Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Samuel 12 >> 

Nabi Natan ngengetake marang Sang Prabu Dawud temah Sang Prabu kaduwung

1Sang Yehuwah Banjur utusan Nabi Natan sowan marang ngarsane Prabu Dawud. Tekan ing ngarsane Sang Prabu nuli munjuk, ature: “Ing satunggaling kitha wonten tiyang kalih: ingkang satunggal sugih, ingkang satunggal mlarat.

2Ingkang sugih wau gadhah menda saha lembu kathah sanget.

3Tiyang miskin punika boten gadhah punapa-punapa kejawi namung cempe estri alit satunggal, anggenipun tumbas lan dipun ingah. Cempe wau dados ageng sareng kaliyan anak-anakipun, nedha saking pulukanipun, ngombe saking tuwungipun lan tilemipun dipun keloni, prasasat anakipun estri kemawon.

4Nuju ing satunggaling dinten tiyang sugih wau ketamuan; sarehne badhe mendhet salah satunggalipun menda utawi lembunipun piyambak kaolah kadamel nyegah tamunipun owel, pramila lajeng mendhet cempe estri gadhahanipun pun miskin wau, dipun olah kangge nyegah tiyang lelana ingkang dhateng ing griyanipun punika.”

5Sang Prabu Dawud muntab dukane marga saka wong iku lan ngandika marang Nabi Natan: “Demi asmanipun Sang Yehuwah ingkang gesang, tiyang ingkang gadhah tindak kados makaten punika, kedah kaukum pejah.

6Saha cempe estri punika mesthi kalintonan tikel sekawan, amargi nindakaken prakawis punika sarta boten gadhah piwelas.”

7Nabi Natan banjur munjuk marang Prabu Dawud: “Inggih panjenengan dalem punika tiyangipun!” Makaten pangandikanipun Sang Yehuwah, Gusti Allahipun Israel: Ingsun kang njebadi sira dadi ratu, ngereh Israel lan Ingsun kang ngluwari sira saka ing tangane Saul.

8Ingsun wus maringake sakukubaning daleme gustinira marang sira, apadene para garwane ana ing pangkonira. Ingsun wus maringake tedhak-turune Israel lan Yehuda marang sira; lan saupama iku durung cukup mesthi sunwuwuhi maneh apa bae marang sira.

9Yagene sira kok nyawiyah marang Sang Yehuwah kanthi tindakira kang ala ana ing paningale Sang Yehuwah? Uria wong Het iku kok sira pateni klawan pedhang; bojone sira alap lan Uria sira purih patine srana pedhange bani Amon.

10Mulane pedhang ora bakal gumingsir saka tedhak turunira ing salawase, amarga sira wus ngremehake Ingsun lan ngalap bojone Uria wong Het iku sira dadekake bojonira.

11Makaten pangandikanipun Sang Yehuwah: Lah Ingsun bakal ndhawahake bilai marang sira kang timbul saka kulawarganira dhewe. Ingsun bakal mundhut para rabinira ana ing ngareping mripatira lan Sunparingake marang wong liyane, kang bakal nuroni iku ing wayah awan.

12Awit dene sira wus tumindak klawan dhedhemitan, nanging Ingsun bakal nindakake prakara iku ana ing ngarepe wong Israel kabeh klawan blak-blakan.”

13Prabu Dawud banjur ngandika marang Nabi Natan: “Kula sampun nglampahi dosa wonten ing ngarsanipun Sang Yehuwah.” Lan Nabi Natan matur marang Prabu Dawud: “Sang Yehuwah sampun ngruwat dosa dalem, panjenengan dalem boten badhe seda.

14Ewasemanten sarehne panjenengan dalem kanthi tumindak makaten punika, sampun damel sanget kuceming asmanipun Pangeran Yehuwah, putra ingkang miyos saking panjenengan dalem punika, mesthi badhe seda.”

15Nabi Natan banjur kondur lan Sang Yehuwah nggebag putra kang miyos saka tilase somahe Uria, kang patutan karo Sang Prabu Dawud, temah gerah.

16Sang Prabu Dawud nyenyuwun marang Gusti Allah kanggo kang putra iku, panjenengane nglampahi siyam kanthi tumemen lan bareng lumebet ing dalem sawengi natas tansah nggluntung ana ing jogan.

17Para tuwa-tuwane abdi dalem ngarih-arih supaya Sang Prabu jumeneng saka ing jogan, nanging ora karsa; uga ora karsa kembul dhahar karo wong-wong iku.

18Bareng ing pitung dinane kang putra nemahi seda. Lan para abdi dalem padha wedi ngaturi uninga marang Sang Prabu, yen kang putra wus seda. Amarga para abdi dalem padha rasanan: “Nalika kang putra isih sugeng, aku wus padha matur marang Sang Prabu, nanging aturku ora digalih. Kapriye anggonku arep padha matur, yen kang putra wis seda? Aja nganti Sang Prabu mbilaeni sarira.”

19Nalika Sang Prabu nguningani, yen para abdi padha bebisikan, Sang Prabu ngretos, manawa kang putra wus seda. Sang Prabu banjur ndangu marang abdi dalem: “Bocahe apa wus mati?” Atur wangsulane para abdi “Nuwun inggih, sampun seda.”

20Sang Prabu banjur jumeneng saka ing jogan, siram lan ngagem lenga jebad sarta santun pangageman; panjenengane lumebet ing padalemane Sang Yehuwah lan sujud manembah. Sawuse iku banjur kondur menyang kraton lan mundhut roti nuli iya disaosi sarta banjur dhahar.

21Para abdi dalem banjur padha munjuk: “Punapa wadosipun ingkang panjenengan dalem lampahi punika? Nalika putra dalem taksih sugeng, panjenengan dalem siyam saha tansah muwun, mangka sareng putra dalem seda panjenengan dalem kok lajeng jumeneng tuwin dhahar?”

22Pangandikane Sang Prabu: “Nalika bocah iku isih urip, aku puasa lan nangis, amarga pangunandikaku: Bokmanawa Sang Yehuwah karsa melasi marang aku, temah bocah iku lestari urip.

23Nanging sarehne saiki wis mati apa perlune aku isih puwasa? Apa bocah iku bisa bali maneh marang aku? Aku kang bakal nusul bocah iku, nanging bocah iku ora bakal bali marang aku.”

24Sang Prabu Dawud banjur ngimur-imur galihe Sang Putri Batsyeba, kang garwa; panjenengane banjur ngrawuhi Sang Putri sarta nunggil sare; lan Sang Putri banjur mbabar putra kakung, Sang Prabu Dawud maringi asma Suleman. Sang Yehuwah ngasihi marang putra iku

25lan lumantar Nabi Natan maringi asma Yedija, marga saka karsane Sang Yehuwah.

Paprangan nglawan bani Amon wis rampung

26Senapati Yoab andon perang nglawan Raba, kuthane bani Amon lan mbedhah kuthane krajan.

27Senapati Yoab utusan wong marang ngarsane Sang Prabu Dawud sarta diwekas: “Kawula sampun andon perang nglawan kitha Raba lan ugi sampun mbedhah kitha pinggir lepen.

28Pramila panjenengan dalem kawula aturi nglempakaken kekantuning wadyabala, kitha punika panjenengan dalem kepang lan panjenengan dalem bedhah, supados sampun ngantos kawula ingkang mbedhah kitha punika lan sampun ngantos nama kawula ingkang kocap wonten ing kitha punika.”

29Sawuse iku Prabu Dawud nglempakake sakehing wadyabala, banjur nglurug menyang ing kutha Raba, lan perang nglawan kutha iku, banjur kabedhah.

30Panjenengane mundhut makuthaning ratune bobote satalenta mas, tinatah mawa sesotya kang larang regane, nuli diagem ing mastakane. akeh barang jarahan kang diusungi saka ing kutha iku.

31Wong isine kutha padha diboyongi lan dipeksa nglakoni pagawean mawa graji, bur lan wadung wesi; uga dikon nyambutgawe ana ing panggonan nyithak bata. Sakehe wong ing kutha-kutha bani Amon uga ditrapi gawean mengkono dening Sang Prabu Dawud. Sawuse mangkono Prabu Dawud nuli kondur menyang Yerusalem kadherekake wadyabala kabeh.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  2 Samuel 12 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel