Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Ayub 6 >> 

Ayub kegelan ing bab mitra-mitrane

1Ing kono Ayub banjur mangsuli, pangucape:

2“Adhuh muga karubedanku katrajua kalawan patitis, sarta kasrakatanku sinelehna ing timbangan!

3Abote mesthi ngungkuli wedhi ing sagara; mulane metune tembungku sasar-susur.

4Marga jemparinge Kang Mahakuwasa padha tumancep ing awakku, ampuhe sinesep ing nyawaku; aku tinempuh ing pagiris kang saka ing Allah.

5Kuldi alasan apa iya gereng-gereng ana ing pasuketan ijo, sapi apa iya mbengah-mbengah ana ing ngarepe pakane?

6Barang kang cemplang rasane apa dipangan tanpa uyah, utawa putihing endhog apa ana rasane?

7Ndemok bae aku ora sudi, tumrap aku iku pangan kang ngunek-uneki.

8Ah, muga-muga panyuwunku kabul, Gusti Allah muga karsa paring kang dadi pangarep-arepku!

9Gusti Allah muga karsaa ngremuk aku, ngagagake astane sarta nguwisi uripku!

10Iku kang isih dadi panglipur tumrap aku, malah aku bakal lincak-lincak marga saka bungahku. ing sajrone aku nandhang sangsara kang tanpa piwelas iku, sabab aku ora tau nyelaki pangandikane Kang Mahasuci.

11Sapira ta kakuwatanku, kok aku bisa tahan, lan apa ta wekasaning awakku, kok aku isih kudu nyabarake?

12Apa kakuwatanku iku kaya watu? Apa dagingku kaya prunggu?

13Rak wus ora ana pitulungan babar pisan tumrap aku, lan kaslametan wus adoh saka aku?

14Wong kang ora welas marang pepadhane, iku nglirwakake pangabekti marang Kang Mahakuwasa.

15Sadulurku padha ora kena diandel kaya kali, kaya santering banyu kang metu saka dhasare kali,

16kang buthek marga banyune njendhel, salju kang ana ing njerone dadi ajer,

17kang ing mangsa panas padha surud, samangsa kena ing dayane panas tumuli asat ana ing panggonane;

18iline menggak-menggok, anjog ana ing pasamunan banjur mati.

19Kapilah kang saka ing Tema padha ngungak-ungak, para sudagar ing Syeba padha ngarep-arep,

20nanging padha kecuwan marga saka manut kayakinane, satekane ing kana bakal kapusan.

21Iya kaya mangkono iku kowe kabeh saikine tumrap aku, nalika kowe padha nyumurupi kaanan kang nggegirisi, banjur padha kaget.

22Apa aku tau kandha: Nggawaa oleh-oleh, sarta: Aku wenehana dhuwit reruba saka bandhamu,

23utawa: Aku luwarana saka tangane kang nganiaya, lan: Aku tebusen saka tangane kang misesa?

24Aku wulangen, temah aku bakal meneng; aku sumurupna kang dadi kaluputanku.

25Iba gedhene sawabe pitutur kang jujur! Nanging apa tegese pamelehmu iku?

26Apa karepmu iku nacad tembung? Apa tembunge wong kang entek pangarep-arepe iku dianggep angin?

27Malah kowe padha mbuwang undhi tumrap marang bocah lola, dene mitramu kokdadekake barang dagangan.

28Nanging saiki aku sawangen; aku rak ora bakal ngapusi kowe.

29Padha salina pangrasa ta, ja nganti ana kaculikan kang tumindak; iya padha salina pangrasa, aku iki nyata-nyata bener.

30Ing ilatku apa ana durakane? Cethakku apa ora bisa mbedak-mbedakake kasangsaran?”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ayub 6 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel