Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Ezra 3 >> 

Pembanguning misbyah

1Bareng ngancik sasi kapitu, sawuse wong Israel padha manggon ana ing kutha-kuthane, nuli rakyat kabeh pada saiyeg nglumpuk ana ing Yerusalem.

2Imam Yesua, putrane Imam Yozadak kanthi sadulure para imam, karo Sang Zerubabel putrane Sang Sealtiel karo para sadhereke banjur padha tumandang mbangun misbyah, kagungane Gusti Allahe Israel, kanggo nyaosake kurban obaran, condhong karo kang wus kapacak ana ing Torete Nabi Musa, abdining Allah.

3Misbyahe diadegake ana ing panggonane lawas, sanadyan padha wedi marang bangsa kang manggon ing kono, nuli padha nyaosake kurban obaran marang Pangeran Yehuwah ana ing misbyah iku, kurban obaran ing wayah esuk lan sore.

4Karodene padha netepi riyaya Tancebing Tarub condhong karo kang wus kapacak, sarta ing sadina-dina nyaosake kurban obaran, miturut cacah kang wus katamtokake yaiku saben dina, kaya kang wus kapranata, kanggo ing dina iku.

5Lan wiwit ing dina iku dianakake kurban obaran kang tetep, uga kanggo ing tanggal anyar lan saben dina riyaya kang suci kagem Sang Yehuwah, apadene saben-saben ana wong kang nyaosake kurban manasuka katur marang Pangeran Yehuwah.

6Anggone padha miwiti nyaosake kurban obaran marang Sang Yehuwah iku ing sasi kapitu mau tanggal sapisan, sanadyan padalemane suci Sang Yehuwah durung tinalesan.

7Nuli padha ngwenehi dhuwit marang para tukang batu lan tukang kayu, sarta ngwenehi pangan lan omben-omben tuwin lenga marang wong Sidon lan Tirus, supaya padha nggawaa kayu eres saka ing pagunungan Libanon nganti tekan segara ing sacedhake Yafo, miturut idin kang wis diparingake dening Sang Prabu Koresy ratu ing Persia.

Masang pandhemening Padaleman Suci

8Bareng nyandhak taun kang kapindho sawuse padha teka ing padalemaning Allah ing Yerusalem ing sasi kapindho, Sang Zerubabel putrane Sang Sealtiel lan Imam Yesua putrane Imam Yozadak karo para sadhereke liyane, yaiku para imam lan para wong Lewi, apadene sakehe wong kang padha bali saka ing tawanan menyang ing Yerusalem, padha wiwit tumandang ing gawe, sarta padha matah para wong Lewi kang umur rong puluh taun sapandhuwur supaya padha ngulat-ulatake pagawean mbangun padalemaning Pangeran Yehuwah.

9Imam Yesua karo para putrane lan para sadhereke tuwin Sang Kadmiel karo para putrane para wong Yehuda padha saiyeg ngulat-ulatake wong kang padha nglakoni pagawean tumrap ing padalemane Gusti Allah. Mangkono uga bani Henadad karo para putrane lan sadhereke, para wong Lewi.

10Anadene nalika para tukang padha masang tetalese padalemane sang Yehuwah, para imam banjur padha mapan klawan manganggo miturut kalungguhane kambi nggawa kalasangka, sarta para wong Lewi, bani Asaf, klawan nggawa kecer, kanggo ngluhurake Sang Yehuwah miturut tatanane Sang Prabu Dawud, ratu ing Israel.

11Klawan sesauran anggone padha ngidungake repen pepujian lan pangucap sokur kagem Sang Yehuwah: “Amarga Pangeran iku asih darma! Sih-susetyane iku langgeng tumrap Israel!” Lan wong saumat kabeh padha surak-surak sora kalawan memuji marang Sang Yehuwah, awit padalemane Pangeran Yehuwah wus tinalesan.

12Nanging panunggalane para imam lan para wong Lewi sarta para kepalaning kulawangsa kang wus tuwa, sarta isih menangi padalemane kang dhingin, akeh kang padha nangis karanta-ranta, nalika ndeleng wong padha masang tetalese padaleman iku, mangka wong akeh padha surak-surak seru marga saka bungahe.

13Wong-wong nganti ora padha bisa mbedakake swarane wong surak-surak marga saka bungah karo swaraning tangise rakyat, amarga wong akeh padha surak-surak sora, swarane nganti keprungu saka ing kadohan.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ezra 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel