Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Amsal 15 >> 

1Wangsulan kang sareh nglejarake nepsu, nanging tembung sengak nuwuhake kanepson.

2Ilate wong wicaksana nglairake kawasisan, nanging cangkeme wong gemblung ngluberake kabodhoan.

3Tingale Pangeran Yehuwah iku nyrambahi ing saenggon-enggon, nguningani wong ala lan wong becik.

4Ilat kang sareh iku wit panguripan, nanging ilat cidra gawe tatuning ati.

5Wong bodho nampik pamerdine bapakne, nanging kang gelem nampani pameleh iku wicaksana.

6Ing omahe wong bener ana raja-brana akeh, nanging pituwase wong duraka iku nekakake karusakan.

7Lambene wong wicaksana nyebar kawruh, nanging atine wong gemblung iku ora jujur.

8Kurban sesaosane wong duraka iku jember ana ing ngarsane Sang Yehuwah, nanging pandongane wong temen ndadekake keparenge.

9Dalane wong duraka iku jember ana ing ngarsane Sang Yehuwah, nanging wong kang ngupaya kabeneran iku dikasihi.

10Wong kang nyleweng saka dalan kang bener oleh pamerdi kang keras, dene sing sengit marang pameleh bakal mati.

11Jagading wong mati lan karusakan iku ora kaling-kalingan ana ing tingale Sang Yehuwah, mendahane maneh atine para anake manungsa.

12Wong ambek memoyok emoh diwelehake, iya ora gelem marani wong wicaksana.

13Ati seneng mbingarake polatan, nanging ati kang sedhih ngendhokake semangat.

14Atine wong piter ngupaya kawruh, nanging cangkeme wong gemblung ribut karo kabodhoane.

15Wong kang nandhang kasusahan iku dinane ala kabeh, nanging atine wong seneng iku prasasat pista ajegan.

16Luwih becik barang sathithik kang dikantheni wedi-asih marang Pangeran Yehuwah, tinimbang karo kasugihan akeh kang dikantheni sumelang.

17Luwih becik jangan sapiring kanthi katresnan, tinimbang karo sapi lemu kang klawan sesengitan.

18Wong brangasan marakake grejegan, nanging wong sabar ngendhakake para padu.

19Dalane wong kesed iku kayadene pager eri, nanging dalane wong jujur iku rata.

20Anak kang wicaksana ndadekake bungahe bapakne, nanging wong kang gemblung ngremehake biyunge.

21Kabodhoan iku dadi kasenengane wong kang tanpa budi, nanging wong pinter mlaku ana ing dalan kang bener.

22Rancangan bakal ora kelakon, manawa tanpa tetimbangan, nanging bakal kaleksanan manawa dikantheni juru pirembug akeh.

23Wong bakal bungah marga wangsulan kang kelair, lan iba becike tembung kang patitis ing wektu kang cocog.

24Dalaning uripe wong mawa budi iku ngener mandhuwur, supaya bisa ngedohi jagading wong mati kang ana ing ngisor.

25Omahe wong gumunggung bakal dijugrugake dening Pangeran Yehuwah, nanging watese palemahane randha iku ditetepake.

26Rancangane wong ala iku kanisthan tumrape Sang Yehuwah, nanging tetembungan kang manis iku kaanggep suci.

27Sapa kang murka marang kauntungan peteng iku ngisruhake brayate dhewe, nanging kang sengit marang besel iku bakal urip.

28Atine wong bener nimbang-nimbang wangsulane, nanging cangkeme wong duraka mbludag piala.

29Pangeran Yehuwah iku adoh saka wong duraka, nanging pandongane wong bener dipiyarsakake.

30Sumunaring mripat mbungahake ati, sarta pawarta kang becik nyegerake balung.

31Wong kang nilingake pameleh kang marakake urip, iku bakal manggon ana ing tengahe para wong wicaksana.

32Sing sapa nglirwakake pamerdi iku mbuwang awake dhewe, nanging kang ngrungokake pameleh iku oleh kawasisan.

33Wedi-asih marang Sang Yehuwah iku pamerdi kang nuntun marang kawicaksanan, lan andhap-asor iku bebukaning kajen.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Amsal 15 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel