Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Raja-raja 23 >> 

Pambangunan kang katindakake dening Sang Prabu Yosia

1Sawuse mangkono Sang Prabu nuli nglempakake sakehing pinituwaning Yehuda lan Yerusalem.

2Sang Prabu banjur tedhak menyang ing padalemaning Pangeran Yehuwah kadherekake dening sakehe wong Yehuda lan kabeh pendhudhuk Yerusalem, para imam, para nabi lan sakehe rakyat lumrah, wiwit kang cilik nganti kang gedhe. Panjenengane tumuli maosake sakehing pangandika ing kitab prajanjian kang ketemu ana ing padalemaning Sang Yehuwah mau.

3Sawuse mangkono Sang Nata tumuli jumeneng ing sacedhake saka sarta nganakake prajanjian ana ing ngarsaning Sang Yehuwah, bakal mbangun miturut marang Pangeran Yehuwah lan netepi dhawuhe, pranatan-pranatane lan katetepan-katetepane kalawan gumolonging ati lan gumolonging nyawa sarta bakal netepi pangandikaning prajanjian kang katulis ana ing kitab mau. Anadene rakyat kabeh padha nyengkuyung prajanjian iku.

4Sang Nata nuli dhawuh marang Imam Agung Hilkia, para imam pangkat loro lan para kang padha jaga lawang, supaya padha nyingkirake saka ing padalemaning Sang Yehuwah sakehing piranti kang digawe kanggo Baal lan Asyera lan kanggo sakehing wadya-bala ing langit, iku kabeh tumuli padha diobong ana ing sajabaning kutha Yerusalem ana ing ara-ara ing sapinggire kali Kidron, dene awune digawa menyang ing Betel.

5Para imaming dewa ngamanca kang diangkat dening para ratu ing Yehuda, kang gaweane ngobong kurban ana ing tengger-tengger pangurbanan ana ing kutha-kutha ing wewengkon Yehuda lan ing sakubenge Yerusalem, iku padha dilereni, samono uga kang padha ngobong kurban kanggo Baal, kanggo dewaning srengenge, kanggo dewaning rembulan, kanggo dhapukan-dhapukan lintang lan kanggo sakehing wadya-bala ing langit.

6Tugu-tugu brahala padha diwetokake saka ing padalemaning Sang Yehuwah, saka ing kutha Yerusalem, digawa menyang ing kali Kidron padha diobong ana ing kono lan diejur-ejur nganti lembut dadi awu sarta banjur kabuwang ana ing pakuburaning rakyat lumrah.

7Omah-omah palacuran kanggo ngibadah kang ana ing padalemaning Sang Yehuwah padha dirubuhake, yaiku omah-omah kang uga dadi panggonane para wong wadon padha nenun sarung kanggo Asyera.

8Sang Prabu nimbali sakehing imam saka ing kutha-kutha ing wilayah Yehuda, padha kadhawuhan najisake tengger-tengger pangurbanan, panggonane para imam padha ngobong kurban, wiwit ing Geba nganti tekan ing Bersyeba. Tengger-tengger pangurbanan kang ana ing gapura ing sacedhake panggonan lumebune ing gapurane Yusak, panggedhening kutha kono, kang ana ing sisih kiwa manawa wong lumebu ing gapuraning kutha iku, iku uga padha karubuhake.

9Nanging para imam ing tengger-tengger pangurbanan iku ora diparengake munggah marang ing misbyahe Pangeran Yehuwah ing Yerusalem, wong-wong iku mung dililani mangan roti tanpa ragi ana ing satengahe sadulur-sadulure.

10Sang Nata uga najisake Tofet kang ana ing lebak Ben-Hinom, supaya aja nganti ana maneh wong kang misungsungake anak-anake kadadekake kurban ing geni kanggo dewa Molokh.

11Sang Prabu iya dhawuh nyingkirake jaran-jaran kang kadekek dening para ratu ing Yehuda kanggo dewaning srengenge ana ing lawang kang anjog ing padalemaning Sang Yehuwah, cedhak ing kamare Natan-Melekh, punggawa kraton, kang manggon ing gedhong ing sandhinging padaleman. Kreta-kreta kanggo dewaning srengenge uga kaobong ing geni.

12Misbyah-misbyah ing payoning panggung, papan manawa Sang Prabu Akhas ngisis, yasane para ratu ing Yehuda lan misbyah-misbyah yasane Sang Prabu Manasye kang ana ing plataraning padalemane Pangeran Yehuwah karo pisan, iku padha dibubrahi dening Sang Prabu, kaejur-ejur dadi awu ana ing kono, awune nuli kabuwang ing kali Kidron.

13Tengger-tengger pangurbanan kang ana ing sawetane Yerusalem, ing sakidule tengger Karusakan, kang kaedegake dening Sang Prabu Suleman, ratu ing Israel, kanggo Asytoret, dewaning kanisthan, sesembahane wong Sidon, kanggo Kamos, dewaning kanisthan, sesembahane wong Moab, lan kanggo Milkom, dewaning kanisthan, sesembahane wong Amon, iku iya kanajisake dening Sang Prabu.

14Tugu-tugu brahala padha diremuki lan saka-saka brahala padha dirubuhake sarta papan-papan ing kono nuli kaurugan ing balung manungsa.

15Misbyah kang ana ing Betel, tengger pangurbanan kang didamel Sang Prabu Yerobeam, bin Nebat, kang njalari wong Israel padha nglakoni dosa, misbyah lan tengger pangurbanan iku uga karubuhake, watu-watune dipecahi, kaejur-ejur dadi awu, lan sakaning brahala kaobong.

16Lan bareng Sang Prabu Yosia mengo lan mirsa kuburan-kuburan kang ana ing kono, banjur dhawuh njupuki balung-balung ing kuburan-kuburan iku lan kadhawuhan ngobong ana ing misbyah sarta nuli dinajisake, netepi pangandikaning Pangeran Yehuwah kang wus kaparingake abdining Allah, kang banjur ngluntakake pangandika mau.

17Sang Nata ndangu: “Tetenger kramatan kang ana ing kana kae apa?” Wong-wong ing kutha kono padha munjuk: “Punika pasareanipun abdining Allah ingkang rawuh saking Yehuda lan ingkang sampun mangandikakaken sakathahing prakawis ingkang sampun paduka tindakaken tumrap misbyah ing Betel punika!”

18Pangandikane Sang Nata: “Iku aja sira kapak-kapakake, aja nganti ana wong kang nggepok-senggol marang balung-balunge!” Dadine wong-wong ora padha ngarubiru marang balung-balunge lan uga balung-balunge nabi kang pinangkane saka ing Samaria kono.

19Sang Prabu Yosia uga nyingkirake sakehing omah ing tengger-tengger pangurbanan ing kutha-kutha ing wilayah Samaria, kang kadamel dening para ratu ing Israel lan kang damel gerahing panggalihe Pangeran Yehuwah. Anadene anggone tumindak ana ing kono iku plek kaya ana ing Betel.

20Sang Nata dhawuh nyembelehi sakehing imame tengger-tengger pangurbanan kang ana ing kono ana ing misbyah-misbyahe lan dhawuh ngobong balung-balung wong ana ing kono. Sawuse iku Sang Prabu tumuli kondur menyang ing Yerusalem

21Sang Nata banjur paring dhawuh marang wong sabangsa kabeh mangkene: “Sira padha ngriyayakna Paskah kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahira, kaya kang katulisan ana ing kitab prajanjian iki!”

22Amarga wiwit jamane para hakim kang ngasta paprentahan ing Israel lan jamane para ratu ing Israel sarta para ratu ing Yehuda Paskah ora tau diriyayakake kaya mangkono.

23Nanging lagi ing taun kang kaping wolulase jamane Sang Prabu Yosia Paskah iki diriyayakake kagem Pangeran Yehuwah ana ing Yerusalem.

24Para prewangan lan para juru petungan, uga terafim, brahala-brahala lan sakehe dewaning kanisthan kang tinemu ana ing tanah Yudea lan ing Yerusalem, padha kasirnakake dening Sang Prabu Yosia, supaya bisa netepi pangandikaning Toret kang katulis ana ing kitab kang wus katemokake dening Imam Agung Hilkia ana ing padalemaning Sang Yehuwah.

25Sadurunge panjenengane ora ana ratu kang kaya panjenengane, kang anggone mratobat marang Pangeran Yehuwah kanthi gumolonging panggalihe, kanthi gumolonging nyawane lan kanthi sakakuwatane kabeh, miturut sakehe Torete Nabi Musa, sarta sawuse panjenengane ora ana ratu maneh kang kaya panjenengane.

26Ewadene Pangeran Yehuwah ora sumingkir saka ing bebendune kang mulad-mulad marang Yehuda, marga saka gerahing panggalihe, kang tuwuh awit saka pokal-damele Sang Prabu Manasye.

27Pangeran Yehuwah tumuli ngandika: “Uga wong Yehuda bakal Sunsingkirake saka ing ngarsaningSun kayadene anggoningSun wus nyingkirake wong Israel, sarta Ingsun bakal mbucal kutha kang wus Sunpilih iki, yaiku Yerusalem, apadene padaleman iki, sanadyan Ingsun wus ngandika tumrap iku mangkene: AsmaningSun bakal dumunung ana ing kono!”

28Anadene kekarene riwayate Sang Prabu Yosia lan sakehe pandamele, iku rak wus katulisan kabeh ana ing buku sejarahe para ratu ing Yehuda.

29Ing jamane Sang Prabu Yosia iku Sang Prabu Pringon Nekho, ratu ing Mesir, majeng perang nglawan ratu ing Asyur ana ing sapinggiring kali Efrat; Sang Prabu Yosia mapagake panjenengane, nanging bareng kapirsan dening Sang Prabu Pringon, banjur kasedanan dening Sang Prabu Pringon ana ing Megido.

30Layone tumuli katitihake ing kreta dening para punggawane, kagawa saka ing Megido menyang ing Yerusalem, banjur kasarekake ana ing pasareane piyambak. Rakyat ing nagara kono tumuli methuk Pangeran Yoahas, kang putra, kang banjur dijebadi lan kajumenengake ratu, nggentosi kang rama.

Sang Prabu Yoahas ratu ing Yehuda

31Pangeran Yoahas nalika jumeneng ratu iku yuswane telulikur taun, dene anggone ngasta paprentahan ana ing Yerusalem suwene telung sasi. Kang ibu asmane Hamutal, putri putrane Sang Yeremia, saka ing Libna.

32Sang Nata nindakake apa kang ala ana ing paningaling Sang Yehuwah plek kayadene para leluhure.

33Panjenengane kakunjara dening Sang Prabu Pringon Nekho ana ing Ribla, ing tanah Hamat, supaya ora ngasta paprentahan ing Yerusalem, karo maneh nagara iku kawajibake dening Sang Prabu Pringon mbayar dhendha kehe satus talenta selaka lan sepuluh talenta emas.

34Sang Prabu Pringon Nekho banjur njumenengake ratu Pangeran Elyakim, putrane Sang Prabu Yosia, kang rama, sarta nyantuni asmane dadi Yoyakim. Nanging Sang Prabu Yoahas kabekta menyang ing Mesir lan bareng wus rawuh ana ing kana, Sang Prabu banjur seda.

35Sang Prabu Yoyakim nyaosi emas lan selaka mau marang Sang Prabu Pringon, nanging supaya bisa nyaosi dhuwit samono iku, Sang Prabu narik pajeg saka ing nagara, iku miturut dhawuhe Sang Prabu Pringon. Kang dipundhuti emas lan selaka iku rakyat ing nagara, saben wong manut kehing pajeg kang ditetepake kang bakal kacaosake marang Sang Prabu Pringon Nekho.

Sang Prabu Yoyakim, ratu ing Yehuda

36Pangeran Yoyakim yuswa selawe taun nalika jumeneng ratu, dene anggone ngasta paprentahan ing Yerusalem lawase sawelas taun. Kang ibu asma Zebuda, putri putrane Sang Pedaya, saka ing Ruma.

37Sang Nata nglampahi apa kang ala ana ing paningaling Sang Yehuwah, padha kaya kang katindakake dening para leluhure.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  2 Raja-raja 23 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel