Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Amsal 17 >> 

1Pilih roti garing sairis kanthi tentrem, tinimbang mangan daging saomah kanthi crah.

2Rewang kang mawa budi iku bisa ngereh marang anak kang mirangake, malah melu oleh warisan bebarengan karo para sadulure bocah iku.

3Kowi iku kanggo ngejer salaka lan prapen kanggo ngejer emas, nanging Pangeran Yehuwah kang ndadar ati.

4Wong kang nindakake piala nggatekake lambe duraka, lan wong cidra nilingake kupinge marang ilat kang gawe cilaka.

5Sing sapa nyampahi marang wong miskin iku ngala-ala marang Kang Nitahake, sarta kang bungah marga ana kacilakan iku mesthi bakal nampani paukuman.

6Makuthaning para wong tuwa iku anak-putune, lan kang minangka kaurmatane anak-anak iku para leluhure.

7Wong gemblung iku ora pantes nglairake tembung-tembung kang apik, mendahane maneh wong luhur ngucapake tembung cidra.

8Atur-atur iku tumrape kang ngaturi kaya sesotya adi, menyanga ngendi bae parane, tansah oleh kauntungan.

9Wong kang nasabi kaluputan iku ngupaya sih, nanging sing sapa ngudhal-udhal prakara iku misahake pamitran.

10Srengen sapisan tumrap wong kang mawa budi, rumasuke luwih jero tinimbang karo wong goblog digitik rambah ping satus.

11Wong duraka iku mung tansah golek piala, nanging kongkonan kang tanpa welas bakal nekani wong mau.

12Milaur kepranggul bruwang wadon kang kelangan anake, tinimbang karo kepethuk wong gemblung klawan bodhone.

13Sing sapa males piala marang kabecikan, piala ora bakal sumingkir saka ing omahe.

14Miwiti grejegan iku kaya mbedhah bendungan, mulane mundura sadurunge wiwit grejegan.

15Mbenerake wong duraka lan ngluputake wong bener, iku karo-pisan nistha tumrap Pangeran Yehuwah.

16Apa gunane wong gemblung nggegem dhuwit kanggo tuku kawicaksanan, sabab wong iku tanpa budi?

17Mitra iku ing samangsa-mangsa ajeg bae katresnane, lan dadi sadulur ing sajroning kasusahan.

18Wong kang tanpa budi yaiku wong kang nganakake pasarujukan, kang saguh nanggung pepadhane.

19Wong kang dhemen grejegan iya seneng marang panerak, lan sing sapa mbecikake lawange iku ngupaya karusakan.

20Wong kang atine cidra ora bakal nemu kabegjan, kang dursila ilate bakal tumiba ing bilai.

21Sing sapa duwe anak gemblung, iku prihatin, lan bapakne wong bodho sepi ing kabungahan.

22Ati kang bingar iku minangka obat kang manjur, nanging ilanging semangat iku ngroposake balung.

23Wong duraka nampani besel saka ing kanthong, kanggo ndhoyongake kaadilan.

24Wawasane wong kang duwe pangreten iku tumuju marang kawicaksanan, nanging mripate wong gemblung klambrangan tekan ing pungkasane bumi.

25Anak kang gemblung iku gawe laraning atine bapakne, lan prihatine biyunge.

26Ndhendha wong bener iku tindak kang luput, lan nggitiki wong luhur iku uga ora patut.

27Wong wasis iku bisa ngampet tembunge, sarta wong kang duwe kapinteran iku sareh ing budi.

28Uga wong bodho manawa anteng iya bakal dikira wicaksana, lan manawa ngingkemake lambene iya dikira duwe kapinteran.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Amsal 17 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel