Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Hakim-hakim 9 >> 

Sang Abimelekh dadi raja ana ing Sikhem

1Anadene Sang Abimelekh bin Yerubaal, tindak menyang ing Sikhem manggihi para sadhereke ibune lan reraosan karo iku tuwin karo kulawangsane ibune kabeh mangkene:

2“Kula nyuwun tulung, panjenengan kula aturi ngandika dhateng sakathahipun tiyang ing Sikhem, makaten: Pundi ingkang prayogi tumrap panjenengan sadaya, kaereh ing tiyang pitung dasa, inggih punika para putranipun Rama Yerubaal sadaya, punapa dening tiyang satunggal? Saha mugi karsaa ngengeti, bilih kula punika kulit-daging panjenengan.”

3Para sadhereke ibune tumuli padha nyaritakake marang sakehing wong ing kutha Sikhem bab Sang Abimelekh, temah atine wong ing kono padha kagendheng marang sang Abimelekh, awit celathune: “Dheweke iku rak sadulur kita?”

4Sang Abimelekh tumuli dicaosi dhuwit pitung puluh sekel selaka kajupuk saka ing kabuyutane Baal-Berit; iku banjur diagem ngopahi wong glandhangan lan wong mblasar supaya ngetutburi panjenengane.

5Tumuli tindak menyang ing daleme ramane ing Ofra, sarta nyirnakake para sadhereke, putrane Sang Yerubaal wong pitung puluh, landhesan watu siji. Nanging Sang Yotam, putrane Sang Yerubaal, kang wuragil bisa oncat marga ndhelik.

6Sakehing wong ing kutha Sikhem lan ing Bet-Milo banjur padha nglumpuk ana ing sacedhake wit elon ing panggonan tugu pangeling-eling kang ana ing kutha Sikhem, njumenengake Sang Abimelekh dadi ratu.

7Bareng Sang Yotam kawartanan bab lelakon iku mau, tumuli tindak sarta mapan ing pucaking gunung Gerizim, banjur nguwuh-uwuh kalawan swara seru marang wong-wong mau, mangkene: “Lha mugi sami midhangetna atur kula, dhuh para ingkang sami manggen ing kitha Sikhem, supados Gusti Allah inggih miyarsakna atur panjenengan ugi.

8Ing satunggaling dinten wit-witan sami nglempak badhe milih ingkang badhe dipun jebadi dados ratunipun. Tembungipun dhateng wit jaitun: Sumangga panjenengan kula aturi dados ratu kula!

9Nanging sami dipun wngsuli dening wit jaitun wau: Apa kiramu aku gelem ninggal lengaku, kang kanggo ngluhurake gusti Allah lan manungsa, banjur lunga nglayang ana ing dhuwur wit-witan?

10Wit-witan tumuli sami nembung dhateng wit ara: Sumangga ta, panjenengan kula aturi dados ratu kula!

11Nanging wit ara mangsuli: Apa kiramu aku gelem ninggal lelegiku lan wohku kang becik-becik, banjur lunga nglayang ana ing dhuwur wit-witan?

12Wit-witan lajeng sami nembung dhateng wit anggur: Sumangga ta panjenengan kula aturi dados ratu kula!

13Nanging wit anggur mangsuli: Apa kiramu aku gelem ninggal duduhe wohku anggur, kang ndadekake renaning panggalihe Gusti Allah lan gawe senenging manungsa, banjur lunga nglayang ana ing dhuwur wit-witan?

14Wit-witan lajeng sami nembung dhateng eri bebondhotan: Sumangga ta panjenengan kula aturi dados ratu kula.

15Eri bebondhotan lajeng mangsuli dhateng wit-witan mau: Manawa dhasar temen-temen anggonmu padha arep njebadi aku dadi ratumu, mara padha ngauba ana ing ayomku; nanging manawa ora, kareben ana geni kang metu saka ing bebondhotan lan mangsa wit-wit kang ana ing pagunungan Libanon.

16Ingkang punika manawi dhasar tumindak panjenengan punika klayan temen-temen, saha jujur, inggih punika anggen panjenengan ndadosaken ratu Abimelekh, saha manawi panjenengan nandukaken pandamel sae dhateng Rama yerubaal saha turunipun, manawi panjenengan malesaken panjenenganipun ingkang satimbang kaliyan lelabetanipun,

17-- rama kula rak sampun andon perang mbelani panjenengan sadaya saha ngetohaken nyawanipun sarta sampun ngluwari panjenengan saking pamengkunipun tiyang Midian,

18mangka ing sapunika panjenengan kok sami mbalela dhateng turunipun rama kula, sarta mejahi putranipun, tiyang pitung dasa, landhesan sela satunggal, saha Abimelekh anaking abdinipun estri panjenengan dadosaken ratunipun para tiyang ing kitha Sikhem, dupeh punika sadherek panjenengan --

19dados manawi panjenengan ing dinten punika tumindak setya saha tulus eklas tumrap Rama Yerubaal saha turunipun, sumangga panjenengan sami bingah-bingaha ing ngatasipun Abimelekh, saha Abimelekh kajengipun bingah-bingah ing ngatasipun panjenengan.

20Nanging bilih boten makaten, mugi wontena latu ingkang medal saking Abimelekh ingkang mangsa para tiyang ing kitha Sikhem lan ing Bet-Milo ngantos telas sarta wontena latu ingkang medal saking para tiyang ing kitha Sikhem lan ing Bet-Milo ingkang mangsa dhateng Abimelekh.”

21Sang Yotam tumuli lumajeng ngungsi menyang ing Beer sarta manggen ana ing kono marga saka ajrihe marang Sang Abimelekh sadhereke iku.

22Bareng Sang Abimelekh wus oleh telung taun anggone ngratoni ing Israel,

23Gusti Allah banjur nuwuhake semangat ala ing antarane Sang Abimelekh lan para wong ing kutha Sikhem, satemah wong ing Sikhem iku padha ora setya marang Sang Abimelekh,

24supaya panganiaya kang tumanduk marang para putrane Sang Yerubaal pitung puluh iku oleha piwales lan wutahing getihe katempuhna marang Sang Abimelekh sadhereke, kang wus nyedani para putra mau, sarta marang wong ing kutha Sikhem, kang padha mbiyantu nyedani para sadhereke iku.

25Amarga wong ing kutha Sikhem iku padha mapanake wong kang ngadhang panjenengane ana ing perenging gunung sarta padha mbegali sapa kang liwat metu ing dalan kono. Prakara iku kawartakake marang Sang Abimelekh.

26Nalika samana Gaal bin Ebed dalah para sadulure wus padha teka lan ngalih menyang ing kutha Sikhem. Wong ing kutha Sikhem padha kumandel marang dheweke.

27Nuli padha metu menyang ing pategalan, ngundhuhi lan mipit wohing pakebonane anggur, banjur padha nganakake pahargyan lumebu ing kabuyutane allahe, padha mangan lan ngombe sarta ngipat-ipati Sang Abimelekh.

28Gaal bin Ebed mau banjur kandha: “Abimelekh iku sapa, lan sapa kita, wong Sikhem iki, dene kita kok dadi abdine? Anake Yerubaal lan Zebul wakile, iku rak padha dadi abdine wong-wonge Hamor, bapakne Sikhem, mulane apa sababe, dene aku padha dadi abdine?

29Saupama aku ngwasani wong-wong ing kutha kene, Abimelekh mesthi daktundhung.” Dheweke banjur celathu marang Abimelekh: “Payo santosakna balamu, enggal ngluruga!”

30Bareng Sang Zebul, panggedhene kutha kono, mireng tembunge Gaal bin Ebed mau, banjur muntab dukane.

31Sang Zebul banjur nglampahake utusan menyang ing ngarsane Sang Abimelekh ing Aruma, kadhawuhan matur: “Lah Gaal bin Ebed kaliyan para sadherekipun sami dhateng ing Sikhem, tuwin kauningana, punika sami ngojok-ojoki tiyang Sikhem supados nglawan dhumateng panjenengan dalem.

32Ingkang punika sumangga panjenengan dalem kawula aturi jengkar ing wanci dalu, inggih panjenengan dalem dalah rakyat ingkang ndherekaken panjenengan dalem, saha kawula aturi nyegat wonten ing pategilan.

33Benjing-enjing, ing wanci pletheking surya panjenengan dalem kawula aturi nempuh kitha punika. lah manawi pun Gaal sabalanipun sami medali nglawan panjenengan dalem, panjenengan dalem lajeng karsaa nandukaken punapa ingkang laras kaliyan kawontenan, ingkang panjenengan dalem uningani.”

34Mulane Sang Abimelekh ing wayah bengi banjur bidhal dalah rakyat kang ndherekake kabeh, sarta ana ing Sikhem tumuli nganakake panyegatan patang pantha kanggo nglawan Sikhem.

35Bareng Gaal bin Ebed metu lan ngadeg ana ing ngarepe gapuraning kutha iku, Sang Abimelekh pinuju budhal saka ing panyegatan karo rakyat kang ndherekake.

36Bareng Gaal weruh bala mau banjur matur marang Sang Zebul: “Lah kok wonten tiyang kathah ingkang mandhap saking pucaking redi.” Sang Zebul mangsuli: “Iku wayanganing gunung, kang koksengguh wong.”

37Nanging Gaal matur maneh: “Lah wonten tiyang kathah ingkang mandhap saking redi Pusering Siti lan wonten sapantha malih dhateng saking margi wit elon Pameca.”

38Paring wangsulane Sang Zebul marang Gaal: “Ana ing ngendi saiki cangkemmu kang duwe pangucap: Abimelekh iku sapa, dene aku kok padha ngawula marang dheweke? Iki wong-wong kang padha kokcampahi. Saiki majua tempuhen iku!”

39Gaal banjur mangsah sinawang dening wong ing kutha Sikhem nempuh perang nglawan Sang Abimelekh.

40Nanging tumuli dioyak dening Sang Abimelekh lan lumayu saka ing ngarsane, sarta akeh kang padha mati nganti tekan ing sangarepe gapura.

41Dene Sang Abimelekh iku tetep ana ing Aruma, nanging Sang Zebul nundhung Gaal karo para sadulure, temah padha ora bisa tetep manggon ana ing Sikhem.

42Esuke wong ing kutha kono padha metu menyang ing pategalan. Bareng prakara iku diaturake maang Sang Abimelekh,

43Sang Abimelekh tumuli mbekta balane, diperang dadi telung pantha sarta nata panyegatan ana ing pategalan. Bareng katon wong-wong padha metu saka ing kutha banjur ditempuh lan dipateni.

44Sang Abimelekh karo bala sapantha kang ndherekake iku padha nempuh lan banjur mapan ana ing gapuraning kutha, dene kang rong pantha padha nempuh lan mateni kabeh wong kang ana ing petegalan.

45Sang Abimelekh panempuhe marang kutha iku nganti sadina muput; kuthane direbut lan wong-wong saisine dipateni, kuthane digempur lan disawuri uyah.

46Bareng wong saisine kutha Menara-Sikhem krungu kang mangkono iku, banjur padha lumebu ing guwa sangisore kabuyutane El-Berit.

47Sang Abimelekh nuli dicaosi uninga, yen sakehing wong ing kutha Menara-Sikhem nglumpuk ana ing kono.

48Sang Abimelekh dalah sabalane kabeh tumuli munggah ing gunung Zalmon. Sang Abimelekh banjur mundhut wadung lan ngethoki pang-panging wit-witan, tumuli dipanggul sarta dhawuh marang wong kang padha ndherekake: “Enggal padha nindakna apa kang daklakoni, kang padha kok deleng iki!”

49Balane banjur iya padha ngethoki pang dhewe-dhewe sarta ndherekake Sang Abimelekh; kayune tumuli ditumpangake ing guwa mau, sarta guwa iku diobong klawan geni ana ing sadhuwure sirahe wong-wong mau, temah wong-wong saisine kutha Menara-Sikhem iya padha mati, lanang lan wadon watara wong sewu.

Sang Abimelekh seda ditibani watu

50Sawuse mangkono Sang Abimelekh banjur nglurugi kutha Tebes, nuli dikepung lan dibedhah.

51Nanging ing satengahing kutha ana menara kang santosa, kang diungseni dening wong lanang lan wadon, kabeh saisine kutha iku; lawange banjur dikancing lan wonge padha munggah ing payone menara iku.

52Sang Abimelekh uga wus rawuh ing menara kono, kang banjur ditempuh lan saged nrobos nganti tekan ing lawanging menara lan arep mbesmi iku.

53Nanging nuli ana sawenehing wong wadon, kang nibakake watu panggilingan ngenani mustakane Sang Abimelekh, temah remuk.

54Sang Abimelekh tumuli nimbali abdi kang ngampil gegamane, iku didhawuhi: “Pedhangmu unusen, aku patenana, supaya aku aja nganti dikandhak-kandhakake: Wong wadon kang mateni.” Banjur disuduk dening abdine dadi lan sedane.

55Bareng wong Israel padha weruh yen Sang Abimelekh wus seda, tumuli padha mulih menyang panggonane dhewe-dhewe.

56Mangkono anggone Gusti Allah malesake durakane Sang Abimelekh kang ditandukake marang ramane, yaiku anggone nyedani sadhereke pitung puluh.

57Mangkono uga sakehing durakane wong ing Sikhem iya ditempuhake marang sirahe dhewe dening Gusti Allah. Kaya mangkono dadine ipat-ipate Sang Yotam bin Yerubaal kang tumanduk marang wong-wong mau.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Hakim-hakim 9 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
© 2010-2019
Alkitab.SABDA.org

Android.SABDA.org
SABDA.mobi
Bantuan
Dual Panel

Laporan Masalah/Saran