Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Ester 8 >> 

Dhawuhe Sang Prabu kang marakake slamete wong Yahudi

1Ing dina iku Sang Prabu Ahasyweros maringake barang darbeke Sang Haman, satrune bangsa Yahudi marang Sang Prameswari Ester karodene Pak Mordekhai kasowanake marang ngarsane Sang Prabu, amarga Sang Prameswari Ester wus ngunjuki uninga, Pak Mordekhai iku kaprenah apa karo panjenengane.

2Sang Prabu banjur nglolos sesupe cap kang wus kapundhut saka Sang Haman, kaampilake marang Pak Mordekhai lan Pak Mordekhai kapatah dening Sang Prameswari Ester nguwasani barang kagungane Sang Haman mau.

3Sang Prameswari Ester tumuli ngunjukake panyuwun maneh ana ing ngarsane Sang Prabu, karo nyungkemi padane, lan muwun sarta sambat-sambat muga karsaa murungake pialane Sang Haman turune Agag, tuwin rancangane kang wus kagawe tumrap bangsa Yahudi.

4Sang Prabu banjur ngacungake jungkating kaprabon kancana marang Sang Prameswari Ester, tumuli Sang Putri jumeneng ana ing ngarsane Sang Prabu,

5sarta munjuk: “Manawi Sang Prabu marengaken saha kawula manggih sih wonten ing ngarsa dalem, punapa malih manawi miturut panggalihipun Sang Prabu unjuk kawula punika kagalih prayogi, tur kawula damel renaning panggalih dalem, mugi kawedalna serat prentah nyeled serat-serat damelanipun Haman bin Hamedata, turunipun Agag, ingkang isi dhawuh supados numpes sakathahipun tiyang Yahudi ingkang wonten ing sakathahipun dhaerah wewengkonipun Sang Prabu.

6Amargi kadospundi anggen kawula badhe tegel ningali bilai ingkang badhe ndhawahi bangsa kawula? Kadospundi anggen kawula badhe tegel ningali tumpesipun sanak-sadherek kawula?”

7Sang Prabu Ahasyweros banjur ngandika marang Sang Prameswari Ester tuwin Pak Mordekhai, dhawuhe: “Lah omahe Haman wus sunparingake marang Ester, sarta Haman dhewe wus disulah ing panyulahan, awit ngarah bilaine bangsa Yahudi.

8Kang iku sira padha nulisa bab ing ngatase wong Yahudi, kaya sapamrayoganira atas asmane Sang Prabu lan kaecap nganggo sesupe dalem, iku ora kena kasuwak pisan-pisan.”

9Ing nalika iku uga para abdi dalem panitra banjur padha katimbalan, pinuju sasi katelu -- iya iku sasi Siwan -- tanggal ping telulikur, padha nulis kaya saprentahe Pak Mordekhai, kagawe undhang-undhang marang wong Yahudi, para wakile Sang Prabu, para bupati lan marang para panggedhening dhaerah, wiwit ing tanah Indhia nganti tutug ing tanah Etiopia, satus pitulikur dhaerah, saben tanah nganggo tulisane dhewe-dhewe, sarta saben bangsa nganggo basane dhewe-dhewe, mangkono uga wong Yahudi nganggo tulisan lan basane dhewe.

10Panulise atas asmane Sang Prabu Ahasyweros, lan kaecap nganggo sesupe dalem, nuli layange dikirimake lumantar para utusan kilat kang padha nunggang jaran karaton kang cukat, kang pinangkane saka panggonan kang dianggo ngingu jaran.

11Dene surasane: Wong Yahudi ing siji-sijining kutha padha kaparingan palilah dening Sang Nata nglumpuk ngreksa uripe, numpes mateni sarta nyirnakake sakehing wadya-bala, dalah bocah-bocah lan wong wadon, saka bangsa lan dhaerah kang arep nempuh, apadene diparengake ngrayah barang darbeke,

12tunggal dina ana ing sakehing dhaerah wewengkone Sang Prabu Ahasyweros, tanggal ping tetulas, sasi kang kaping rolas, yaiku sasi Adar.

13Turunane layang iku kudu diundhangake ana ing saben dhaerah, sarta banjur kudu digiyarake marang sarupaning para bangsa, dene wong Yahudi padha siyaga ing dina mau, bisaa nandukake piwales marang satrune.

14Marga saka dhawuhe Sang Prabu mau, para pelayangan kilat padha enggal-enggal lan sarwa kesusu mangkat nunggang jaran kraton kang banter playune; undhang-undhang iku kawetokake saka ing beteng kadhaton Susan.

15Pak Mordekhai mundur saka ing ngarsane Sang Prabu kalawan nganggo ageman kaprabon wungu tuwa karo mori alus, sarta jamang mas gedhe, jubahe lena alus lan kain wungu enom. Wong saindenging kutha Susan padha surak-surak lan sukarena.

16Wong Yahudi padha lega atine lan ngrasakake kabungahan, kasenengan lan kaurmatan.

17Mangkono uga ing sawiji-wijining kutha lan dhaerah, ngendi bae kang katekan dhawuh undhang-undhanging Sang Prabu mau, wonge Yahudi padha bungah-bungah lan sukarena, padha nganakake pista lan riyaya; apadene panunggalane bangsa ing nagara kono akeh kang padha manjing Yahudi, amarga padha wedi marang wong Yahudi.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ester 8 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel