Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Ayub 21 >> 

Wangsulane Ayub: ana ing donya kene, wong duraka katone oleh kabegjan kang awet

1Nanging Ayub mangsuli, pangucape:

2“Rungokna kang temenan ta calathuku, iku minangkaa panglipurmu.

3Aku sabarana, aku dakcalathu, sawuse iku kowe padha kena memada.

4Apa marang manungsa anggonku sesambat sarta kapriye anggonku ora pegel atiku?

5Aku ingetna, temah kowe bakal padha kaeraman lan nutup tutukmu kalawan tangan.

6Manawa dakpikir, aku dadi wedi lan awakku banjur gumeter.

7Yagene wong duraka kok lestari urip, dadi tuwa, malah wuwuh-wuwuh kakuwatane?

8Tansah rinubung ing anak putune, turune padha ana ing ngareping mripate.

9Omahe padha tentrem, ora ana rasa wedi ora ketiban ing gebaging Allah.

10Sapine lanang padha macek lan mesthi dadi, sapine wadon padha manak ora tau keluron.

11Anak-anake lanang padha diumbar kaya pepanthan wedhus; anak-anake padha alincak-lincak,

12padha tetembangan digameli trebang lan clempung, sarta padha bungah-bungah manut swaraning suling.

13Sajege urip padha ngrasakake kamukten lan kalawan tentrem anggone tumurun ing jagate wong mati.

14Nanging ujare marang Gusti Allah: Sumingkira saka ing aku! Aku padha ora seneng nyumurupi dalan-dalanmu.

15Kang Mahakuwasa iku sapa ta, dene aku kok padha kudu ngabekti marang Panjenengane, sarta apa gunane, manawa aku padha nyenyuwun marang Panjenengane?

16Pancen, kabegjane iku ora dumunung ana ing tangane. Rancangane wong duraka iku adoh saka ing aku.

17Damare wong duraka iku kerep dipateni; padha ketaman ing sangsara, sarta padha kapanduman kasusahan dening Allah sajroning bendu.

18Padha kaya dami ana ing ngareping angin, kaya mrambut kabur ing prahara.

19Bilaine kasimpen dening Allah kanggo anak-anake. Prayogane wong iku dhewe kang diganjar dening Gusti Allah, supaya krasa,

20prayogane mripate dhewe supaya nyumurupi karusakane, lan awake dhewe ngombe bebendune Kang Mahakuwasa!

21Awit dheweke isih mreduli apa marang brayate sawuse mati, yen wus entek gunggunging sasine?

22Mangsa Gusti Allah kok dicaosi piwulang dening manungsa, Panjenengane kang ngadili wong-wong mau saka ing ngaluhur!

23Ana wong kang matine isih kadunungan kakuwatan pepak, kalawan tentrem lan santosa,

24bangkekane lemu dening gajih, lan sungsume balung-balunge isih seger.

25Ana maneh kang matine kalawan lara atine, lan ora tau ngrasakake kanikmatan.

26Nanging kabeh padha sumeleh ing sajroning lemah, lan padha karubung ing set.

27Lah aku wus sumurup, kang dadi pikiranmu, lan akal kaculikan kang kokrancang tumrap aku.

28Ujarmu: Ngendi omahe kang nyekel pangwasa, endi tarub kang dienggoni dening wong-wong duraka?

29Apa kowe padha durung tau takon marang wong-wong kang lumaku ing dalan? Apa kowe bisa mbantah marang pituduhe,

30yaiku manawa wong ala dieman samangsa dina bilai, lan diuwalake ing dina bebenduning Allah?

31Sapa kang bakal terus nggugat bab kalakuane lan ngganjar marang panggawene?

32Dheweke digawa menyang ing pakuburan, lan kubure direksa ing wong.

33Kapenak anggone katutupan ing prongkalan-prongkalan lemah ing lebak; saben wong ngetutake dheweke, lan kang wus ndhisiki tanpa wilangan.

34Banget kothonge panglipurmu marang aku iku! Kabeh wangsulanmu iku mung apus-apus blaka.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ayub 21 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel