Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Amsal 16 >> 

1Manungsa bisa nimbang-nimbang ing sajroning ati, nanging wangsulane ilat iku asale saka Sang Yehuwah.

2Wong padha ngarani resik marang dalane, manut wawasane dhewe, nanging Pangeran Yehuwah kang ndadar ati.

3Sakehing panggawemu pasrahna marang Pangeran Yehuwah, temah sakehe rancanganmu bakal kelakon.

4Pangeran Yehuwah anggone nitahake samubarang iku kanthi tujuane dhewe-dhewe, malah wong duraka iku kapesthekake kanggo dinane bilai.

5Sing sapa lumuhur-luhur iku nistha tumraping Pangeran Yehuwah, sanyata, wong iku ora bakal mlesed saka ing paukuman.

6Katresnan lan kasetyan iku njalari dosa kaapura, sarta wedi-asih marang Sang Yehuwah iku margane wong ngedohi piala.

7Manawa ana wong kang lakune ndadekake keparenge Sang Yehuwah, iku dalasan satrune iya dirukunake karo wong mau.

8Luwih becik pametu sathithik klawan kabeneran, tinimbang pametu akeh tanpa kaadilan.

9Atine manungsa ngrasak-rasakake dalane, nanging Pangeran Yehuwah kang ngenerake lakune.

10Putusan kang saka ing Gusti Allah, iku ana ing lathining ratu, manawa anggone ngadili lesane ora tumindak kliru.

11Timbangan lan traju kang patitis iku kagungane Pangeran Yehuwah, lan sakehe bandhul-timbangan ing kanthong iku damelane.

12Nistha ing ngatase raja yen nindakake duraka, dene kang nyantosakake dhampare iku kabeneran.

13Lambe kang nglairake kabeneran iku ndadekake keparenge Sang Prabu, sarta panjenengane ngasihi wong kang tembung-tembunge jujur.

14Dukaning ratu iku dutaning pati, mangka wong wicaksana ngendhakake bebendune.

15Pasuryaning ratu kang sumunar iku njalari urip, lan kabecikane kaya mendhunge udan ing mangsa semi.

16Oleh kawicaksanan iku pranyata banget ngluwihi oleh mas, lan oleh pangreten banget ngungkuli oleh salaka.

17Ngedohi piala iku dalane wong jujur, sing sapa rumeksa marang tindake iku ngreksa nyawane.

18Kumenthus iku pepucuking karusakan, lan gumunggung iku pucuking ambruk.

19Becik ngesorake dhiri nunggal karo para wong andhap-asor, tinimbang karo ngedum rayahan ana ing tengahe wong gumunggung.

20Sing sapa nggatekake pangandika bakal nemu becik, sarta rahayu wong kang kumandel marang Sang Yehuwah.

21Wong wicaksana iku diarani duwe pangreten, lan tembung manis iku luwih bisa ngyakinake.

22Kapinteran iku sumbering urip tumrap kang nduweni, wong bodho disiksa dening bodhone.

23Atine wong wicaksana minterake cangkeme, lan marakake lambene luwih bisa ngyakinake.

24Tetembungan kang sedhep iku kaya tala madu, rasane legi tumrap ing ati lan dadi tamba balung.

25Ana dalan kang dikira bener dening wong, mangka pungkasane anjog marang pati.

26Rasa luwe iku nyambut gawe kanggo si buruh, amarga cangkeme kang meksa wong iku.

27Wong kang tanpa guna ndhudhuk luwang piala, sarta ing lambene kaya-kaya ana geni kang nggosongake.

28Wong kang culika marakake grejegan, sarta wong kang mitenah iku misahake mitra kenthel.

29Wong kang ambek siya nasarake pepadhane, lan nuntun marang dalan kang ora bener.

30Sing sapa ngeremake mripate iku ngrancang kadursilan, kang ngingkemake lambene iku wus nglakoni piala.

31Rambut uwanen iku makutha kang endah, kang tinemu ana ing dalaning kabeneran.

32Wong kang sabar iku ngluwihi pahlawan, wong kang bisa ngereh awake, iku ngluwihi wong kang bisa ngrayud nagara.

33Undhi kabuwang ing pangkon, nanging sakehing putusane iku saka Sang Yehuwah.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Amsal 16 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel