Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Ibrani 3 >> 

Kaluhurane Gusti Yesus ngungkuli Nabi Musa

1Mulane, heh para sadulur kang suci, kang padha oleh panduman timbalan kaswargan, padha mawasa marang Sang Rasul sarta Imam Agung kang kiat akoni, iya iku Gusti Yesus,

2kang setya marang kang wis njumenengake, kayadene Nabi Musa kang setya ing sapadalemane kabeh.

3Jalaran Panjenengane kaanggep sembada kaparingan kamulyan kang ngluwihi Nabi Musa, padha kayadene kang gawe omah luwih kajen tinimbang omah gegaweane.

4Amarga saben omah digawe dening sawijining ahli gawe omah; ananging Ahli kang yasa samubarang kabeh iku Gusti Allah.

5Karodene Nabi Musa pancen tumemen ana ing padalemane Allah kayadene pelados, supaya paring paseksen ing bab apa kang ing tembe bakal dipangandikakake,

6ananging Gusti Kristus iku setya kayadene Putra kang mengku padalemane; sarta padalemane iya iku kita, angger kita padha kukuh ing pracaya sarta ing pangarep-arep kang kita agung-agungake nganti tumeka ing wekasan.

Tampa bebendu marga murtad

7Jalaran saka iku, kaya kang kapangandikakake dening Roh Suci: “Ing dina iki, manawa sira padha krungu swarane,

8aja padha mangkotake atinira, kaya anane panggrundel, ing nalika jaman panyoba ana ing pasamunan,

9ing kono leluhurira padha nyoba marang Ingsun, kanthi cara ndadar Ingsun, sanadyan padha weruh pakaryan-pakaryaningSun,

10lawase patang puluh taun. Yaiku sababe Ingsun duka marang golongan iku sarta ngandika: Wong-wong iku tansah nasar atine, sarta padha ora nyumurupi marginingSun,

11temahan Ingsun supaos sajroning bebenduningSun: Wong-wong iku ora bakal mlebu ing panggonan paleremaningSun.”

12He, para sadulur, pada diwaspada, supaya ing antaramu aja ana kang kadunungan ati ala sarta ora pracaya amarga murtad nyingkur marang Gusti Allah kang asipat gesang.

13Nanging padha eling-ingelingna ing sadina-dina sajrone isih bisa kaaranan “dina iki”, supaya panunggalanmu aja ana kang dadi wangkot atine, marga saka pamblithuking dosa.

14Jalaran kita wus oleh panduman ana ing Sang Kristus, angger kia padha ngukuhi ing kayakinaning pracaya kita kang wiwitan, nganti tumeka ing wekasan.

15Ananging manawa wus tau kapangandikakake: “Ing dina iki, manawa sira krungu swarane, aja padha mangkotake atinira, kaya nalika ana ing sajroning panggrundel.”

16Sapa ta kang memungu dukaning Allah, sanadyan padha krungu swarane? Apa dudu wong kabeh kang padha metu saka ing tanah Mesir katuntun dening Nabi Musa?

17Sarta sapa kang dibendoni dening Panjenengane patang puluh taun lawase? Apa dudu wong kang padha nglakoni dosa sarta kang jisime pating glimpang ana ing pasamunan?

18Lan sapa kang wus disupaosi, bakal ora padha lumebu ing panggonan paleremane? Apa dudu wong kang padha ora mbangun-miturut iku?

19Dadine kita padha sumurup, manawa wong iku padha ora bisa lumebu amarga saka anggone ora pracaya.


  Share Facebook  |  Share Twitter

Download Audio MP3 (Ibrani 3):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  Ibrani 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel