Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Ayub 3 >> 

Pangadhuhe Ayub

1Sawuse mangkono Ayub banjur calathu, nyupatani dina kalahirane;

2pangucape mangkene:

3“Sirnaa dina kalahiranku, mangkonoa uga wengi kang muni: Wus dadi wetengan lanang.

4Dina iku dadia peteng, aja digalih dening Gusti Allah kang ana ing luhur, aja kasorotan ing pepadhang pisan.

5Muga kalimputana ing pepeteng, lan palimenganing pati, kasasabana ing mendhung, kinagetna ing grahana srengenge.

6Wengi iku -- rinayuda ing peteng ndhedhet; aja nganti abungah-bungah, ing dina-dina sajroning setahun, aja kaetung awor cacahing sasi-sasi.

7Lah wengi iku lestaria gabug, lan aja karungu swaraning kabungahan.

8Kasupatanana dening para kang ngipat-ipati dina, kang pinter nangekake kanepsone Lewiatan.

9Lintang-lintang esuk padha lestaria peteng; tanpa gawe anggone ngenteni tekane pepadhang, aja nganti nyumurupi katone bangbang wetan,

10awit ora mbuntoni lawange guwa-garbaning ibuku, sarta ora ngaling-alingi kasusahan ana ing ngarepe mripatku.

11Yagene aku ora mati nalika lair, lan ora pecat nyawaku nalika metu saka ing guwa-garba?

12Yagene ana dhengkul kang nadhahi awakku; lan ana susu kang nusoni aku?

13Saupama ora mangkono, aku rak bisa leyeh-leyeh kalawan tentrem; bisa turu lan ngaso

14awor karo raja lan para nayaka ing jagad, kang wus padha mbangun gegempurane,

15sarta awor para panggedhe kang duwe emas, lan omahe dikebaki salaka,

16utawa yagene aku ora kaya bayi keluron kang kadhelikake, kaya bayi kang ora nganti ndeleng pepadhang?

17Ana ing kono para wong dursila mari anggone gawe rerubed, sarta para wong kang nglentroh padha aso.

18Ana ing kono para wong tawanan padha oleh katentreman, wus ora krungu swarane kang ngereh.

19Wong cilik lan wong gedhe kaanggep padha ana ing kono, tuwin batur wus luwar saka lurahe.

20Yagene wong papa diparingi pepadhang, lan kang prihatin kaparingan urip?

21Kang banget kapengine mati, nanging ora mati-mati, kang anggone ngupaya ngluwihi wong kang ndhudhuk raja-brana kang kapendhem;

22samangsa mrangguli kubure, bungahe luwih banget nganti surak-surak;

23wong lanang kang dalane kaling-kalingan, kang rinupek dening Gusti Allah.

24Awit pangesahku wus kaya dadi rejekiku, sarta panggluruhku ingesok prasasat banyu.

25Dhasar apa kang daksumelangake, banjur tumama uga, lan apa kang dakwedeni, iya banjur nempuh.

26Aku ora bisa ayem lan ora oleh aso utawa tentrem, mung karubedan kang nekani aku.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ayub 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel