Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Samuel 4 >> 

Prabu Isyboset kasedanan

1Nalika kapiyarsa dening putrane Sang Prabu Saul, manawa Senapati Abner wis seda ana ing Hebron, larud kekendelane lan wong ing Israel padha kaget kabeh.

2Putrane Sang Prabu Saul kagungan tetindhihing grombolan loro, kang siji jenenge Baana lan sijine Rekhab, sakarone anake Rimon, wong Benyamin saka ing Beerot. Amarga Beerot iku uga kaetung klebu tlatah Benyamin.

3Wong Beerot wis padha ngungsi menyang ing Gitaim lan dadi wong neneka ana ing kana nganti saprene.

4Pangeran Yonatan, putrane Prabu Saul kagungan putra kakung, kang cacat sampeyane. Yuswane lagi limang taun, nalika ana pawarta bab Prabu Saul lan Pangeran Yonatan saka Yizreel. Nalika samana dibopong kagawa mlayu inyane, nanging anggone mlayu kesusu putra mau tiba lan banjur dadi pincang, Asmane Mefiboset.

5Anake Rimon, wong Beerot mau, yaiku Rekhab lan Baana padha lunga, nuli teka ing daleme Prabu Isyboset, nalika pinuju panas sumelet; Prabu Isyboset lagi sare ing wayah awan.

6Kapinujon wong kang jaga kori dalem iku ngantuk, lan keturon, nalika lagi nginteri gandum.

7Wong loro iku padha mlebu ing dalem, Prabu Isyboset pinuju sare ana ing kamar pasareyane, nuli disedani lan ditigas mastakane. Mastakane digawa ing bengi iku, ngliwati dalan kang saka ing Araba-Yarden.

8Mastakane Prabu Isyboset mau digawa sowan marang ing ngarsane Prabu Dawud ana ing Hebron sarta matur marang Sang Prabu: “Lah punika mastakanipun Prabu Isyboset, putranipun Sang Prabu Saul, mengsah panjenengan dalem ingkang sumedya nyedani panjenengan dalem; ing dinten punika Sang Yehuwah sampun nglilani panjenengan dalem, gusti kawula, nandukaken piwales dhateng Sang Prabu Saul lan tedhak turunipun.”

9Nanging Sang Prabu Dawud ngandika marang Rekhab lan Baana, anak-anake Rimon, wong ing Beerot, dhawuhe: “Demi asmane Sang Yehuwah kang agesang, kang wis ngluwari nyawaningsun saka sakehing karubedan!

10Nalika ana wong kang nggawa pawarta mangkene: Sang Prabu Saul sampun seda! lan nganggep dheweke kayadene wong kang nglantarake kabar becik, ingsun banjur nyepeng lan mateni wong iku ana ing Ziklag, lan kaya mangkono anggoningsun paring pituwas tumrap pawartane,

11mendahane maneh saiki sawuse wong paracidra mateni wong kang bener ana ing omahe ing paturone; apa ingsun ora mundhut pulih getihe saka sira, lan nyirnakake sira saka ing bumi?”

12Sawuse ngandika mengkono Sang Prabu Dawud dhawuh marang abdine, supaya mateni wong-wong iku; tangane sarta sikile dikethok, mayite digantung ana ing sapinggire telaga ing Hebron. Nanging mastakane Prabu Isyboset kapundhut lan disarekake ana ing makame Senapati Abner ing Hebron.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  2 Samuel 4 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel