Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Ayub 5 >> 

1Kowe nguwuh-uwuh, apa ana wong kang sumaur? Panunggalane para suci sapa kang kena kokungseni?

2Awit sanyatane wong bodho iku pinatenan dening kanepsone dhewe, sarta wong kang tanpa nalar iku kasirnakake dening kamerening atine dhewe.

3Aku dhewe wus tau weruh wong bodho kang metu oyode, nanging enggal-enggal dakipat-ipati omahe.

4Anake padha ora kapitulungan, padha kaidak-idak ana ing saketheng, ora ana kang mitulungi.

5Undhuh-undhuhane dipangan nganti entek dening wong keluwen, malah direbut saka ing satengahe eri, sarta wong kang ngelak padha melik marang barang-darbeke.

6Awit cilaka iku pinangkane ora saka ing lebu, lan ora saka ing bumi tuwuhe kasusahan;

7nanging manungsa iku anggone lair ginadhang marang kasusahan, kaya pletiking geni kang mumbul.

8Nanging yen aku mesthi ngupaya Gusti Allah, sarta mitayakake prakaraku marang Pangeran,

9kang nindakake pakaryan-pakaryan kang agung, kang ora kena kinayangapa, tuwin kaelokan tanpa wilangan;

10kang paring udan marang bumi lan banyu marang pategalan;

11Wong asor kasengkakake marang kaluhuran, tuwin wong prihatin pinaringan pitulungan kang santosa.

12Rancangane wong culika kagagalake, satemah pambudidayane tangane ora oleh gawe.

13Para wong wasis dicepeng sajroning kaculikane dhewe, lan kekarepane wong julig ora bakal ketutugan.

14Ing wayah awan padha kesaput ing pepeteng, lan samangsa tengange gagap-gagap kaya ing wayah bengi.

15Nanging wong papa iku padha diluwari saka ing cangkeme kang nggegirisi, tuwin saka ing tangane wong kang santosa.

16Marga saka mangkono wong cilik duwe pangarep-arep, sarta cangkeme kadursilan kabungkem.

17Sanyatane rahayu wong kang winelehake dening Allah; mulane aja nampik pamerdine Kang Mahakuwasa.

18Awit Gusti Allah kang natoni, nanging kang mblebed uga; iya natoni, nanging astane nyarasake.

19Sajroning karubedan nem warna kowe mesthi dipitulungi, bareng tekane kang kapitu ora nganti ginepok ing cilaka.

20Sajroning pailan kowe diluwari saka ing pati, lan sajroning perang saka ing pamisesane pedhang.

21Kowe mesthi kaaling-alingan supaya ora kena ing pamecuting ilat, sarta kowe ora usah wedi marang tekane karusakan.

22Karusakan lan pailan bakal kokesemi, tuwin kewan alasan ora bakal kokwedeni.

23Awit kowe mesthi bakal nganakake prajanjian karo watu-watu ing ara-ara, sarta kewan-kewan ing ara-ara bakal padha rukun karo kowe.

24Kowe mesthi bakal ngalami tentrem ana ing tarubmu lan manawa kowe niti-priksa omahmu, mesthi ora ana apa-apa kang ilang.

25Karo maneh bakal ngalami turunmu dadi akeh tuwin wijimu kaya suket ing bumi.

26Anggonmu mudhun marang ing kluwat manawa kowe wus tuwa banget, kaya tumpukan gandum kang kasimpen marga wus wancine.

27Lah ta iku kabeh wus padha daksatitekake, pancen mangkono kaanane; bab iku rasakna lan titenana!”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ayub 5 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel