Wangsulane Bildad, ora ana wong tanpa kaluputan ing ngarsane Gusti Allah
1Bildad, wong Suah mangsuli calathune:
2“Pangwasa lan kaanan kang nggegirisi iku ana ing Panjenengane, kang nitahake karukunan ana ing ngaluhur.
3Wadya-balane apa ana kang bisa ngetung? Lan sapa kang ora kasunaran ing pepadhange?
4Manungsa kapriye anggone bisa bener ana ing ngarsaning Allah? Tuwin kang lair saka wong wadon kapriye anggone suci?
5Lah ta, sanadyan rembulan iya ora padhang, sarta lintang-lintang uga ora resik ana ing ngarsane.
6Apa maneh manungsa kang prasasat eset, anake manungsa kang prasasat singgat!”