Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Ayub 37 >> 

Kamulyaning Allah ana ing alam jembar

1“Nyata iku ndadekake gumetering atiku nganti njingkat saka ing panggonane.

2Rungokna, rungokna gumludhuging swarane, gludhug kang metu saka ing tutuke.

3Kang linepasake ing sauruting jembare langit lan uga kilate menyang ing poncot-poncoting bumi.

4Sawuse mangkono Panjenengane kadherekake ing swara gumuruh, gumludhug swaraning kaluhurane. Manawa swara iku keprungu Panjenengane ora ngeman bledhege.

5Gusti Allah ngedalake swara gumleger kang ngebat-ebati. Panjenengane nindakake pakaryan agung kang ora kena ginayuh ing kawruh kita,

6awitdene salju dipangandikani: Tibaa ing bumi! Lan marang udan deres sarta udan kang gumrojog dhawuhe: Deresa!

7Saben wong tangane katalenan lan kaparingan cap, supaya kabeh wong nyumurupi pakaryane.

8Kewan alasan padha lumebu ing papan pandhelikane lan mapan ana ing guwa-guwane.

9Prahara jumedhul saka ing gedhonge, lan hawa adhem saka ing lor.

10Napasing Allah njalari dumadining es, lan lumahing banyu dadi njendhel.

11Mega dimomoti banyu, lan mendhung mencarake kilate,

12kilate nuli nyamber-nyamber menyang ing ngendi-endi manut ing sapitedahe, lan ana ing bumi nindakake kabeh kang kadhawuhake;

13Gusti Allah damel supaya bisa nggayuh tujuane kagem nggebag isining bumine apa kagem mbabarake sih-susetyane.

14Iku kabeh rungokna, heh Ayub, menenga lan nggatekna marang kaelokan-kaelokaning Allah.

15Apa kowe sumurup kapriye anggone Gusti Allah paring tugas marang iku kabeh lan anggone nyunarake cahyane saka ing mendhunge?

16Apa kowe ngreti bab lakuning mendhung, lan bab kaelokan-kaelokane Kang Mahamirsa,

17kowe, kang krasa marang angeting panganggo, manawa bumi meneng marga kena panasing angin saka kidul.

18Apa kowe bisa nggubah mega dadi cakrawala kaya Panjenengane, nganti padhet kaya pangilon cithakan?

19Aku padha kandhanana aku kudu padha munjuk apa marang Panjenengane, awit aku ora bisa munjuk apa-apa, jalaran kapetengen.

20Apa ana kang bakal ngunjuki uninga, manawa aku arep duwe atur? Apa wong tau kandha, manawa kapengin kasirnakake.

21Saiki pepadhang ora katon, marga kapetengan ing mendhung, nanging mengko tinempuh ing angin, banjur resik padhang.

22Saka ing sisi lor ana sunar kang kaya emas, Gusti Allah kalimputan ing kamulyan kang nggegirisi.

23kang Mahakwasa, kang padha ora dakmangreteni, iku gedhe pangwaose lan kaadilane; sanajan sugih kabeneran, ewasamono ora nindhes,

24mulane diwedeni dening wong, sarta saben wong kang rumangsa wicaksana, iku ora dipreduli.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ayub 37 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel