Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Tawarikh 13 >> 

Sang Prabu Abia

1Ing taun kang kaping wolulase jamane Sang Prabu Yerobeam, Pangeran Abia jumeneng ratu ana ing Yehuda.

2Anggone ngasta paprentahan ana ing Yerusalem lawase telung taun. Kang ibu asmane Mikhaya, putri putrane Sang Uriel saka ing Gibea. Sang Prabu Abia lan Sang Prabu Yerobeam iku padha peperangan.

3Sang Prabu Abia miwiti perang kadherekake wadya-bala kang prawira ing jurit, kang gunggunge patang atus ewu wong pilihan, dene Sang Prabu Yerobeam anggone nata pabarisane kanggo nglawan panjenengane, kalawan prajurit pepilihan, para prawira kang gagah prakosa, cacahe wolung atus ewu.

4Sang Prabu Abia nuli jumeneng ana ing sadhuwure gunung Zemaraim, kang kegolong pagunungan Efraim, lan ngandika: “Padha ngrungokna ing pituturku, he Yerobeam lan sakehe wong Israel!

5Apa kowe ora padha sumurup, manawa karajan Israel iku wus kaparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel marang Prabu Dawud lan para tedhak turune kanggo ing salawas-salawase kalawan prajanjian kang mawa uyah?

6Nanging Yerobeam bin Nebat, abdine Prabu Suleman, putrane Prabu Dawud, iku banjur ngraman mbalela marang gustine.

7Para wong kang tanpa pikiran lan para durjana padha manunggal karo dheweke; wong-wong iku kakuwatane ngluwihi Sang Prabu Rehabeam putrane Sang Prabu Suleman, kang isih timur lan kang panggalihe durung santosa, sarta ora bisa nanggulangi wong-wong mau.

8Kowe kabeh mesthi padha ngira, manawa bisa nanggulangi karajaning Yehuwah, kang diasta dening para tedhaking Sang Prabu Dawud, amarga cacah-jiwamu akeh banget sarta kowe padha duwe pedhet emas gaweane Yerobeam kang kadadekake allahmu.

9Kowe rak wus padha nyingkirake para imame Pangeran Yehuwah, para tedhake Imam Harun, apadene para wong Lewi, banjur ngangkat imam-imam manut patrape bangsa-bangsa nagara-nagara liya, satemah saben wong kang teka, supaya diangkat, kalawan nggawa pedhet lanang siji lan wedhus lanang pitu, iku banjur didadekake imam kanggo kang dudu Gusti Allah.

10Nanging aku kabeh iki, Pangeran Yehuwah kang jumeneng dadi Gusti Allahku, lan iku ora padha daksingkur. Sarta para tedhake Imam Harun kang leladi marang Pangeran Yehuwah minangka imam, dene para wong Lewi padha nindakake kawajibane,

11yaiku saben esuk lan sore padha ngobong kurban obaran lan dupa wangi kagem Pangeran Yehuwah, sarta roti sesaosan ana ing meja kang suci, tuwin nata padamaran emas sadamar-damare, kang disumed ing saben sore, amarga aku kabeh kang tansah nindakake kawajibanku kang tumuju marang Sang Yehuwah, Gusti Allahku, nanging kowe kabeh iku kang padha ninggal Panjenengane.

12Lah aku padha katuntun dening Gusti Allah, dene para imame padha siyaga arep ngunekake tengara panempuhing perang nglawan kowe kabeh kanthi kalasangka. He wong Israel, kowe aja padha perang nglawan marang Sang Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurmu kabeh, awit kowe ora bakal padha oleh gawe!”

13Nanging Sang Prabu Yerobeam banjur ngintunake wadya-bala pendhem, kang kadhawuhan lumaku mubeng nganti tekan ing saburine wadya-bala Yehuda, dadine wadya-bala kang baku ana ing ngarepe Yehuda lan bala pendhem ana ing burine.

14Bareng Yehuda noleh, lah padha katempuh perang saka ing ngarep lan saka ing buri. Mulane banjur padha sesambat marang Pangeran Yehuwah, dene para imam padha ngunekake kalasangka,

15sarta para prajurit Yehuda padha surak. Nalika wong Yehuda padha surak, Gusti Allah ngawonake Prabu Yerobeam dalah wong Israel kabeh ana ing ngarsane Sang Prabu Abia lan ing ngarepe Yehuda.

16Wong Israel padha keplayu ana ing ngarepe Yehuda, lan dipasrahake dening Gusti Allah marang ing tangane Yehuda,

17dadine padha banget anggone kaasorake dening Sang Prabu Abia lan sabalane; wong Israel kang mati limang atus ewu, wong pepilihan,

18kaya mangkono anggone wong Israel padha katelukake nalika samana, dene wong Yehuda dadi saya santosa, amarga padha ngendelake Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhure.

19Sang Prabu Yerobeam kabujeng dening Sang Prabu Abia sarta kuthane karebut sawetara yaiku Betel lan sawewengkone, Yesana lan sawewengkone sarta Efron lan sawewengkone.

20Ing nalika jamane Sang Prabu Abia, Sang Prabu Yerobeam ora nate angsal kakiyatan maneh sarta banjur kagebag dening Pangeran Yehuwah dadi lan sedane.

21Nanging Sang Prabu Abia dadi saya gedhe pangwaose. Sang Prabu mundhut garwa patbelas lan kagungan putra kakung rolikur lan putra putri nembelas.

22Anadene kekarene riwayate Sang Prabu Abia, apa kang katindakake lan kapangandikakake, iku katulisan ana ing buku sejarahe Nabi Idho.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  2 Tawarikh 13 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel