Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Bilangan 1 >> 

Bala Israel kacacahake

1Nalika taun kang kapindho ing sasi kapindho ing tanggal sapisan sawuse padha metu saka ing tanah Mesir, Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa ana ing pasamunan ing gunung Sinai ing sajrone Tarub Pasewakan:

2“Sira nacahna umat Israel kabeh miturut kulawangsane ing sajrone suku-sukune, sakehe wong lanang ing Israel tulisana jenenge siji-sijine,

3kang umure rong puluh taun munggah, kang sembada ing perang, iku sira cacahna karo Harun miturut golongane dhewe-dhewe.

4Dene kang dadi kanthinira tumrap saben taler wong siji, minangka pemimpine kulawangsane.

5Iki jenenge wong-wong kang padha dadi kanthinira: Saka taler Ruben: Elizur bin Syedeur;

6saka taler Simeon: Selumiel bin Zurisyadai;

7saka taler Yehuda: Nahason bin Aminadhab;

8saka taler Isakhar: Netaneel bin Zuar;

9saka taler Zebulon; Eliab bin Helon;

10tumrap turune Yusuf, saka taler Efraim: Elisama bin Amihud; lan saka taler Manasye: Gamaliel bin Pedazur;

11saka taler Benyamin: Abidan bin Gidheoni;

12saka taler Dhan: Ahiezer bin Amisyadai;

13saka taler Asyer: Pagiel bin Okhran;

14saka taler Gad: Elyasaf bin Rehuel;

15saka taler Naftali: Ahira bin Enan.”

16Iku para wong kang pinilih saka antarane para umat iku, siji-sijine dadi pemimpining talere para leluhure, iku padha dadi panggedhene bala Israel.

17Nabi Musa lan Rama Harun tumuli nimbali wong-wong kang wus padha kasebut jenenge mau.

18Bareng tanggal sapisan sasi kapindho banjur padha nglempakake sapepake pasamuwan. Sawuse mangkono nuli ndhapuk sarasilahe para wong Israel miturut gotrahe kang tinemu ing saben taler. Wong-wong kang umure rong puluh taun sapandhuwur ditulisi jenenge siji-sijine,

19kaya kang kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa. Mangkono Nabi Musa anggone nacahake umat ana ing pasamunan Sinai.

20Mungguh sarasilahe turune Ruben pembarepe Israel iku kadhapuk miturut gotrah-gotrahe ing talere, cacahe wong lanang kang umur rong puluh taun sapandhuwur, kang sembada ing perang, padha ditulisi jenenge dhewe-dhewe.

21Gunggunge saka taler Ruben kang kacathet iku ana patang puluh nem ewu limang atus.

22Mungguh sarasilahe turune Simeon iku kadhapuk miturut gotrah-gotrahe ing talere, cacahe wong lanang kang umur roh puluh taun sapandhuwur, kang sembada ing perang, padha ditulisi jenenge dhewe-dhewe.

23Gunggunge kang kacathetan saka taler Simeon ana seket sanga ewu telung atus.

24Mungguh sarasilahe turune Gad iku kadhapuk miturut gotrah-gotrahe ing talere, cacahe wong lanang kang umur rong puluh taun sapandhuwur, kang sembada ing perang padha ditulisi jenenge.

25Gunggunge kang kacathetan saka taler Gad iku ana patang puluh papat ewu nem atus seket.

26Mungguh sarasilahe turune Yehuda iku kadhapuk miturut gotrah-gotrahe, cacahe wong lanang kang umur rong puluh taun sapandhuwur, kang sembada ing perang padha ditulisi jenenge.

27Gunggunge kang kacathetan saka taler Yehuda iku ana pitung puluh papat ewu nem atus.

28Mungguh sarasilahe turune Isakhar iku kadhapuk miturut gotrah-gotrahe ing talere, cacahe wong lanang kang umur rong puluh taun sapandhuwur, kang sembada ing perang padha ditulisi jenenge.

29Gunggunge kang kacathetan saka taler Isakhar iku ana seket papat ewu patang atus.

30Mungguh sarasilahe turune Zebulon iku kadhapuk miturut gotrah-gotrahe ing talere, cacahe wong lanang kang umur rong puluh taun sapandhuwur, kang sembada ing perang padha ditulisi jenenge.

31Gunggunge saka taler Zebulon kang kacathetan iku ana seket pitu ewu patang atus.

32Mungguh sarasilahe turune Yusuf, kang kalebu darah Efraim iku kadhapuk miturut gotrah-gotrahe ing talere, cacahe wong lanang kang umur rong puluh taun sapandhuwur, kang sembada ing perang padha ditulisi jenenge.

33Gunggunge saka taler Efraim kang kacathetan iku ana patang puluh ewu limang atus.

34Kang kalebu darahe Manasye, miturut gotrah-gotrahe ing talere, cacahe wong lanang kang umur rong puluh taun sapandhuwur, kang sembada ing perang padha ditulisi jenenge.

35Gunggunge saka taler Manasye kang kacathetan iku ana telung puluh loro ewu rong atus.

36Mungguh sarasilahe turune Benyamin iku kadhapuk miturut gotrah-gotrahe ing talere, cacahe wong lanang kang umur rong puluh taun sapandhuwur, kang sembada ing perang, padha ditulisi jenenge.

37Gunggunge saka taler Benyamin kang kacathetan iku ana telung puluh lima ewu patang atus.

38Mungguh sarasilahe turune Dhan iku kadhapuk miturut gotrah-gotrahe ing talere, cacahe wong lanang kang umur rong puluh taun sapandhuwur, kang sembada ing perang padha ditulisi jenenge.

39Gunggunge saka taler Dhan kang kacathetan iku ana suwidak loro ewu patang atus.

40Mungguh sarasilahe turune Asyer iku kadhapuk miturut gotrah-gotrahe ing talere, cacahe wong lanang kang umur rong puluh taun sapandhuwur, kang sembada ing perang padha ditulisi jenenge.

41Gunggunge saka taler Asyer kang kacathetan iku ana patang puluh siji ewu limang atus.

42Mungguh sarasilahe turune Naftali iku kadhapuk miturut gotrah-gotrahe ing talere, cacahe wong lanang kang umur rong puluh taun sapandhuwur, kang sembada ing perang, padha ditulisi jenenge.

43Gunggunge saka taler Naftali kang kacathetan iku ana seket telu ewu patang atus.

44Samono mau kang padha kacacahake dening Nabi Musa lan Rama Harun lan para panggedhene para wong Israel rolas, kang siji-sijine makili talere.

45Dadi sakehe wong Israel kang kacacahake miturut taler-talere kang umur rong puluh taun sapandhuwur, kang sembada ing perang ana ing satengahe wong Israel,

46gunggunge nem atus telu ewu limang atus seket.

47Nanging wong-wong kang kalebu turune Lewi, iku anggone kacacahake ora awor karo wong-wong iku,

48marga Nabi Musa wus kapangandikanan dening Pangeran Yehuwah, mangkene:

49“Mung taler Lewi iku aja sira catheti lan aja sira etung cacahe bebarengan karo wong Israel,

50nanging iku padha kapataha rumeksa Tarub Suci, panggonan angger-angger dalah prabot lan sapirantine kabeh; padha nggotonga Tarub Suci dalah sapirantine; sarta padha leladia ana ing kono, karodene anggone makuwon anaa ing saubenge.

51Samangsa Tarub Suci mangkat, wong Lewi kang kudu ngrucati, lan samangsa leren, wong Lewi kang kudu ngadegake; manawa ana wong lumrah kang nyedhaki, kaukuma pati.

52Wong Israel samangsa padha lereb, siji-sijine manggona ing tarube dhewe-dhewe, cedhak karo panji-panjine, miturut golongane,

53nanging wong Lewi kudu lereb ing saubenge Tarub Suci panggonaning angger-anggere Gusti Allah, supaya umat Israel aja nganti kena ing bebendu; wong Lewi kudu rumeksa marang Tarub Suci, panggonaning angger-angger iku.”

54Anadene wong Israel iya padha nglakoni kaya mangkono; ngetrepi kang kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa, iku diestokake kabeh.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Bilangan 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel