Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Tesalonika 1 >> 

Salam

1Saka Paulus, Silwanus lan Timoteus, marang pasamuwane wong-wong ing Tesalonika ana ing Allah Rama kita lan ana ing Gusti Yesus Kristus.

2Sih-rahmat lan tentrem-rahayu saka ing Allah, Rama kita, lan saka Gusti Yesus Kristus anaa ing kowe kabeh.

Pamuji sokur lan pandonga

3Aku padha kawajiban tansah saos sokur marang Allah marga saka kowe kabeh, para sadulur. Lan pancen kudune mangkono, awit pracayamu saya mundhak-mundhak lan anggonmu padha tresna-tinresnan saya banget

4satemah ana ing pasamuwan-pasamuwaning Allah aku kabeh padha mongkog ing bab anggonmu padha mantep sarta kumandel ana ing sajroning sakehe panganiaya lan panindhes, kang padha koksangga:

5iku sawijining tandha-bukti bab adiling pangadilaning Allah, kang mratelakake yen kowe kabeh iku pantes dadi wargane Kratone Gusti Allah, kowe kang saiki padha nandhang sangsara marga saka Kraton iku.

6Jalaran pancen wus sabenere mungguh ing Gusti Allah malesake panganiaya marang wong-wong kang padha nganiaya kowe

7sarta amrih leganing atimu kan padha ditindhes, lan uga tumrap marang aku kabeh, samangsa Gusti Yesus saka ing swarga ngatingal ginarebeg ing para malaekate, ngagem panguwasane, ing sajroning geni kang murub makantar-kantar,

8lan ndhawahake piwales marang wong-wong kang padha ora gelem wanuh marang Gusti Allah sarta ora mbangun-miturut marang Injile Gusti Yesus, Gusti kita.

9Wong-wong iku bakal nglakoni paukuman, nandhang karusakan salawase, diedohake saka ing pangayunaning Pangeran lan saka ing kamulyaning panguwaose

10besuk samangsa Panjenengane rawuh ing dina iku, supaya kaluhurake ana ing antarane para suci kagungane, sarta supaya kabeh wong kang pracaya padha kagawokan, awit paseksen kang wus padha daklairake marang kowe kabeh, iku wus koktampani kalawan pracaya.

11Awit saka iku aku kabeh tansah padha ndedonga, uga kanggo kowe kabeh, supaya Allah kita karsa nganggep marang kowe sembada tumrap ing timbalane lan kalawan panguwaose karsaa nyampurnakake sedyamu arep nindakake kabecikan sarta karsaa nyampurnakake sakehe panggawening pracayamu,

12satemah asmane Gusti Yesus, Gusti kita, kaluhurake ana ing kowe kabeh lan kowe kabeh ana ing Panjenengane, miturut sih-rahmating Allah kita lan Gusti Yesus Kristus.


  Share Facebook  |  Share Twitter

Download Audio MP3 (2 Tesalonika 1):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  2 Tesalonika 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel