Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Ayub 34 >> 

Gusti Allah iku ora atindak culika

1Elihu banjur calathu:

2“He para wong wicaksana pituturku padha rungokna. He wong kang kadunungan akal-budi, padha nilingna kuping marang aku,

3awit kuping iku ngleler tetembungan, kayadene cethak ngrasakake pangan.

4Prayogane kita nemtokake dhewe apa kang adil, netepake bebarengan apa kang becik.

5Awit Ayub calathu: Aku bener, nanging Gusti Allah mundhut wewenangku;

6sanadyan aku bener iya kaanggep goroh, sanadyan tanpa kaluputan, tatuku ora bisa mari.

7Ngendi ana wong kaya Ayub, kang anggone seneng ngala-ala marang Allah kaya wong kasatan kang nuli ngombe banyu,

8kang sekuthon karo para wong ala lan srawungan karo wong duraka?

9Amarga ana pangucape: Ora maedahi apa-apa tumrap manungsa, manawa ndadekake kaparenging Allah.

10Mulane he para wong kang kadunungan akal-budi, padha rungokna pituturku: nglengkara yen Gusti Allah nindakake piala, utawa yen Kang Mahakwasa tumindak culika,

11nanging manungsa mesthi tampa piwales tumrap panggawene, sarta damel supaya saben wong nemahi kang timbang karo tumindake.

12Sanyatane Gusti Allah iku ora tumindak luput, Kang Mahakwasa ora mbengkokake kaadilan.

13Sapa kang mitayakake bumi marang Panjenengane? Sapa kang nitahake jagad iki kabeh?

14Saupama nggalih marang manungsa, sarta banjur mundhut wangsul roh lan napas kang wus diparingake,

15wus mesthi kabeh kang urip bebarengan padha pecat nyawane, tuwin manungsa bali dadi lebu.

16Mulane manawa kowe duwe pangreten, kandhaku iki rungokna, tilingna calathuku.

17Wong kang sengit marang kaadilan apa bisa nyekel pangwasa, lan apa kowe gelem ngluputake Panjenengane kanga adil lan kang prakosa;

18kang ngandika marang raja: He, wong dursila, tuwin marang para luhur: He, wong duraka;

19Panjenengane kang ora ngeloni para penggedhe, sarta ora mbedakake wong luhur karo wong cilik, amarga iku kabeh padha pakaryaning astane?

20Ing sakedhap netra iku padha mati, ing wayah tengah wengi wong padha digawe geger lan banjur tumpes; wong kang santosa padha kasirnakake ora dening tanganing wong.

21Amarga paningale mirsani lakuning manungsa, tuwin nguningani tumapaking sikile kabeh.

22Ora ana pepeteng utawa palimengan, kang dadi pandhelikaning wong ala.

23Awit Panjenengane ora nemtokake wektune wong anggone bakal sowan ing ngarsaning pangadilane,

24wong prakosa padha diremuk tanpa kapriksa, lan wong liyane padha kaangkat minangka gegentine.

25Dadi tetela yen Gusti Allah iku mirsa sabarang tindak-tanduke, sarta ing wayah bengi padha digolingake temah padha lebur,

26padha digebagi marga saka durakane ana ing ngedhengan,

27awit padha ninggal Panjenengane lan ora ana kang mreduli marang karsane,

28njalari panjeriting wong miskin sumengka marang ing ngarsane, sarta Panjenengane iku karsa midhangetake panjeriting wong sangsara.

29Manawa Panjenengane kendel, sapa kang bakal nibakake paukuman? Manawa ngumpetake pasuryane, sapa kang bakal sumurup Panjenengane, sanajana bangsa utawa sawiji-wijining wong? --,

30iku supaya wong duraka aja dadi ratu, kang mesthi banjur dadi kala-jirete wong akeh.

31Nanging manawa ana panunggalane kang munjuk marang Gusti Allah: Kawula sampun ngegungaken badan kawula, nanging salajengipun boten badhe nglampahi piawon malih.

32kawula mugi kaparingana piwulang bab ingkang kawula dereng mangretos; manawi kawula sampun tumindak culika, kawula boten badhe tumindak makaten malih.

33Manut pangrasamu apa Gusti Allah kudu ndhawahake piwales? Awit kowe nglairake panacad. Dadine iya kowe kang kudu mutus, dudu aku; mara kandhakna apa kang koksumurupi!

34Wong kang padha kadunungan akal-budi lan wong kang wicaksana kang ngrungokake gunemku iku bakal calathu marang aku:

35Ayub iki enggone calathu tanpa kawruh lan tembung-tembunge ora isi pangreten.

36Ah, Ayub iku muga-muga katutugna anggone kacoba, awit anggone mangsuli kaya wong dursila,

37sarta muwuhi dosane kalawan panerak, ana ing tengahku kabeh ngepelake tangane lan akeh anggone mabeni marang Allah.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ayub 34 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel