Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Galatia 4 >> 

Ora ana pangawula maneh

1Kang dakarepake mangkene: Sajrone ahli waris durung diwasa, ora ana bedane sathithik-sathithika karo batur tukon, sanadyan ta iku kang nduweni samubarang kabeh.

2Nanging kawengku ing emban lan pamomong nganti tumeka ing wektu kang wus ditemtokake dening bapakne.

3Samono uga kita: Sajrone durung diwasa kita tetep kawengku uga dening para rohing jagad.

4Nanging bareng wus tekan ing ganepe mangsa, Gusti Allah ngutus Kang Putra, kang miyos saka wanita, miyos kawengku ing angger-anggering Toret,

5prelu nebus kabeh kang padha kawengku ing angger-anggering Toret, supaya kita bisa katrimah dadi putra.

6Lan sarehne kowe iku padha dadi putra, mulane Gusti Allah wus ngutus Rohe Kang Putra marang ing sajroning ati kita, kang nguwuh: “Abba, Rama!”

7Dadine kowe kabeh iku wus dudu batur tukon maneh, nanging putra; lan yen kowe kabeh iku putra, kowe iku uga padha dadi ahli-waris marga saka Gusti Allah.

8Biyen, nalika kowe durung wanuh marang Gusti Allah, kowe ngawula marang allah-allah kang sejatine dudu Gusti Allah.

9Nanging saiki sawuse kowe wanuh marang Gusti Allah, malah luwih saka iku, sawuse kowe ditepangi dening Gusti Allah, kapriye dene kowe kok mbaleni maneh marang roh-roh donya kang apes lan papa, sarta arep wiwit kokkawulani maneh?

10Kowe padha netepi dina-dina, sasi-sasi, mangsa-mangsa, apadene taun-taun.

11Aku kuwatir yen kangelanku kanggo kowe iku tanpa tuwas.

Elinga marang pitepungan kita ing sakawit

12Para sadulur, panjalukku marang kowe, kowe padha dadia kaya aku, sabab aku uga wus dadi padha kaya kowe. Durung tau kowe kaluputan marang aku.

13Kowe padha sumurup, manawa aku martakake Injil marang kowe kang sapisanan iku sabab awakku lara.

14Sanadyan kaya mangkono kaanane awakku, kang dadi pacoban kanggo kowe kabeh, ewadene ora kokanggep kaya barang kang ina lan kang njijiki, nanging kowe wus padha nampani aku padha kaya nampani malaekate Gusti Allah, malah padha kaya nampani Sang Kristus Yesus piyambak.

15Kaya apa begjamu nalika samana! Lan saiki ana ngendi kabegjanmu iku? Awit aku bisa nekseni mungguhing kowe, yen bisaa mangkono, kowe wus padha nyuplaki mripatmu, kokwenehake marang aku.

16Apa aku banjur dadi satrumu, marga aku mratelakake bab kayekten marang kowe?

17Wong-wong iku kanthi mempeng padha ngudi narik kowe, nanging ora kalawan tulusing ati, awit karepe bakal ngetokake kowe, supaya kowe ngeloni marang wong-wong mau kalawan tumemen.

18Pancen becik manawa wong kalawan sregep ngudi nenarik wong liya ing bab-bab kang becik, anggere terus mangkono, lan ora mung yen aku lagi ana ing antaramu bae.

19He anak-anakku, iya marga saka kowe aku ngrasakake lara kaya nglarani maneh, nganti Sang Kristus maujud cetha ana ing kowe.

20Kaya apa kangenku kapengin ana ing tengah-tengahmu ing wektu iki lan banjur bisa rerembugan kalawan swara seje, awit aku wus kentekan akal ing ngatase kowe iku.

Ibu Hagar lan Ibu Sara

21Coba kandhaa marang aku, he kowe kang padha kapengin urip kawengku ing angger-anggering Toret, apa kowe padha ora ngrungokake angger-anggering Toret?

22Rak ana tulisan, yen Rama Abraham iku kagungan putra loro ta, kang siji saka abdi lan sijine saka wanita mardika?

23Nanging putra saka abdi iku miyose manut tata daging dene putra saka wanita kang mardika iku awit saka pracaya.

24Iki sawijining pasemon. Sabab wanita loro iku mrasemoni prajanjian loro: kang siji kang asale saka gunung Sinai lan anak-anak padha batur tukon iku, yaiku Ibu Hagar --

25Ibu Hagar iku yaiku gunung Sinai ing tanah Arab -- lan padha karo Yerusalem kang saiki, urip ing pangawulan saanak-anake.

26Nanging Yerusalem kaswargan iku wanita kang mardika lan iya iku ibu kita.

27Awit ana tulisan: “Bebungaha, he wong gabug kang ora tau nglairake! Bebungaha lan surak-suraka, he kowe kang ora tau nglarani! Sabab kang ditinggal bojone, bakal duwe anak luwih akeh tinimbang kang duwe bojo.”

28Lan kowe para sadulur, kowe padha kaya Rama Iskak padha dadi putraning prasetyan.

29Nanging padha kaya biyen, kang kalairake tata daging, nguya-uya marang kang kalairake tata Roh, samono uga saiki iki.

30Nanging kapriye surasane nas Kitab Suci? “Tundhungen batur wadon iku saanake, sabab anake batur wadon iku ora bakal melu kapanduman warisan karo anake wanita kang mardika iku.”

31Awit saka iku, sadulur-sadulur, kita iki dudu anak-anake batur wadon, nanging padha dadi putra-putrane wanita kang mardika.


  Share Facebook  |  Share Twitter

Download Audio MP3 (Galatia 4):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  Galatia 4 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel