Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Kejadian 11 >> 

Menara Babil

1Anadene wong sajagad iku padha tunggal basa lan tunggal tembung.

2Kacarita bareng padha lumaku mangetan, banjur weruh ara-ara jembar ing tanah Sinear, tumuli padha manggon ana ing kono.

3Banjur padha rasanan: “Payo padha nyithak bata lan diobong kang mateng.” Batane kanggo watu pasangan, lan kang digawe lepane aspal.

4Pangucape maneh: “Payo padha yasa kutha, nganggo menara kang pucake sundhul langit, supaya jeneng kita dadi misuwur lan kita aja nganti pating slebar ana ing salumahe bumi.”

5Sang Yehuwah tumuli tumedhak karsa mirsani kutha lan menara kang lagi dibangun dening para anaking manungsa mau;

6sarta pangandikane Sang Yehuwah: “Lah wong-wong iku padha tunggal bangsa lan tunggal basa; iki lagi wiwitaning kekarepane, mengko rak bakal wus ora kena diendhakake apa kang dadi sedyane.

7Payo, Kita padha tumedhak lan ngisruhake basane, supaya siji lan sijine aja nganti ngreti basane.”

8Mangkono dadine Sang Yehuwah mbubarake wong-wong mau saka ing kono menyang ing salumahing bumi, temahan padha kandheg anggone padha yasa kutha.

9Mulane tilase mau diarani: Babil, marga ana ing kono Sang Yehuwah anggone ngisruhake basane wong-wong ing salumahing bumi, lan saka ing kono Sang Yehuwah anggone mbuyarake wong-wong mau menyang ing salumahing bumi.

Para turune Sem

10Iki tedhak-turune Sem. Sem nalika umur satus taun, anak-anak Arpakhsad, antara rong taun sawuse banjir gedhe.

11Sawuse anak-anak Arpakhsad, isih diganjar umur maneh limang atus taun, sarta duwe anak lanang lan wadon.

12Arpakhsad nalika umur telung puluh lima taun, duwe anak Selah.

13Sawuse anak-anak Selah, Arpakhsad mau isih diganjar umur maneh patang atus telu taun, sarta duwe anak lanang lan wadon.

14Selah nalika umur telung puluh taun, duwe anak Eber.

15Sawuse anak-anak Eber, Selah isih diganjar umur maneh patang atus telu taun, sarta duwe anak lanang lan wadon.

16Eber nalika umur telung puluh papat taun, duwe anak Peleg.

17Sawuse anak-anak Peleg, Eber mau diganjar umur maneh patang atus telung puluh taun, sarta duwe anak lanang lan wadon.

18Peleg nalika umur telung puluh taun, duwe anak Rehu.

19Sawuse anak-anak Rehu, Peleg isih diganjar umur maneh rong atus sanga taun, sarta duwe anak lanang lan wadon.

20Rehu nalika umur telung puluh loro taun, duwe anak Serug.

21Sawuse anak-anak Serug, Rehu mau isih diganjar umur maneh rong atus pitu taun, sarta duwe anak lanang lan wadon.

22Serug nalika umur telung puluh taun, duwe anak Nahor.

23Sawuse anak-anak Nahor, Serug mau isih diganjar umur maneh rong atus taun, sarta duwe anak lanang lan wadon.

24Nahor nalika umur sanga likur taun, duwe anak Terah.

25Sawuse anak-anak Terah, Nahor mau isih diganjar umur maneh satus sangalas taun, sarta duwe anak lanang lan wadon.

26Terah nalika umur pitung puluh taun, duwe anak Abram, Nahor lan Haran.

Pratelan turune Terah

27Iki tedhak-turune Terah. Terah anak-anak Abram, Nahor lan Haran, sarta Haran anak-anak Lut.

28Haran ngajal ndhisiki Terah bapakne, ana ing tanah kalairane, yaiku ing tanah Ur-Kasdim.

29Abram lan Nahor padha omah-omah, somahe Abram jenenge Sarai lan somahe Nahor jenenge Milka, anake Haran, bapakne Milka lan Yiska.

30Anadene Sarai mau gabug ora duwe anak.

31Terah nuli ngajak Abram lan Lut putune, anake Haran, apadene Sarai somahe Abram, budhal saka ing tanah Ur-Kasdim sedyane menyang tanah Kanaan; bareng lakune tutug ing tanah Haran, tumuli padha manggon ing kono.

32Umure Terah iku rong atus lima taun, banjur ngajal ana ing Haran kono.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Kejadian 11 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel