Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Amsal 3 >> 

Berkahing kawicaksanan

1He anakku, aja lali marang piwulangku, sarta atimu ngopenana sakehing pepakonku,

2amarga umur dawa lan urip nganti tuwa, apadene katentreman bakal kawuwuhake marang kowe.

3Katresnan lan kasetyan muga aja nganti ninggal kowe, iku kalungna ing gulumu, catheten ana ing papaning atimu;

4temah kowe bakal oleh sih lan dadi kajen ana ing ngarsane Gusti Allah lan ana ing ngarepe manungsa.

5Kumandela marang Pangeran Yehuwah klawan gumolonging atimu, lan aja sumendhe marang pangretenmu dhewe.

6Ing salaku-lakumu ngakonana Panjenengane, temah Panjenengane bakal nglencengake dalanmu.

7Aja rumangsa pinter dhewe, wedi lan asiha marang Sang Yehuwah lan ngedohana piala,

8iku kang bakal marasake awakmu, sarta nyegerake balung-balungmu.

9Pangeran Yehuwah luhurna kalawan bandhamu lan srana kawitaning sakehe pametumu;

10temah lumbungmu bakal dikebaki nganti luber, lan pamipitanmu luber anggure.

11He anakku, aja nampik marang pamerdine Sang Yehuwah, lan aja bosen marang pepengete,

12awitdene Pangeran Yehuwah iku matrapi sapa wong kang disihi, iya kaya bapa anggone matrapi marang anak kang ditresnani.

13Rahayu wong kang tampa kawicaksanan, wong kang oleh kapinteran,

14awitdene oleh-olehane kawicaksanan iku ngluwihi oleh-olehane salaka, lan pikolehe ngungkuli emas.

15Ajine ngluwihi raja-peni, apa bae kang kokkarepake ora bisa madhani.

16Tangane tengen nggegem umur dawa, kang kiwa nyekel kasugihan lan kaurmatan.

17Dalane iku kebak kabegjan, lan sakehe lurunge anane mung tentrem.

18Iku dadi wit panguripan tumrap wong kang padha nyekel sarta kang padha gondhelan iku kaaranan begja.

19Klawan kawicaksanan Sang Yehuwah anggone nalesi bumi, sarta anggone netepake langit kalawan pangreten,

20marga saka kawasisane Gusti Allah, banyuning sagara dipencarake, lan mendhung netesake ebun.

21He anakku, panglimbang lan kawicaksanan aja nganti sumingkir saka ing ngarepmu, iku simpenen,

22iku bakal dadi uripe nyawamu, lan minangka rerenggane gulumu.

23Lakumu ana ing dalanmu bakal slamet, lan sikilmu ora bakal kesandhung.

24Samangsa kowe turon, bakal ora kaget, nanging bisa leyeh-leyeh lan turu kepenak.

25Aja wedi marang pagiris kang tekane dadakan, utawa marang karusakane wong duraka, samangsa nekani.

26Awitdene Sang Yehuwah kang bakal dadi andel-andelmu, lan kang bakal rumeksa marang sikilmu supaya aja nganti kejiret.

Pamrayoga supaya nindakake kabecikan

27Aja nggondheli kabecikan marang wong kang wenang nampani, mangka kowe bisa tumindak mangkono.

28Kowe aja nyelathoni pepadhamu: “Lungaa, lan balia, sesuk bakal dakwenehi,” mangka nyatane kowe duwe apa kang dijaluk.

29Aja ngrancang gawe piala marang pepadhamu, awit anggone tetunggalan karo kowe tanpa sanggarunggi.

30Aja padu karo wong tanpa sabab; manawa ora nandukake piala marang kowe.

31Aja meri marang wong kang ambek siya, lan aja milih dalane, sanajan mung siji bae kang kokpilih;

32awitdene wong kang laku nasar iku nistha tumrap Sang Yehuwah, nanging karo wong kang temen pasrawungane raket.

33Omahe wong duraka iku kanggonan laknate Sang Yehuwah, nanging panggonane wong mursid diberkahi.

34Para wong ambek memoyok iku dipoyoki dening Panjenengane, nanging para wong kang andhap asor iku dikasihi.

35Wong wicaksana bakal oleh warisan kaurmatan, nanging wong punggung bakal tampa pamoyok.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Amsal 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel