Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Amsal 11 >> 

1Traju kang cidra iku kasengitan dening Sang Yehuwah, nanging watu timbangan kang trep ndadekake keparenge.

2Samangsa piangkuh teka, pamoyok uga nututi, nanging kawicaksanan dumunung ana ing wong kang lembah manah.

3Wong kang jujur iku katuntun dening katemenane, nanging wong cidra iku dirusak dening culikane.

4Samangsa bebendu teka, kasugihan ora migunani, nanging kabeneran ngluwari saka ing pati.

5Dalane wong mursid dirata dening kabenerane, nanging wong duraka tiba marga saka durakane.

6Wong kang jujur kapitulungan dening kabenerane, nanging wong cidra iku kejiret dening hawa-nepsune.

7Pangarep-arepe wong duraka gagal nalika dina patine, nanging pangajape wong ala bakal tanpa guna.

8Wong bener kaentasake saka ing karubedan, wong duraka kang banjur nggenteni.

9Wong duraka ngrusak pepadhane srana cangkeme, nanging wong bener kapitulungan dening kawruhe.

10Kabegjane wong mursid, ndadekake kabungahane wong sakutha, lan samangsa wong duraka tumpes, wong padha rame surak-surak.

11Berkahe wong jujur ndadekake mekaring kutha, nanging cangkeme wong duraka njalari gempure.

12Sing sapa ngremehake pepadhane iku tanpa budi, nanging wong kang pinter iku meneng bae.

13Sing sapa nenacad, iku ngeler wewadi, nanging wong setya nutupi prakara.

14Yen tanpa pemimpin, bangsa ambruk, nanging manawa juru pirembug akeh banjur ana katentreman.

15Sing sapa nanggung wong liya kang durung diwanuhi, iku bakal sangsara banget, nanging wong kang sengit marang tanggung jawab, iku slamet.

16Wong wadon kang becik atine bakal kajen, dene wong kang nindhes iku oleh kasugihan.

17Wong kang ambek darma mbeciki awake dhewe, nanging kang ambek siya iku niksa awake dhewe.

18Wong duraka oleh bebathen kang muspra, nanging sing sapa nyebar kabeneran oleh ganjaran kang tetep.

19Sing sapa nggondheli kabeneran kang sejati iku ngener marang urip, nanging sapa kang mburu piala iku marani pati.

20Wong kang atine culika, iku nistha ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, nanging para wong kang tanpa cacad, ndadekake keparenge.

21Sanyata, wong ala mesthi tampa ukuman, nanging turune wong bener bakal kapitulungan.

22Kayadene anting-anting emas ana ing congoring babi, iya kaya mangkono iku wong wadon ayu kang ora susila.

23Pangarep-arepe wong bener nekakake kabegjan, nanging pangarep-arepe wong duraka nekakake bebendu.

24Ana kang ngawut-awut bandhane, nanging saya sugih, lan ana kang kumet banget, ewasamono tansah kekurangan.

25Sing sapa kerep andum berkah, bakal nampani kaluberan, sing sapa aweh ngombe, bakal diwenehi ngombe.

26Sing sapa ndhelikake gandum, mesthi diunek-unekake ing wong nanging wong kang nempurake gandum, sirahe bakal katekan berkah.

27Sing sapa ngupaya kabecikan, iku ngudi supaya disenengi ing wong, nanging kang ngarah marang piala, bakal ketaman ing piala.

28Sing sapa ngandelake marang kasugihane bakal ambruk, nanging wong bener bakal semi kaya godhong enom.

29Sing sapa ngisruhake brayate, bakal oleh angin, wong bodho bakal dadi bature wong wicaksana.

30Pituwase wong bener iku wit panguripan, sarta sapa kang wicaksana iku bisa narik atine wong.

31Manawa wong bener oleh piwales ana ing donya, mendahane maneh wong duraka lan wong dosa!


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Amsal 11 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel