuringsun bisa ngluwari bangsa-bangsa mau, yaiku Gozan, Haran, Rezef lan bani Eden kang ana ing Telasar?

13Ana ing ngendi ta ratuning nagara Hamat lan Arpad, ratuning kutha Sefarwaim, ratuning nagara Hena lan Iwa?”

14Sang Prabu Hizkia nampeni layang iku saka ing tangane para utusan, layang nuli kawaos. Sang Prabu banjur tindak lumebet ing padalemaning Sang Yehuwah sarta mbeber layang mau ana ing ngarsaning Sang Yehuwah.

15Sang Prabu Hizkia tumuli ndedonga ana ing ngarsaning Sang Yehuwah, unjuke: “Dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun Israel, ingkang adhedhampar ing sanginggiling kerubim! Namung Paduka piyambak ingkang jumeneng dados Gusti Allahipun sakathahing karajan ing bumi. Paduka ingkang nitahaken langit kalayan bumi.

16Paduka mugi karsaa nenglengaken talingan Paduka, dhuh Yehuwah, saha mugi karsaa midhangetaken; Paduka mugi karsaa ngagem paningal Paduka, dhuh Yehuwah saha mugi karsaa mirsani. Paduka mugi karsaa midhangetaken tembung-tembungipun Sanherib ingkang sampun dipun kintunaken kangge ngawon-awon Gusti Allah ingkang gesang.

17Dhuh Yehuwah, para ratu ing Asyur pancen sampun nyirnakaken bangsa-bangsa dalah nagari-nagarinipun

18saha mbesmi para allahipun, amargi punika sanes Gusti Allah, nanging namung damelaning tangan manungsa, namung kajeng saha sela, mila saged karisak dening tiyang.

19Milanipun sapunika, dhuh Yehuwah, Gusti Allah kawula sadaya, Paduka mugi karsaa nguwalaken kawula sadaya saking ing tanganipun, supados karajan ing bumi sami nyumerepi, bilih namung Paduka piyambak punika ingkang jumeneng Gusti Allah, dhuh Yehuwah.”

20Nabi Yesaya bin Amos nuli utusan wong sowan ing ngarsane Sang Prabu Hizkia, kadhawuhan matur: “Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun Israel: Apa kang wus sira pratelakake ana ing pandonganira marang Ingsun ing bab Sanherib, ratu ing Asyur, iku wus Sunpiyarsakake.

21Punika pangandika ingkang sampun kaparingaken dening Pangeran Yehuwah tumrap piyambakipun: Kenya, yaiku putri ing Sion, wus ngremehake sira, wus moyoki sira; lan putri ing Yerusalem wus gedheg-gedheg ana ing burinira.

22Sapa ta kang sira wewada lan sira ala-ala iku? Tumuju marang sapa ta sira ngumbar swaranira kang sora iku, sarta mentheleng kalawan gumunggung iku? Tumuju marang Kang Mahakuwasa Gusti Allahe Israel!

23Lumantar para utusanira sira wus memada Pangeran Yehuwah lan sira wus ngucap: Kalawan kretaku kang akeh cacahe aku munggah ing panggonan-panggonan kang dhuwur ing pagunungan, menyang panggonan kang adoh dhewe ing gunung Libanon; aku wus negori wite eres kang dhuwur-dhuwur tur gedhe-gedhe, wite beros kang pilihan-pilihan; aku wus lumebu ing papan panginepan kang poncot dhewe, menyang ing alase kang wit-witane ketel.

24Ingsun iku wus ndhudhuk banyu lan wus ngunjuk banyu duweking liyan, sarta Ingsun wus ngasatake kalawan tlapakaning sampeyaningSun sakehing kali ing tanah Mesir.

25Sira apa ora wus krungu, manawa Ingsun wus nemtokake dina saka ing kadohan lan wus ngrancang bab iku nalika ing jaman kuna-makuna? Saiki iku Sunwujudake, yaiku manawa sira gawe sepi mamringe kutha-kutha beteng sira dadekake tumpukan watu.

26Wong kang padha manggon ing kono kang tanpa daya dadi kaget lan wirang; padha dadi kaya thethukulan ing ara-ara lan kaya suket kang ijo, kaya suket ing sadhuwuring payon utawa kaya gandum kang alum sadurunge tuwa.

27Ingsun mirsa, manawa sira tangi utawa lungguh manawa sira metu utawa lumebu, utawa manawa sira ngamuk marang Ingsun.

28Ing sarehne sira wus ngamuk marang Ingsun, lan tembung-tembungira kang kumlungkung wus ngenani talinganingSun, mulane Ingsun bakal ngetrapake keluhingSun ana ing irungira lan kendhaliningSun ana ing lambenira, sarta Ingsun bakal ngulihake sira metu ing dalan, pinangkanira.

29Lan iki kang bakal dadi tandha tumrap sira, he Hizkia: Ing taun iki wong bakal mangan apa kang thukul dhewe, dene ing taun kang kapindho pametune tanduran kang kawitan, nanging ing taun kang katelune sira bakal nyebar, ngeneni, gawe kebon anggur lan mangan wohe,

30sarta para wong kang oncat ing antarane turune Yehuda, yaiku para wong kang isih ana, iku bakal metu oyode maneh mangisor lan metokake woh mandhuwur.

31Sabab saka ing Yerusalem bakal metune para wong kang isih ana sarta saka ing gunung Sion wong-wong kang oncat. Bentering penggalihe Pangeran Yehuwah, Gustining sarwa tumitah kang bakal nindakake bab iki.

32Milanipun mekaten pangandikaning Pangeran Yehuwah tumrap ratu ing Asyur: Dheweke ora bakal lumebu ing kutha kene lan ora bakal nglepasake panah mrene; uga ora bakal nekani kalawan nggawa tameng tuwin ora bakal gawe tanggul pangepungan.

33Bakal mulih metu ing dalan pinangkane, nanging ora bakal lumebu ing kutha kene, -- makaten pangandikaning Sang Yehuwah. --

34Sarta Ingsun bakal mageri kutha iki supaya slamet, iku marga saka Ingsun lan marga saka Dawud, abdiningSun.”

35Kacarita ing bengi iku Sang Malaekating Yehuwah miyos, banjur nyirnakake wong ing pakuwone Asyur wolung puluh lima ewu. Esuke umun-umun kabeh kang katon iku jisime wong mati!

36Marga saka iku Sang Prabu Sanherib, ratu ing Asyur banjur kondur lan kendel ana ing Ninewe.

37Ing sawijining dina nalika Sang Prabu lagi sujud nyembah ana ing omah pepundhene Nisrokh, allahe, banjur disedani dening Pangeran Adramelekh lan Pangeran Sarezer, para putrane, sarta sekarone tumuli padha lolos menyang ing tanah Ararat, dene Pangeran Esarhadon, uga putrane, nuli jumeneng ratu nggentosi panjenengane.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  2 Raja-raja 19 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel