Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Amsal 6 >> 

Pitutur warna-warna

1He anakku, manawa kowe nanggung pepadhamu, lan gawe prajanjian karo wing liya;

2manawa kowe kejiret ing tembungmu dhewe, kena kala ing tembunge cangkemmu dhewe,

3nuli, he anakku, tumindaka mangkene, lan ngluwarana awakmu, marga kowe wus tumiba ing regemane pepadhamu, lungaa, jengkenga, lan njaluka kawelasan kalawan banget marang pepadhamu iku,

4aja ngolehake mripatmu ngliyep, lan tlapukanmu aja oleh ngantuk,

5awakmu luwarana kaya menjangan saka ing tangane wong mbebedhag, kaya manuk saka ing tangane kang mikat.

6He wong kesed, maranana semut, lakune titenana lan dadia pinter.

7Sanadyan semut iku ora ana kang mimpin, ora ana kang ngatur lan ora ana kang manggedheni,

8iya padha keklumpuk rejeki ing mangsa panas, lan tandho pangan ing mangsa panen.

9He wong kesed, nganti pira lawase anggonmu klemahan, besuk apa anggonmu tangi turu?

10“Turu sadhela engkas, ngantuk sadhela engkas, nekuk tangan arep nglegeyeh sadhela engkas.”

11Kowe nuli bakal katekan kamiskinan kaya wong kang nempuh, lan kacingkrangan kayadene wong kang sikep gegaman.

12Tanpa guna lan nistha wong kang urip kalawan cangkem kang cidra,

13kang mripate kedhep-kedhep, kang muter-muter sikile lan nyasmitani srana drijine,

14kang atine ngangen-angen kaculikan, kang tansah ngrantam-rantam piala, lan kang njalari tukar padu;

15mulane banjur dadakan katempuh ing bilai, sadhela bae rusak lan ora bisa dipulihake maneh.

16Nem prakara iki kang disengiti dening Pangeran Yehuwah, malah pitung prakara kang dadi jejember tumrap galihe;

17iya iku mripat gumunggung, ilat cidra, tangan kang ngwutahake getihe wong kang ora salah;

18ati kang ngrantam-rantam piala, sikil kang enggal-enggal marani piala,

19seksi palsu, kang ngucapake ujar pagorohan, sarta kang njalari ecrahe sadulur.

Pitutur bab laku bandrek

20He anakku, pepakone bapakmu estokna, lan aja ninggal piwulange ibumu.

21Iku kabeh tansah kumanthila ana ing atimu, lan kalungna ing gulumu.

22Samangsa kowe lumaku, kowe bakal dipimpin, lan samangsa kowe turu, ditunggu, yen kowe tangi, bakal diajak guneman.

23Dene pepakon iku minangka damar, lan piwulang iku minangka pepadhang, sarta pameleh kang isi pamerdi iku dalaning urip,

24bakal ngayomi kowe saka wong wadon tuna-susila, lan ilate wong wadon liya kang lunyu.

25Aja kayungyun marang ayune ing sajroning atimu, aja nganti ketarik dening idepe.

26Marga kanggone wong wadon tuna-susila, kang diprelokake iku anggone bisa oleh rejeki, nanging bojoning liyan mburu nyawa kang adi.

27Apa bisa wong nggembol geni ana ing klambine lan ora kobong sandhangane?

28Utawa apa iya wong mlaku ing sandhuwure mawa, kok ora gosong sikile?

29Mangkono uga wong kang nyedhaki somahe pepadhane; ora ana wong siji-sijia kang nggepok wong wadon iku, kok luput ing paukuman.

30Maling apa ora bakal diremehake, yen anggone maling iku mung marga arep nuruti pepenginane, marga saka keluwen?

31Sarta manawa kecekel, kudu nglironi tikel pitu, apa saisining omahe ditombokake.

32Sing sapa laku jina iku tanpa budi, kang nindakake mangkono iku ngrusak awake dhewe.

33Siksa lan wirang dadi pituwase, kawirangane ora bisa ilang.

34Marga butarepan iku panasing atine wong lanang, samangsa males tanpa duwe rasa welas.

35Wong iku ora gelem nampani tebusan apa bae, sanadyan pira bae pawewehmu, tetep ora bakal ditampani.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Amsal 6 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel