Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Tawarikh 32 >> 

Yerusalem dikepang dening Sang Prabu Sanherib

1Sawuse lelakon kang mratelakake kasetyane Sang Prabu Hizkia iku, Sang Prabu Sanherib, ratu ing nagara Asyur, rawuh lan nempuh Yehuda. Kutha-kutha beteng padha kakepang, lan bakal karebat.

2Bareng Sang Prabu Hizkia nguningani manawa Sang Prabu Sanherib rawuh arep merangi Yerusalem,

3Sang Prabu nuli pirembagan karo para panggedhe lan para prawirane sarta arep nutup sakehe sumber kang ana ing sajabane kutha, kabeh padha nyandikani arep mbiyantu.

4Tumuli ana wong akeh, kang padha nglumpuk lan nutupi sakehing sumber lan kali kang mili saka ing satengahe nagara. Ujare mangkene: “Apa prelune para ratu ing Asyur satekane banjur padha oleh banyu akeh?”

5Kanthi ngetog kakiyatan Sang Prabu Hizkia mbangun maneh sakehing tembok kang wus bengkah, lan yasa panggung-panggung ana ing sadhuwure. Uga tembok liyane ing sajabane tembok mau. Sang Prabu nuli uga nyantosani Milo ing kuthane Sang Prabu Dawud sarta banjur yasa tumbak lan tameng akeh banget.

6Tumuli ngangkat tetindhih-tetindhihing perang kang manggedheni rakyat, padha kadhawuhan nglumpuk ana ing ngarsane ana ing alun-aluning gapurane kutha sarta padha dilejarake atine kalawan pangandikane kang mangkene:

7“Padha disantosa lan tatag ing ati! Aja padha wedi lan giris marang ratu ing Asyur sawadya-balane kang ngiringake, awit kang ngrewangi kita iku kehe ngungkuli kang ngrewangi dheweke.

8Kang ngrewangi dheweke iku tangan manungsa, nanging kang ngrencangi kita iku Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, kang mbiyantu kita lan kang nyarirani perang kita.” Marga saka pangandikane Sang Prabu Hizkia, ratu ing Yehuda kang mangkono iku rakyat nuli tetep maneh atine.

9Sawuse iku kang Sang Prabu Sanherib, ratu ing Asyur, kang lagi ngepang Lakhis kalawan wadya-balane kabeh, banjur ngutus punggawa menyang ing Yerusalem, marang Sang Prabu Hizkia, ratu ing Yehuda lan marang sakehe wong Yehuda kang ana ing Yerusalem:

10“Makaten pangandikanipun Sang Prabu Sanherib, ratu ing Asyur: Apa kang padha sira arep-arep, dene sira padha tetep ana ing Yerusalem kang kakepung iki?

11Hizkia iku rak ngapusi sira kabeh, supaya padha mati keluwen lan kasatan, dene kandhane: Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, bakal ngluwari kita saka ing tangane ratu ing Asyur?

12Rak Hizkia iku ta kang nyingkirake sakehe tengger pangurbanan lan misbyahe Pangeran Yehuwah iku lan kang tutur marang Yehuda lan Yerusalem: Sira mung kudu sujud lan nyembah ana ing ngarepe misbyah siji lan ngobong kurban ana ing kono?

13Apa sira ora padha sumurup, apa kang suntandukake marang sakehing bangsa ing nagara-nagara liya? Apa para allahe bangsa-bangsa ing nagara iku wus tau bisa nguwalake nagarane saka ing astaningsun?

14Panunggalane sakehe allahe bangsa-bangsa kang wus katumpes dening para leluhuringsun iku, sapa kang bisa ngluwari bangsane saka ing astaningsun? Apa iya Allahira bisa ngluwari sira kabeh saka ing astaningsun?

15Mulane saiki, aja nganti Hizkia ngapusi lan mbujuk sira kalawan patrap mangkene iki! Sira aja padha ngandel marang dheweke, amarga ora ana allahe bangsa utawa karajan ngendi bae kang bisa nguwalake bangsane saka ing astaningsun lan saka ing astane para leluhuringsun, apa maneh Allahira iku, mangsa bisaa ngluwari sira kabeh saka ing astaningsun!”

16Lan isih akeh maneh kang diucapake para punggawane Sang Prabu Sanherib mau, kang nglawan Pangeran Yehuwah Allah lan Sang Prabu Hizkia, abdine.

17Sang Prabu Sanherib uga damel serat kang kebak panacad lan pangala-ala marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel, kang surasane mangkene: “Kayadene para allahe bangsa-bangsa sakehe nagara liya ora bisa ngluwari bangsane saka ing astaningsun, mangkono uga Allahe Hizkia iya ora bakal bisa nguwalake bangsane saka ing astaningsun.”

18Sarta maneh para punggawa mau padha nguwuh-uwuh kalawan swara seru ing basa Yehuda marang rakyat Yerusalem kang ana ing sadhuwure tembok, kanggo memedeni lan gawe girise, supaya bisa ngrebut kutha iku.

19Anggone padha ngandhakake bab Gusti Allahe Yerusalem iku padha kaya tumrap para allahe bangsa-bangsa liya, gaweaning tangane manungsa.

Yerusalem luwar saka ing astane Sang Prabu Sanherib

20Marga saka iku Sang Prabu Hizkia lan Nabi Yesaya bin Amos banjur ndedonga lan sesambat marang ing swarga.

21Pangeran Yehuwah nuli ngutus malaekat kang nyirnakake sakehing prawira kang gagah prakosa, para pangarep lan panggedhening wadya-bala kang ana ing pakuwone Sang Nata ing Asyur, satemah banjur padha bali menyang nagarane kalawan nandhang kawirangan. Sang Prabu kasedanan kalawan pedhang dening para putrane piyambak nalika lumebu ing kabuyutane allahe.

22Kaya mangkono anggone Pangeran Yehuwah ngluwari Sang Prabu Hizkia lan para wong kang manggon ing Yerusalem saka ing astane Sang Prabu Sanherib, ratu ing Asyur, lan saka ing tangane sakehe mungsuhe. Sarta Panjenengane ngganjar katentreman marang wong kabeh ana ing ngendi-endi.

23Akeh wong kang padha nggawa pisungsung menyang ing Yerusalem kagem Pangeran Yehuwah lan barang-barang kang pengaji kagem Sang Prabu Hizkia, ratu ing Yehuda mau. Wiwit nalika samana panjenengane kaluhurake dening sakehe bangsa.

Sang Prabu Hizkia gerah lan kawaluyakake; Para utusan saka ing nagara Babil

24Kacarita ing dina-dina iku Sang Prabu Hizkia banjur gerah, nganti meh seda. Sang Prabu nuli ndedonga marang Pangeran Yehuwah, sarta Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang panjenengane lan maringi sawijining pratandha kang elok.

25Nanging Sang Prabu Hizkia ora ngatingalake panuwune tumrap kasaenan kang kaparingake marang panjenengane, marga Sang Nata dadi angkuh, satemah panjenengane lan Yehuda sarta Yerusalem banjur katempuh ing bebendu.

26Nanging Sang Prabu tumuli ngrumaosi ing angkuhe mau tuwin banjur ngesorake sarirane, iya panjenengane iya para wong kang manggon ing Yerusalem, satemah bebenduning Pangeran Yehuwah ora tumempuh ing jamane Sang Prabu Hizkia.

27Sang Prabu Hizkia kaparingan kasugihan lan kamulyan kang gedhe banget. Sang Prabu nuli yasa gedhong-gedhong kanggo nyimpen barang-barang emas, selaka lan sesotya kang larang-larang, anggi-anggi, tameng-tameng lan sawernane barang kang endah-endah,

28uga gedhong-gedhong kanggo nyimpen pametuning gandum, anggur lan lenga, sarta kandhang-kandhang kanggo kewan kang gedhe-gedhe lan kandhang-kandhang kanggo pepanthan-pepanthan wedhus.

29Sang Prabu yasa kutha-kutha sarta banjur kagungan wedhus lan sapi akeh, marga Gusti Allah paring raja-brana akeh banget marang panjenengane.

30Sang Prabu Hizkia uga wus dhawuh mbendhung ilen-ilen Gihon ing sisih dhuwur, lan kailekake mangulon, menyang ing kuthane Sang Prabu Dawud. Sakehe pambudidayane Sang Prabu Hizkia oleh gawe.

31Mangkono uga para utusane ratu-ratu ing Babil padha sowan ing ngarsane prelu munjuk pitakon bab pratandha kang elok kang wus kelakon ana ing nagara; ing nalika iku Gusti Allah nilar panjenengane kanggo nyobi, supaya tetelaa apa kang ana ing sajroning panggalihe.

32Anadene kekarene riwayate Sang Prabu Hizkia lan pandamel-pandamele kang nelakake kasetyane, lah iku kabeh katulisan ana ing Wahyune Nabi Yesaya bin Amos, ing layang bab para ratu ing Yehuda lan ing Israel.

33Sang Prabu Hizkia nuli kepareng aso nunggil karo para leluhure, lan kasarekake ing unggah-unggahan kang anjog ing pasareane para putrane Sang Prabu Dawud. Nalika sedane wong satanah Yehuda kabeh lan para kang manggon ing Yerusalem padha nyaosi pakurmatan marang panjenengane. Pangeran Manasye, kang putra, banjur jumeneng ratu nggentosi panjenengane.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  2 Tawarikh 32 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
© 2010-2019
Alkitab.SABDA.org

Android.SABDA.org
SABDA.mobi
Bantuan
Dual Panel

Laporan Masalah/Saran