Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Hosea 2 >> 

1(1-12) Para sadulurira lanang padha sira kandhanana: “Ami!”, lan marang sadulurira wadon: “Rukhama!”

Israel ditampik sarta kabangun maneh

2(2-1) “Biyungira lapurna, iya lapurna, awitdene iku dudu garwaningSun, lan Ingsun iki dudu kakunge; konen mbuwang panyundele saka ing raine, lan anggone laku jina saka ing selaning susune,

3(2-2) supaya aja nganti Sundhedheli sandhangane kongsi wuda, Sundadekake padha kaya ing nalika laire, Sundamel kaya pasamunan, Sundadekake kaya tanah mati, banjur Suntegakake nganti mati kasatan.

4(2-3) Anadene anak-anake padha ora Sunwelasi, awitdene iku padha anak sundel.

5(2-4) Marga biyunge dadi sundel; kang ngetengake wus nindakake kanisthan, awit pangucape: Aku arep ngetutake para bedhanganku, kang aweh roti lan banyu pangombenku kain wol lan lenaku, lengan lan omben-ombenku.

6(2-5) Mulane lah dalane bakal Sunpasangi sangkrah eri, sarta wong iku bakal Sunpageri tembok mubeng, satemah ora bisa nemu dalan-dalane.

7(2-6) Banjur arep ngoyak-oyak para bedhangane, nanging ora bakal kecandhak, sarta arep nggoleki para bedhangane iku, nanging ora ketemu. Temah banjur bakal ngucap: Dakbali ngulihi bojoku jaka-lara, marga kaananku nalika samana luwih kapenak tinimbang karo saiki.

8(2-7) Nanging dheweke iku ora ngrumangsani yen Ingsun kang maringi gandum, anggur lan lenga, sarta kang ngakehake salakane lan mase kang dianggo gawe reca Baal.

9(2-8) Mulane Ingsun bakal mundhut baline gandumingSun ing kala mangsane, lan angguringSun ing saben wektune, apadene ngrampas wol lan lenaningSun kang kanggo nutupi kawirangane.

10(2-9) Sarta saiki bakal Suneler kawirangane, ana ing ngarepe para bedhangane, lan ora ana wong kang bakal ngluwari dheweke saka ing astaningSun.

11(2-10) Sakehe kabungahane bakal Sunuwisi riyayane, lan sasine anyar apadene dina Sabate lan sakehe dinane gedhe.

12(2-11) Ingsun bakal nyirnakake wite anggur lan wite anjir, kang wus padha diucapake: Iki kabeh paweweh marang aku, kang diwenehake marang aku dening kekasihku. Iku bakal Sundadekake alas, lan kewan ing ara-ara bakal mangani iku nganti entek.

13(2-12) Karomaneh dheweke bakal Sunukum marga saka dina-dina nalika nyaosake kurban marang para Baal, sarta nganggo anting-antinge lan kalunge, tuwin banjur ngetutake para bedhangane nanging lali marang Ingsun,” mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.

14(2-13) “Kang iku, dheweke bakal Sunarih-arih, sarta Sunajak menyang ing pasamunan, lan Sunpangandikani kang gawe leganing atine.

15(2-14) Ingsun bakal maringake kebone anggur ana ing kana, apadene Sunparingi lebak Akhor minangka gapuraning pangarep-arep. Ana ing kono dheweke bakal ngidung-ngidung kaya nalika isih enom, kaya nalika mangkat metu saka ing tanah Mesir.

16(2-15) Ing dina iku -- mangkono pangandikaning Sang Yehuwah --, Ingsun bakal sira sebut: Kakung kawula, lan Ingsun ora sira sebut maneh: Baal kawula!

17(2-16) Karomaneh jenenge sakehe Baal bakal Sunbirat saka ing cangkemira, banjur ora disebut-sebut maneh.

18(2-17) Sarta ing dina iku sira bakal Sundamelake prajanjian karo sato-kewan ing ara-ara lan manuk-manuk ing awang-awang, apadene karo sakabehe kewan kang gumremet ana ing bumi. Gandhewa, pedhang sarta pirantining perang bakal padha Sunsirnakake saka ing bumi, tuwin sira bakal Sundamel bisa nglegeyeh kalawan tentrem.

19(2-18) Sira bakal Sunpundhut garwa kanggo ing salawas-lawase, lan anggoningSun mundhut garwa sira iku kalawan kaadilan lan kabeneran, sarta kalawan sih-susetya lan sih-katresnan.

20(2-19) Sira bakal Sunpundhut garwa kalawan setya-tuhu, satemah sira bakal wanuh marang Pangeran Yehuwah.

21(2-20) Ing nalika iku -- mangkono pangandikaning Sang Yehuwah -- Ingsun bakal midhangetake marang langit, lan langit bakal ngrungokake marang bumi.

22(2-21) Bumi bakal ngrungokake marang gandum, anggur lan lenga, sarta iku bakal padha ngrungokake marang Yizreel.

23(2-22) Tumuli iku bakal Sunsebar ana ing bumi lan dadi kagunganingSun, lan Ingsun bakal paring piwelas marang Lo-Rukhama, tuwin Ingsun bakal ngandika marang Lo-Ami, iku: Sira iku umatingSun! Dene iku bakal munjuk: Dhuh Allah kawula!”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Hosea 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel