Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Kejadian 12 >> 

Rama Abram katimbalan dening Gusti Allah

1Sang Yehuwah dhawuh marang Rama Abram: “Sira lungaa ninggala tanahira, kulawangsanira lan omahe bapakira, menyanga ing nagara kang bakal Suntedahake marang sira.

2Sira bakal Sundadekake bangsa kang gedhe lan Sunberkahi, sarta jenengira Sundadekake luhur, tuwin sira bakal dadi berkah.

3Sapa kang mberkahi sira mesthi bakal Sunberkahi, kang ngipat-ipati sira bakal Sunipat-ipati, sarta sira bakal dadi jalarane para bangsa ing salumahing bumi padha binerkahan.”

4Rama Abram tumuli bidhal netepi apa kang didhawuhake dening Sang Yehuwah, sarta Lut ndherek. Rama Abram nalika bidhal saka Haran yuswane pitung puluh lima tahun.

5Dadine Rama Abram mboyongi kang garwa Sarai lan Lut kaponakane apadene sabarang kagungane sarta para abdi tumbasan saka ing Haran, banjur bidhal menyang tanah Kanaan, lan iya kelakon rawuh ing tanah Kanaan.

6Rama Abram banjur ndlajahi tanah mau nganti tutug ing panggonan ing sacedhake Sikhem, yaiku ing sacedhake wit terbantin ing More. Nalika samana kang ngenggoni tanah kono bangsa Kanaan.

7Kacarita Sang Yehuwah nuli ngatingal marang Rama Abram sarta ngandika: “Turunira bakal Sunparingi tanah iki.” Rama Abram banjur yasa misbyah konjuk marang Sang Yehuwah kang wus ngatingal marang panjenengane mau.

8Saka kono pindhah menyang ing pagunungan sawetane Betel, sarta ngadegake tarub ana ing saantarane Betel kang kaprenah ing kulone, lan Ai ing wetane; ana ing kono nuli yasa misbyah konjuk marang Sang Yehuwah, lan ngluhurake asmane.

9Sawuse mangkono Rama Abram nglajengake tindake saya adoh menyang ing Tanah Negeb.

Rama Abram ana ing tanah Mesir

10Bareng ing tanah kono pinuju pailan, Rama Abram bidhal menyang ing tanah Mesir, sumedya lereb ana ing kono kayadene wong manca, marga pailane nggegirisi banget.

11Kacarita bareng tindake wus cedhak tanah Mesir, tumuli ngandika marang kang garwa Ibu Sarai: “Lah ta, aku weruh yen kowe iku wanita kang endah ing warna,

12samangsa wong Mesir ndeleng kowe, mesthi ngarani: Iku somahe, banjur aku mesthi dipateni lan kowe diuripi.

13Bok iya kowe kandha yen sadulurku, supaya aku lestaria slamet marga saka kowe, lan nyawaku tulusa urip marga saka kowe.”

14Kacarita bareng Rama Abram wus lumebet ing tanah Mesir, wong Mesir padha ndeleng yen wanita iku ayu banget,

15lan bareng para abdi daleme Sang Pringon padha ndeleng Ibu Sarai, banjur ngalembana ana ing ngarsane Sang Prabu Pringon, temahan Ibu Sarai kaladekake menyang kedhatone Sang Prabu Pringon.

16Rama Abram ditanduki becik marga saka Ibu Sarai, sarta banjur diparingi wedhus, sapi lan kuldi lanang, batur tukon lanang lan wadon, apadene kuldi wadon lan unta.

17Nanging Sang Yehuwah ndhawahake bebendu kang abot banget marang Sang Pringon dalah brayate marga saka Ibu Sarai garwane Rama Abram iku.

18Sang Prabu Pringon banjur nimbali Rama Abram sarta ngandika: “Apa kang sira tandukake marang ingsun? Yagene sira ora ngaturi uninga marang ingsun, yen wong wadon iku somahira?

19Yagene sira matur: Punika sadherek kawula, temahan nganti sunpundhut garwa? Lah, ta iku somahira, gawanen lan mundura!”

20sang Prabu Pringon banjur dhawuh marang abdine supaya ngeterake tindake Rama Abram dalah kang garwa apadene sabarang kagungane kabeh.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Kejadian 12 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel