Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Amsal 7 >> 

1He anakku, estokna pituturku, sarta pepakonku simpenen ing atimu.

2Pepakonku gugunen, temah kowe bakal urip, lan wulangku emi-eminen kaya maniking mripatmu.

3Talenana kabeh iku ing drijimu, sarta tulisana ana ing papaning atimu.

4Kawicaksanan iku celathonana: “Kowe iku sadulurku,” lan pangreten iku anggepen sanakmu,

5supaya kowe diayomana saka wong wadon tuna-susila, sarta wong wadon liya, kang alus pambujuke.

6Awit nalika aku pinuju ngungak saka ing cendhelaning omahku, nginjen saka ing rujining omahku,

7aku weruh ing antarane wong kang ora duwe pangalaman, aku sumurup ing antarane para nomnoman ana sawijining jaka kang tanpa budi,

8mbeneri nyabrang ana ing sacedhake pojok lurung, jumangkah marani omahe wong wadon kang kaya mangkono mau,

9wayahe repet-repet sore, ngarepake bengi kang peteng.

10Lah tumuli ana wong wadon methukake, kang nganggo sandhangan wong wadon tuna-susila, kang julig atine;

11grapyak sarta criwis wong wadon iku, sikile ora bisa jenjem ana ing omah:

12sadhela ana ing lurung, sadhela engkas ana ing alun-alun, ngadhang ana ing saben enggok-enggokan.

13Wong nom mau banjur dicekel lan diambung, kanthi polatan tanpa rikuh-pakewuh, celathu mangkene:

14“Kula saweg saos kurban kawilujengan, ing dinten punika kula mentas ngluwari punagi,

15mila kula medal methuk panjenengan, pancen badhe madosi panjenengan, lan sapunika kula saged pinanggih panjenengan.

16Patileman kula sampun kula gelari babut, kain lena manca-warni damelan Mesir.

17Patileman kula sampun kula sebari: mur, gaharu kaliyan manis jangan.

18Mangga sami ngumbar katresnan ngantos enjing, sami kasukan mangun sih.

19Awit semah kula boten wonten ing griya, ngleresi kekesahan tebih,

20mbekta arta sakanthong, wangsulipun saweg mbenjing ngajengaken wulan purnama.”

21Wong nom mau dibujuk srana tembunge manis, digodha klawan pangungruming lambene.

22Dumadakan wong nom mau banjur ngetutake wong wadon iku kaya sapi dituntun menyang pajagalan, sarta kaya wong bodho kang dibanda arep kaukum;

23nganti ana panah kang nunjem ing atine, iya kaya manuk kang marani kala kalawan rerikatan, ora ngreti yen uripe kaancam ing bebaya.

24Mulane, he bocah-bocah, padha ngrungokna pituturku, tilingna tembung-tembunging cangkemku.

25Atimu aja nganti kagendeng marang dalane wong wadon iku, aja nasarake awakmu dhewe ana ing dalan-dalane.

26Marga wus akeh wong kang tiwas dening wong wadon iku, sarta akeh banget cacahe wong kang dipateni.

27Omahe iku dalan kang anjog ing jagading wong mati, kang mudhun menyang ing senthong-senthonging pati.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Amsal 7 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel