Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Ayub 30 >> 

Ayub ngadhuh-adhuh bab kaanane nalika samana

1“Nanging saiki aku digeguyu dening wong, kang umure luwih enom katimbang aku, kang bapakne padha dakwawas ora pantes sanadyan mung dipapanake bebarengan karo asu kang njaga wedhus-wedhusku.

2Lan maneh kakuwataning tangane iku apa gunane tumrap aku, amarga wus kentekan kakuwatan;

3padha gering dening kecingkrangan lan keluwen, padha ngrikiti palemahan kang bera, grumbul ing pasamunan lan tanah kang mati;

4padha reramban gegodhongan asin ana ing grumbulan lan oyoding wit rotem dadi pangane,

5padha katundhung saka ing pasrawungan sarta dielok-elokake kaya maling,

6padha kepeksa manggon ing lembah-lembah kang nggegirisi, ing luweng-luwenging bumi lan ing sela-selaning gunung;

7padha gereng-gereng ana ing satengahing gegrumbulan, pating gloso ana ing sangisoring lateng-lateng;

8padha wong gemblung kang tanpa aji, kang wus digurak saka ing nagara.

9Nanging aku saiki dadi uran-uran semonan lan pepoyokan tumrap wong-wong iku.

10Aku dianggep njijiki, padha ngedohi aku lan ora bisa ngampah anggone ngidoni raiku,

11awit talining tarubku wis diuculi dening Gusti Allah sarta aku diesorake apadene wong-wong padha tumindak tanpa rikuh-rikuh marang aku.

12Ing satengenku muncul grombolan, kang mbanjur njegal sikilku, sarta masangi aku dalaning karusakan;

13dalanku dibongkar-bongkar lan ngarah tibaku, ora ana kang ngalang-alangi tumindake.

14Anggone nempuh kaya ngliwati lowahaning tembok kang amba; tekane gegrombolan gilir gumanti ana ing tengahing jugrugan.

15Aku dibyuki ing pagiris, kamulyanku kabur sirna kayadene katut ing angin lan kabegjanku larud kaya mega.

16Awit saka iku nyawaku lebur ana ing jeroku; aku katukup ing dina-dina kasangsaran.

17Ing wayah bengi balung-balungku kaya dikrokoti, sarta rasa lara kaya dicocogi tanpa leren.

18Sandhanganku suwek marga dening tindak keras kang ora bisa dilawan, mulane pating klewer ana ing awakku kaya kemeja.

19Aku dijorogake dening Gusti Allah menyang ing jeblogan lan rupaku wus kaya lebu lan awu.

20Kawula sesambat nyuwun tulung dhateng Paduka, nanging Paduka boten paring wangsulan, kawula ngadeg ngantos-antos, nanging Paduka boten mreduli dhateng kawula.

21Paduka santun dados ambek-siya dhumateng kawula, kawula Paduka mengsah kalayan kakiyataning asta Paduka

22kawula Paduka tumpangaken ing angin saha lajeng kabur, nunten Paduka lebur wonten ing salebeting prahara.

23Inggih kawula mangretos, kawula Paduka purugaken dhateng ing pejah, dhateng papan paklempakaning sadaya ingkang gesang.

24Lah apa iya wong ora bakal mulungake tangane marang kang ambruk, manawa ing sajroninng kacilakane ora ana kang nulungi?

25Aku rak iya nangis marga saka anane wong kang karupekan? Atiku rak susah marga saka sumurup wong miskin?

26Aku nganti-anti marang kang becik, nanging piala kang teka; aku ngarep-arep pepadhang, nanging pepeteng kang teka.

27Batinku molak-malik tanpa leren, aku katempuh ing dina-dina kasangsaran.

28Aku klambrangan kalawan sedhih, ora bisa lipur; aku ngadeg ing satengahing wong-wong kang padha nglumpuk kalawan sesambat njaluk tulung.

29Aku wus dadi sadulure asu ajag lan kancane manuk unta.

30Kulitku dadi ireng lan nglokop-nglokop saka ing awakku, balung-balungku dadi garing marga saka lara panas.

31Clempungku ngunekake lagu tangisan, lan unining sulingku memper swaraning wong nangis.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ayub 30 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
© 2010-2019
Alkitab.SABDA.org

Android.SABDA.org
SABDA.mobi
Bantuan
Dual Panel

Laporan Masalah/Saran