Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Ayub 19 >> 

Ayub yakin, yen Gusti Allah bakal ngrencangi dheweke

1Ing kono Ayub banjur mangsuli, pangucape:

2“Nganti pira lawase anggonmu padha nglarakake atiku lan ngremuk aku kalawan tetembungan?

3Saiki wus kaping sapuluh anggonmu ngremehake aku, kok ora isin nganiaya aku.

4Manawa aku iki pancen kesasar, rak aku dhewe kang nanggung anggonku kesasar iku.

5Manawa kowe nyata-nyata arep ngegung-ngegungake dhiri ana ing ngarepku, lan cacadku kokgawe bukti tumrap aku,

6padha sumurupa, yen Gusti Allah wus tumindak ora adil marang aku, sarta aku dikrukub kalawan jaringe.

7Lah aku nguwuh-uwuh: “Daksiya!” nanging ora ana kang mangsuli. Aku sesambat njaluk tulung, nanging ora ana pangadilan.

8Dalanku dialing-alingi ing tembok, satemah aku ora bisa liwat, sarta lurung-lurungku didadekake peteng.

9Kaluhuranku dening Panjenengane wus didhedheli, sarta makuthaku wus karampas saka ing sirahku.

10Aku dibongkar babar pisan satemah aku sirna, tuwin pangarep-arepku dibedhol kayadene wit-witan.

11Bebendune marang aku mulad-mulad, aku dianggep satrune.

12Wadya-balane maju bebarengan, ngalang-alangi dalan nglawan marang aku, banjur ngepung tarubku.

13Sadulurku padha diedohake saka ing aku, sarta kawanuhanku padha pangling babar pisan marang aku.

14Sanak-sanakku padha ngedoh tuwin mitraku padha lali marang aku.

15Wong-wong kang tunggal saomah karo aku lan para rewang wadon padha ngarani aku wong liya, sarta nganggep aku wong manca.

16Rewangku dakundang, ora sumaur, ndadak kudu dirimuk kalawan tembung manis.

17Bojoku ora betah mambu ababku, sarta ambuku bacin tumrap para sadulurku tunggal bapa biyung.

18Dalasan bocah-bocah padha ngremehake aku; saupama aku arep ngadeg banjur diisin-isin.

19Kabeh mitraku kang becik padha eneg ndeleng aku, sarta kang daktresnani padha ngungkurake aku.

20Kulit lan dagingku padha kelet ing balungku mung kari gusiku kang isih.

21Welasa marang aku, welasa marang aku, heh mitra-mitraku, amarga aku digepok dening astane Allah.

22Yagene kowe padha ngoyak-oyak aku, kayadene Gusti Allah sarta kok ora wareg-wareg anggonmu mangan dagingku?

23Adhuh, muga tembung-tembungku katulisana kacathetana ana ing kitab,

24tinatahana kalawan wesi pangukir lan timbel ana ing gunung parang kanggo ing salawas-lawase.

25Nanging aku sumurup: Panebusku iku gesang, sarta ing wekasane Panjenengane bakal jumeneng ana ing lebuning bumi.

26Uga sawise kulite badanku rusak banget, malah sanadyan tanpa dagingku aku bakal ndeleng Gusti Allah,

27kang bakal dakdeleng dhewe iku bakal mbelani aku; mripatku dhewe kang ndeleng, dudu wong liya; telenging atiku banget anggone cecengklungen.

28Manawa kowe padha calathu: Aku bakal padha nuntut marang dheweke, sarta bakal nyumurupi sababing prakarane,

29padha wedia marang pedhang, amarga kanepson iku kaukum pedhang, supaya kowe padha sumurupa yen sanyata ana pangadilan.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ayub 19 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel