Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Bilangan 26 >> 

Wong Israel kacacahake kang kaping pindhone

1Kacarita sawuse anane wewelak iku mau, Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa lan marang Imam Eleazar putrane Imam Harun:

2“Sira padha nacahna wong Israel saumat kabeh kang umur rong puluh taun sapandhuwur, miturut talere, iya wong-wong kang sembada ing perang.”

3Nabi Musa lan Imam Eleazar banjur ngandika marang wong Israel ana ing tanah ngare ing Moab, ing sapinggiring bengawan Yarden sacedhake Yerikho:

4“Kabeh wong kang umur rong puluh taun sapandhuwur iku cacahna!” -- kaya kang wus dadi dhawuhe Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa mau. Iki pratelane wong Israel kang padha metu saka ing tanah Mesir.

5Rama Ruben iku pambajenge Rama Israel; dene mungguh turune Rama Ruben miturut golongane, yaiku: kang saka Rama Henokh iku bani Henokh; saka Rama Palu iku bani Palu.

6Rama Hezron iku bani Hezron lan kang saka Rama Karmi iku bani Karmi.

7Iku mau golongane bani Ruben, dene wonge kang padha kacacahake ana patang puluh telu ewu pitung atus telung puluh.

8Putrane Rama Palu iku Eliab;

9anake Eliab iku Nemuel, Datan lan Abiram. Mungguh Datan lan Abiram wong kang pinilih dening umat iku kang padha mbalela marang Nabi Musa lan Imam Harun, kalawan sakuthon karo grombolane Korakh, nalika padha mbalela marang Sang Yehuwah.

10Nanging bumi banjur ngangapake cangkeme lan nguntal marang wong-wong mau bebarengan karo Korakh, satemah grombolane padha mati, dalasan wong rong atus seket padha kamangsa ing geni minangka pangeling-eling,

11nanging anake Korakh padha ora mati.

12Turune Rama Simeon miturut golongane, yaiku: kang saka Rama Nemuel iku bani Nemuel; kang saka Rama Yamin iku bani Yamin; kang saka bani Yakhin iku bani Yakhin;

13kang saka Rama Zerakh iku bani Zerakh lan kang saka Rama Saul iku bani Saul.

14Iku mau golongane bani Simeon, dene wonge kang padha kacacahake ana rolikur ewu rong atus.

15Turune Rama Gad miturut golongane, yaiku: kang saka Rama Zefon iku bani Zefon; kang saka Rama Khagi iku bani Khagi; kang sama Rama Syuni iku bani Syuni;

16kang saka Rama Ozni iku bani Ozni; kang saka Rama Eri iku bani Eri;

17kang saka Rama Arod iku bani Arod; kang saka Rama Areli iku bani Areli.

18Iku mau golongane bani Gad, dene wonge kang padha kacacahake ana patang puluh ewu limang atus.

19Para putrane Rama Yehuda yaiku Rama Er lan Rama Onan; Rama Er lan Onan wus padha seda ana ing tanah Kanaan.

20Turune Rama Yehuda miturut golongane, yaiku: kang saka Rama Syela iku bani Syela; kang saka Rama Peres iku bani Peres lan kang saka Rama Zerakh iku bani Zerakh;

21bani Peres yaiku: saka Rama Hezron iku bani Hezron lan kang saka Rama Hamul iku bani Hamul.

22Iku mau golongane bani Yehuda, dene wonge kang padha kacacahake ana pitung puluh nem ewu limang atus.

23Turune Rama Isakhar miturut golongane, yaiku: kang saka Rama Tola iku bani Tola; kang saka Rama Pua iku bani Pua;

24kang saka Rama Yasub iku bani Yasub lan kang saka Rama Simron iku bani Simron.

25Iku mau golongane bani Isakhar, dene mungguh wonge kang padha kacacahake ana sawidak papat ewu telung atus.

26Turune Rama Zebulon miturut golongane, yaiku: kang saka Rama Sered iku bani Sered; kang saka Rama Elon iku bani Elon; kang saka Rama Yahleel iku bani Yahleel.

27Iku mau golongane bani Zebulon, dene mungguh wonge kang padha kacacahake ana suwidak ewu limang atus.

28Putrane Rama Yusuf iku Rama Manasye lan Rama Efraim.

29Turune Rama Manasye miturut golongane, yaiku: kang saka Rama Makhir iku bani Makhir; lan Rama Makhir peputra Gilead; Rama Gilead iku nurunake bani Gilead.

30Iki turune Rama Gilead: kang saka Rama Iezer iku bani Iezer; kang saka Rama Helek iku bani Helek;

31kang saka Rama Asriel iku bani Asriel; kang saka Rama Sekem iku bani Sekem;

32kang saka Rama Semida iku bani Semida lan kang saka Rama Hefer iku bani Hefer.

33Anadene Zelafehad bin Hefer iku ora duwe anak lanang, mung wadon bae; dene anake wadon Zelafehad iku jenenge: Makhla, Noa, Hogla, Milka lan Tirza.

34Iku mau golongane bani Manasye, dene mungguh wonge kang padha kacacahake ana seket loro ewu pitung atus.

35Iki turune Rama Efraim miturut golongane, yaiku: kang saka Rama Sutelah iku bani Sutelah; kang saka Rama Bekher iku bani Bekher; kang saka Rama Tahan iku bani Tahan.

36Dene turune Rama Sutelah, kang saka Rama Eran iku bani Eran.

37Iku mau golongane bani Efraim, dene wonge kang padha kacacahake ana telung puluh loro ewu limang atus. Iku mau turune Rama Yusuf manut golongane.

38Turune Rama Benyamin miturut golongane, yaiku: kang saka Rama Bela iku bani Bela; kang saka Rama Asybel iku bani Asybel; kang saka Rama Ahiram iku bani Ahiram;

39kang saka Rama Sefufam iku bani Sefufam; kang saka Rama Hufam iku bani Hufam;

40Putrane Rama Bela iku Rama Ared lan Rama Naaman. Kang saka Rama Ared iku bani Ared lan kang saka Rama Naaman iku bani Naaman.

41Iku mau golongane bani Benyamin, dene mungguh wonge kang padha kacacahake ana patang puluh lima ewu nem atus.

42Turune Rama Dhan miturut golongane, yaiku: kang saka Rama Suham iku bani Suham. Iya iku golongane turune Rama Dhan.

43Sakehe golongane bani Suham kang padha kacacahake ana sawidak papat ewu patang atus.

44Turune Rama Asyer miturut golongane, yaiku: kang saka Rama Yimna iku bani Yimna; kang saka Rama Yiswi iku bani Yiswi lan kang saka Rama Beria iku bani Beria.

45Turune Rama Beria iku: kang saka Rama Heber iku bani Heber; kang saka Rama Malkiel iku bani Malkiel.

46Anadene putrane Rama Asyer kang estri asmane Serah.

47Iku mau golongane bani Asyer, dene mungguh wonge kang padha kacacahake ana seket telu ewu patang atus.

48Turune Rama Naftali miturut golongane, yaiku: kang saka Rama Yahzeel iku bani Yahzeel; kang saka Rama Guni iku bani Guni;

49kang saka Rama Yezer iku bani Yezer; kang saka Rama Syilem iku bani Syilem.

50Iku mau golongane bani Naftali, dene mungguh wonge kang padha kacacahake ana patang puluh lima ewu patang atus.

51Wong Israel kang padha kacacahake iku mau gunggunge kabeh ana: nem atus siji ewu pitung atus telung puluh.

52Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa:

53“Taler-taler iku padha kawenehana panduman tanah miturut jeneng-jeneng kang kacathetan, dadia pusakane.

54Kang akeh cacahe kaparingana panduman tanah pusaka kang akeh, lan kang sathithik kaparingana panduman tanah pusaka sathithik; saben taler padha kapandumana dhewe-dhewe miturut jeneng-jeneng kang kacathetan.

55Ewasamono pangedume tanah iku kudu srana kaundhi; anggone padha tampa panduman mituruta jenenging talere leluhure.

56Panduman duweke siji-sijining taler mesthi undha-usuk kehsathithike lan mituruta ing satibane undhi.”

57Anadene bani Lewi kang kacacahake miturut golongane iku mangkene: kang saka Rama Gerson iku bani Gerson; kang saka Rama Kehat iku bani Kehat; kang saka Rama Merari iku bani Merari.

58Iki golongane turune Rama Lewi: golongane bani Kehat, golongane bani Libni, golongane bani Hebron, golongane bani Makhli, golongane bani Musi lan golongane bani Korakh. Anadene Rama Kehat peputra Amram.

59Garwane Rama Amram iku Ibu Yokhebet, putrane Rama Lewi, kang miyos ana ing tanah Mesir. Ibu Yokhebet iku mbabar Imam Harun lan Nabi Musa apadene Ibu Miryam sadhereke estri, patutan karo Rama Amram.

60Imam Harun peputra Imam Nadab, Abihu, Eleazar lan Imam Itamar.

61Nanging Imam Nadab lan Abihu iku seda nalika padha ngunjukake geni kang dudu mesthine ana ing ngarsane Sang Yehuwah.

62Anadene wonge kang padha kacacahake iku ana telu likur ewu, yaiku sakehe kang lanang kang umur sasasi sapandhuwur; marga anggone kacacahake ora bebarengan karo wong Israel liyane, awit padha ora kapanduman tanah pusaka ana ing antarane wong Israel.

63Iku mau pratelane kang padha kacacahake dening Nabi Musa lan Imam Eleazar nalika padha ana ing tanah ngare ing Moab, ing sabrange bengawan Yarden, sacedhake kutha Yerikho.

64Anadene panunggalane iku ora ana siji bae kang biyen wus kacacahake dening Nabi Musa lan Imam Harun nalika padha ana ing pasamunan Sinai.

65Marga Pangeran Yehuwah wus ngandika: “Iku mesthi bakal padha mati ana ing pasamunan.” Dene panunggalane ora ana kang isih urip kajaba mung Kaleb bin Yefune lan Yusak bin Nun.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Bilangan 26 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel