Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Hagai 1 >> 

Pangajak mbangun Padaleman Sucia

1Ing taun kang kapindhone jamane Sang Prabu Dharius, ing sasi kang kaping nem tanggal sapisan, ana pangandikane Pangeran Yehuwah lumantar Nabi Hagai, kadhawuhake marang Sang Zerubabel bin Sealtiel, bupati ing Yehuda, lan marang Imam Agung Yusak bin Yozadak, surasane:

2“Pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi mangkene: Bangsa iku padha ngucap: Saiki durung mangsane mbangun padalemane Pangeran Yehuwah!”

3Nuli ana pangandikane Pangeran Yehuwah lumantar Nabi Hagai Mangkene:

4“Apa iya wus tekan titi-mangsane sira padha manggon ana ing omahira dhewe kang linapis gebyog apik, mangka Padaleman iki tetep dadi jugrugan?

5Mulane, -- mangkene pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi --: Rasakna kaananira!

6Sira iku nyebar akeh, nanging sathithik oleh-olehane kang sira gawa mulih; sira mangan, nanging ora nganti wareg; anggonira ngombe ora nganti marem; anggonira nyandhang, ora nganti anget awakira; apadene wong kang buruh, sawuse nyambutgawe anggone nyimpen buruhane ana ing kanthong kang bolong!

7Pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi mangkene: Rasakna kaananira!

8Padha munggaha ing gunung, njupuka kayu, Padaleman iki kabanguna, temah bakal ndadekake keparenging panggalihingSun, sarta Ingsun bakal ngatingalake kaluhuraningSun ana ing kono, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --.

9Sira padha ngarep-arep akeh, nanging oleh-olehane mung sathithik, lan bareng sira lebokake ing omahira, banjur Sunsebul, sabab apa? -- Mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi --. Jalaran PadalemaningSun isih tetep dadi jugrugan, mangka sira padha ribut ngopeni omahira dhewe.

10Mulane langit mandheg anggone nurunake ebun, sarta bumi iya ngendheg pametune.

11Karodene Ingsun ndhatengake mangsa ketiga ngerak ana ing bumi, ana ing gunung-gunung, sarta kang tumanduk marang gandum lan anggur, tuwin marang lenga lan marang pametune bumi, marang manungsa lan kewan apadene marang sakehe oleh-olehaning panyambutgawe.”

12Sang Zerubabel bin Sealtiel karo Imam Agung Yusak bin Yozadak, sarta sakekarene umat kabeh, banjur padha ngestokake dhawuhe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe lan pangandikane Nabi Hagai, kaya anggone kadhawuhan dening Sang Yehuwah, Gusti Allahe; bangsa mau banjur wedi marang Pangeran Yehuwah.

13Ing kono Nabi Hagai, utusane Pangeran Yehuwah iku nuli nglairake pangandika miturut dhawuh piwelinge Sang Yehuwah marang bangsa mau, surasane: “Pangandikane Sang Yehuwah: Ingsun nganthi marang sira!”

14Karodene Pangeran Yehuwah nggigah semangate Sang Zerubabel bin Sealtiel, bupati ing Yehuda, lan Imam Agung Yusak bin Yozadak, sarta semangate sakekarene umat, tumuli kabeh padha teka lan tumandhang ing gawe kanggo padalemane Sang Yehuwah, Gustine sarwa dumadi, Gusti Allahe,

15(2-1a) ing sasi nem, tanggal patlikur.

Kaendahane Padaleman Suci kang anyar

(2-1b) Ing taun kang kaping pindhone jamane Sang Prabu Dharius,


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Hagai 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel