Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Hakim-hakim 17 >> 

Reca sesembahane Mikha

1Ing pagunungan Efraim ana sawijining wong, jenenge Mikha.

2Dheweke matur marang ibune: “Artanipun selaka ibu, sewu satus ingkang ical kapendhet ing tiyang, ngantos panjenengan ngucapaken supaos -- kula piyambak mireng pangandika panjenengan -- punika wonten ing kula, kula ingkang mendhet.” Wangsulane ibune: “Kaberkahana anakku dening Pangeran Yehuwah.”

3Sawuse iku dhuwit selaka sewu satus iku tumuli dibalekake marang ibune. Nanging ibune ngandika: “Dhuwit iku daksengker konjuk marang Sang Yehuwah, dakpasrahake marang anakku, supaya ditanjakna kanggo gawe reca ukir-ukiran lan reca cor-coran. Mulane saiki dhuwit iku dakbalekake marang kowe.”

4Nanging dhuwit iku dibalekake marang ibune, wong wadon iku nuli njupuk dhuwite selaka rong atus lan kawenehake marang tukang selaka; dhuwit iku kagawe reca ukir-ukiran lan cor-coran kang banjur diprenahake ana ing omahe Mikha.

5Mikha iku duwe omah brahala. Banjur digawekake efod lan terafim; salah sawijining anake lanang didadekake imam.

6Ing nalika samana ing Israel ora ana ratune, angger wong nindakake apa kang dianggep bener miturut wawasane.

7Ana sawijining wong anom saka ing Betlehem-Yehuda, saka taler Yehuda; dheweke kalebu wong Lewi lan manggon ana ing kono dadi wong neneka.

8Wong mau banjur budhal saka ing kutha Betlehem-Yehuda, arep neneka ana ing ngendi bae janji oleh panggonan; anggone lelaku tumeka ing pagunungan Efraim, ing omahe Mikha.

9Tumuli diaruh-aruhi dening Mikah mau: “Panjenengan saking pundi?” Wangsulane: “Kula punika tiyang Lewi saking Betlehem-Yehuda, kula kekesahan badhe neneka wonten ing pundi kemawon uger angsal panggenan.”

10Celathune Mikha marang wong mau: “Sumangga panjenengan kula aturi dedalem nunggil kaliyan kula, badhe kula anggep bapa saha imam kula, saben taun panjenengan badhe kula caosi arta selaka sadasa, pangageman sapangadeg saha dhahar.”

11Wong Lewi mau nyarujuki tetep manggon tetunggalan karo wong mau. Wong nom mau diangggep kaya salah sawijining anake dhewe.

12Mikha netepake wong Lewi mau, wong nom iku, dadi imame sarta manggon ana ing omahe Mikha.

13Pangucape Mikha: “Saiki aku sumurup, yen Sang Yehuwah bakal paring karaharjan marang aku, marga ana wong Lewi dadi imamku.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Hakim-hakim 17 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel