Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Tawarikh 11 >> 

1Sarawuhe ing Yerusalem Sang Prabu Rehabeam nuli ngempalake turune Yehuda lan Benyamin, satus wolung puluh ewu, wong nonoman kang sembada ing perang, karsane arep merangi wong Israel, supaya karajan iku bali maneh marang panjenengane.

2Nanging banjur ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Semaya, abdining Allah mangkene:

3“Sira tutura marang Rehabeam, anake Suleman, ratu ing Yehuda, lan marang wong Israel kang ana ing Yehuda kabeh lan kang ana ing Benyamin, mangkene:

4Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah: Sira aja padha nglurug lan perang nglawan para sadulurira. Sira padha muliha menyang ing omahira dhewe-dhewe, sabab Ingsun kang karya lelakon iki.” Wong kabeh padha ngestokake dhawuhe Pangeran Yehuwah lan banjur padha mulih ora nglurugi perang Yerobeam.

Sang Prabu Rehabeam, bab anggone nyantosakake karajan; bab brayate Sang Prabu

5Sang Prabu Rehabeam akedhaton ana ing Yerusalem lan nyantosani kutha-kutha beteng ing Yehuda.

6Kang disantosani Betlehem, Etam, Tekoa,

7Bet-zur, Sokho, Adulam,

8Gat, Mares, Zif,

9Adoraim, Lakhis, Azeka,

10Zora, Ayalon lan Hebron, kang dumunung ana ing Yehuda lan ing Benyamin, padha kadadekake kuta-beteng.

11Kutha-kutha beteng iku padha disantosani lan didekeki panggedhene wadya-bala lan tandhon pangan, lenga lan anggur;

12saben kutha uga dicawisi tameng lan tumbak. Kutha-kutha mau padha disantosani banget. Kaya mangkono dadine Yehuda lan Benyamin iku dikwaosi dening panjenengane.

13Para imam lan para wong Lewi ing wewengkon Israel kabeh padha teka saka ing papan panggonane lan banjur ndherek marang panjenengane.

14Para wong Lewi anggone padha ninggal panggonane lan barang darbeke lan banjur padha menyang ing Yehuda lan Yerusalem iku, marga Sang Prabu Yerobeam sarta para putrane padha ora marengake wong-wong mau padha dadi imaming Yehuwah,

15lan tumuli ngangkat imam-imam piyambak kanggo tetengger-tetengger pangurbanan, kanggo para jim lan kanggo pepethan-pepethan pedhet kang wus kayasa.

16Saka panunggalane suku Israel kabeh iya ana wong kang padha menyang ing Yerusalem padha nusul marang para wong Lewi mau, yaiku wong kang wus nggemblengake atine sumedya ngupaya Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel; sarta tekane iku arep saos kurban marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhure.

17Kalawan mangkono dadine wong mau padha nyantosakake karajan Yehuda lan nguwatake paprentahane Sang Prabu Rehabeam, putrane Sang Prabu Suleman, ing sajroning telung taun, amarga ing sajroning telung taun iku wong-wong padha ngambah ing margine Sang Prabu Dawud lan Sang Prabu Suleman.

18Sang Prabu Rehabeam banjur mundhut garwa Sang Putri Mahalat, putri putrane Sang Yerimot putrane Sang Prabu Dawud, patutan karo Sang Putri Abihail, putri putrane Sang Elhiab, putrane Sang Isai,

19iku mbabar putra-putra kakung: Pangeran Yeusy, Semarya lan Zaham.

20Sawuse Sang Putri Mahalat, Sang Prabu nuli nggarwa Sang Putri Maakha, putri putrane Pangeran Absalom; iku peputra: Pangeran Abia, Atai, Ziza, lan Selomit.

21Sang Prabu Rehabeam anggone asih marang Sang Putri Maakha, putri putrane Pangeran Absalom, ngungkuli katresnane marang sakehe garwane padmi lan garwane paminggir -- garwane padmi Sang Prabu iku wolulas dene garwane paminggir sawidak; iku padha peputra, kang kakung wolulikur, kang putri sawidak.

22Pangeran Abia, putrane Sang Putri Maakha, kawisuda dening Sang Prabu Rehabeam dadi panggedhe, yaiku kang nglurahi para sadhereke, amarga karsane bakal kajumenengake ratu.

23Awit saka iku Sang Prabu nuli tumindak kanthi kawicaksanan, para putrane liyane kabeh padha kasebar ing sawewengkone Yehuda lan Benyamin kabeh, ing sakehe kutha-beteng. Iku padha kaparingan dhahar nganti mblabur sarta padha dipundhutake garwa akeh.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  2 Tawarikh 11 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel