Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Tesalonika 2 >> 

Tumindaking duraka sadurunge Gusti rawuh

1Bab rawuhe Gusti kita Yesus Kristus lan anggon kita bakal katunggalake kalawan Panjenengane, panjalukku kabeh marang kowe para sadulur,

2supaya kowe aja padha enggal-enggal bingung lan kuwatir, marga saka wangsiting roh utawa marga saka pakabaran lan apa marga saka layang kang diakokake saka aku kabeh, kaya-kaya wus tumeka ing dinane Gusti.

3Kowe aja nganti padha disasarake dening wong kalawan patrap kapriye bae! Awitdene sadurunge tekane Dina iku mesthi ana pamurtad dhisik lan kababar dhisik si manungsa duraka, kang kudu sirna,

4yaiku si panglawan kang ngunggul-unggulake awake dhewe ngluwihi sakabehe kang kasebut Allah utawa sesembahan, malah banjur lungguh ing Padaleman Suci sarta ngaku Allah.

5Apa kowe ora padha eling yen bab iku wus kerep dakkandhakake marang kowe, nalika aku isih ana ing tengahmu?

6Dene saiki kowe padha sumurup kang ngampah dheweke iku apa, satemah lagi bakal jumedhul ing wektu kang wus katamtokake tumrap dheweke.

7Amarga kanthi patrap dhedhemitan duraka iku wis wiwit tumindak ing gawe, nanging saiki isih ana kang mekak. Manawa kang mekak iku wus kasingkirake,

8ing wektu iku si pangawak duraka lagi bakal muncul, nanging nuli bakal katumpes dening Gusti Yesus kalawan ababing tutuke lan bakal kasirnakake, samangsa Panjenengane rawuh maneh.

9Tekane si pangawak duraka iku marga saka panggawening Iblis, tuwin bakal kinanthenan kasekten warna-warna sarta pratandha-pratandha apadene mukjijat-mukjijat palsu;

10kalawan reka-daya ala rupa-rupa tumrap wong-wong, kang mesthi bakal sirna, jalaran ora padha nampani kayekten kang bakal bisa ngolehake karahyone.

11Yaiku sababe Gusti Allah anggone banjur ndhatengake panasaran, kang njalari wong-wong mau padha pracaya marang kang goroh,

12supaya kabeh wong kang ora pracaya marang kayekten lan seneng marang panggawe ala padha diukum.

Dipilih supaya slamet

13Nanging aku kudu padha saos sokur marang Gusti Allah marga saka kowe kabeh, para sadulur, kang kinasihan ing Pangeran, amarga Gusti Allah wiwit sakawit wis milih kowe kabeh supaya slamet ana ing sajroning Roh, kang nucekake kowe lan ana ing sajroning kayekten kang wis padha kokandhemi.

14Mangkono iku karsane anggone panjenengane nimbali kowe kabeh lumantar Injil, kang padha dakwartakake, satemah kowe padha oleh kamulyane Gusti Yesus Kristus, Gusti kita.

15Mulane dipadha bakuh lan padha ngantepana piwulang-piwulang kang wus padha dakwenehake marang kowe kabeh, kanthi patrap lisan utawa katulis.

16Anadene Panjenengane, Gusti kita Yesus Kristus, lan Gusti Allah, Rama kita, kang sajroning sih-rahmate wus ngasihi kita sarta kang wus ngganjar panglpur kang langgeng tuwin pangarep-arep becik marang kita,

17muga karsaa paring panglipur lan nyantosakna atimu ing sajroning panggawe sarta pitembungan kang becik.


  Share Facebook  |  Share Twitter

Download Audio MP3 (2 Tesalonika 2):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  2 Tesalonika 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel