Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Amsal 27 >> 

1Aja ngalembana awakmu dhewe marga saka dina sesuk, awit kowe ora sumurup apa kang bakal kelakon ing dina iku.

2Kareben wong liya kang ngalem marang kowe, aja cangkemmu dhewe, utawa kang dudu kawanuhanmu, aja lambemu dhewe.

3Watu pancen anteb, wedhi iya ana bobote, nanging kang luwih abot tinimbang iku, yaiku nandhang serik marga saka wong bodho.

4Panasing ati iku daksiya, lan nepsu iku ngamuk, nanging sapa kang kuwat nyangga butarepan?

5Becik pameleh kang terus terang, tinimbang katresnan kang sinidhem.

6Mitra iku anggone nggebug kanthi tujuan kang becik, nanging pangambunge wong sengit iku nganti kliwat wates.

7Wong kang wareg iku ngidak-idak madu, nanging tumrap wong keluwen, sabarang kang pait rasane legi.

8Wong kang nglembara ninggal omahe, iku kaya manuk kang mabur ninggal susuhe.

9Lenga lan ganda arum iku mbingarake ati, nanging kasusahan iku njuwing-njuwing nyawa.

10Aja ninggal mitramu sarta mitrane bapakmu, lan ing dina karibedanmu aja marani ing omahe sadulurmu, becik nekani tangga kang cedhak katimbang sadulur kang adoh.

11He anakku, dipinter, gawea bungahing atiku, supaya aku bisa mangsuli marang wong kang memada aku.

12Manawa wong kang prayitna nyumurupi bilai, banjur umpetan, nanging kang ora duwe pangalaman terus bae, temah tinempuh ing bilai.

13Sandhangane wong kang nanggung wong liya iku jupuken, sarta tahanen, kanggo cekelan tumrap wong liya mau.

14Sing sapa ing wayah esuk umun-umun aweh salam marang pepadhane klawan swara banter, iku kaanggep ipat-ipat.

15Rabi kang seneng grejegan iku padha karo: trocohing payon kang ora kendhat-kendhat ing mangsa udan.

16Sapa kang bisa nahan prasasat nahan angin, lan tangane tengen nggegem lenga.

17Wesi nglandhepake wesi, wong nglandhepake pepadhane.

18Sing sapa ngopeni wit anjir iku bakal mangan wohe, lan sing sapa rumeksa marang bendarane iku bakal diurmati.

19Kayadene banyu ngiloni rai, mangkono uga atine manungsa iya ngiloni manungsa iku.

20Jagading wong mati lan karusakan iku ora wareg-wareg, mangkono uga mripate manungsa iya ora marem-marem.

21Kowi iku kanggo nglebur salaka lan prapen kanggo ngejer mas, mangkono uga wong iku dikreta-aji manut pangalembana kang ditujokake marang dheweke.

22Wong bodho iku sanadyan koktutu klawan alu ana ing lesung, awor karo gandum, kabodhoane ora bakal sirna.

23Kaanane wedhus-wedhusmu iku dititenana kang temenan sarta kewan pepanthanmu iku gatekna.

24Amarga raja-brana iku ora langgeng. Apa makutha iku bisa lestari turun-tumurun?

25Manawa suket ilang lan trubusane metu, sarta suket ing gunung diklumpukake,

26cempene wedhus gembel banjur padha ngolehake sandhangan kowe, sarta wedhuse berok lanang kanggo tuku lemah,

27karomaneh puwane wedhus cukup kanggo panganmu lan kulawargamu, sarta kanggo panguripane rewang-rewangmu wadon.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Amsal 27 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel