Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Filipi 4 >> 

1Awit saka iku sadulur-sadulurku kang daktresnani lan kang dakkangeni, kang dadi kabungahanku lan makuthaku, padha disantosa ana ing Gusti, he sadulur-sadulurku kang kinasih.

Pitutur-pitutur wekasan

2Euodhia dakpituturi lan Sintikhe iya dakpituturi, dipadha golong-gilig ana ing Gusti.

3Lan aku uga duwe panjaluk marang kowe, Sunsugos, kancaku kang tumemen: iku padha tulungana. Awit wong iku wus padha tarung bebarengan karo aku ana ing pakabaran Injil, sarta bebarengan karo Klemens lan kanca-kancaku nyambutgawe liyane, kang jenenge padha kapacak ana ing buku kauripan.

4Padha tansah bungah-bungaha ing sajroning Gusti! Dakpindhoni maneh pituturku: Padha bungah-bungaha!

5Kabecikanmu iku disumurupana ing wong kabeh. Gusti wus celak!

6Aja padha nyumelangake bab apa bae, nanging padha lairna sakehing pepenginanmu marang Gusti Allah ing pandonga lan panyuwun kalawan caos sokur.

7Temahan tentrem-rahayu kang saka ing Gusti Allah, kang ngungkuli saliring budi, bakal rumeksa marang ati lan pangangen-angenmu ana ing Sang Kristus.

8Wasana, sadulur-sadulur, sabarang kang nyata, sabarang kang luhur, sabarang kang adil, sabarang kang suci, sabarang kang sinebut kautaman lan pantes dialem, iku kabeh padha pikiren.

9Lan apa kang wus padha koksinau lan kang koktampani, lan kokrungu sarta kokdeleng ana ing aku, iku lakonana; temahan Gusti Allah etuking tentrem-rahayu bakal nunggal karo kowe kabeh.

Rasul Paulus paring tarima kasih ing bab pisungsunge sadulur pasamuwan Filipi

10Aku bunagh banget ing sajrone Gusti, dene wusanane angen-angen lan pangrasamu tumrap aku tuwuh maneh. Kowe pancen tansah padha migatekake, nanging ora ana kobermu.

11Bab iki dakkandhakake ora marga kacingkrangan, awit aku wus sinau nyukupi awakku dhewe ing sadhengahing kaanan.

12Aku ngreti kacingkrangan iku apa lan iya ngreti kaluberan iku apa. Ing sadhengah bab lan ing sadhengah prakara ora ana kang winadi tumrap aku; ing bab kawaregan, ing bab kaluwen, ing bab kaluberan apa ing bab kekurangan.

13Sakehing prakara bisa daksangga ana ing Panjenengane kang paring kakuwatan marang aku.

14Nanging iya prayoga tumindakmu, dene kowe wus padha melu ing karibedanku.

15Lan kowe dhewe uga padha sumurup, he wong-wong Filipi, nalikane aku miwiti ngabarake Injil, nalikane aku mangkat saka ing tanah Makedhonia, ora ana pasamuwan siji-sijia kang etung-etungan karo aku bab mlebu-metuning dhuwit, kajaba kowe.

16Amarga ana ing kutha Tesalonika pisan pindho kowe wus ngirimake pitulungan marang aku.

17Mung bae kang daklengake dudu paweweh iku, nanging wohe, kang sangsaya nggedhekake kauntunganmu.

18Saiki aku wus tampa kabeh kang prelu saka kowe, malah luwih saka iku, aku kaluberan, awit aku wus tampa kirimanmu lumantar Epafrodhitus, pisungsung kang arum, korban sesaosan kang nengsemake lan ndadekake renaning Allah.

19Gusti Allahku bakal nyekapi kabeh kabutuhanmu laras karo kasugihaning kamulyane ana ing Sang Kristus Yesus.

20Gusti Allah iya Rama kita kaluhurna ing salawas-lawase! Amin.

Salam

21Salamku marang saben wong suci ana ing Sang Kristus Yesus. Salam marang kowe saka sadulur-sadulur kang bebarengan karo aku.

22Salam marang kowe saka sakehing para suci, luwih maneh saka kang klebu para abdine Sang Prabu.

23Sih-rahmate Gusti Yesus Kristus anaa ing rohmu kabeh!


  Share Facebook  |  Share Twitter

Download Audio MP3 (Filipi 4):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  Filipi 4 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel