Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Kejadian 28 >> 

1Rama Iskak banjur nimbali Yakub, diberkahi sarta diweling, dhawuhe: “Kowe aja golek sisihan bocah wadon Kanaan.

2Tata-tataa, mangkata menyang tanah Padan-Aram, ing daleme Rama Betuel, ramane ibumu, lan goleka sisihan ana ing kana, panunggalane anake Laban sadulure ibumu.

3Gusti Allah Kang Mahakawasa muga mberkahana kowe, lan didadekna bebranahan tangkar-tumangkara supaya dadi golonganing bangsa.

4Muga kowe diparingana berkah kang kanggo Rama Abraham, iya kowe dalah turunmu, temah kowe bisa nduweni tanah iki, iya kang kokenggoni kayadene wong neneka, kang wus diparingake Gusti Allah marang Rama Abraham.”

5Mangkono Rama Iskak anggone ndawuhi lunga Yakub; Yakub banjur mangkat menyang Padan-Aram, ing panggonane Laban putrane Rama Betuel wong Aram, sadulure Ibu Ribkah, ibune Yakub lan Esap.

6Esap bareng weruh manawa Rama Iskak wus mberkahi Yakub, sarta didhawuhi lunga menyang ing Padan-Aram supaya golek sisihan saka ing kana -- ing nalikane mberkahi mau nganggo diweling: “Aja golek sisihan wong wadon bangsa Kanaan.” --

7Karomaneh Yakub miturut marang dhawuhe kang rama lan kang ibu, tumuli mangkat menyang ing Padan-Aram,

8Esap dadine rumangsa yen wong wadon Kanaan iku ora ndadekake renane Rama Iskak, kang rama.

9Mulane Esap banjur lunga nemoni Rama Ismael perlu njupuk Mahalat dadi sisihane, diwayuh karo somahe kang dhisik. Mungguh Mahalat mau putrane Rama Ismael putrane Rama Abraham, adhine Nebayot.

Yakub ngimpi ana ing Betel

10Anadene Yakub mangkat saka Bersyeba menyang ing Haran.

11Bareng tekan ing sawijining panggonan, banjur nginep ana ing kono, marga wus kasurupan ing srengenge. Nuli njupuk watu siji saka ing panggonan mau dianggo bantal, lan ngaso ana ing kono.

12Banjur ngimpi: Lah ana andha ngadeg ing bumi kang pucuke sundhul ing langit, lan katon para malaekate Gusti Allah munggah-mudhun ing andha mau.

13Lah, Sang Yehuwah jumeneng ana ing sisihe sarta ngandika: “Ingsun iki Yehuwah Allahe Abraham embahira lan Allahe Iskak; tanah kang sira turoni iku bakal Sunparingake marang sira lan turunira.

14Turunira bakal dadi kaya lebuning bumi lan sira bakal ngambra-ambra mangetan, mangulon, mangalor lan mangidul, sarta marga saka sira lan turunira sakehe golongan ing bumi bakal padha kaberkahan.

15Lah Ingsun nunggil kalawan sira lan Ingsun bakal ngayomi marang sira ing saparan-paranira lan sira bakal Sunulihake, menyang ing tanah iki maneh, marga sira ora bakal Suntegakake, nganti Ingsun wus nindakake sabarang kang wus Sunprasetyakake marang sira.”

16Bareng Yakub tangi saka anggone turu, banjur ngucap: “Satemene Sang Yehuwah ana ing panggonan kene, aku ora ngreti.”

17Yakub wedi lan ngucap: “Saiba angkere panggonan iki, iki ora liya padalemane Gusti Allah lan iki gapurane swarga.”

18Esuke umun-umun Yakub njupuk watu kang kanggo bantal mau lan diedegake dadi tugu lan ing dhuwure diesoki lenga.

19Panggonan kono mau diarani: Betel; maune kutha iku aran: Lus.

20Yakub banjur nglairake punagi: “Manawa Gusti Allah nunggil lan ngreksa aku ing saurute dalan kang dakambah, sarta maringi roti kang dakpangan, apa maneh sandhangan kang dakanggo,

21nganti aku mulih menyang ing daleme bapakku kalawan slamet, mesthi Sang Yehuwah bakal dadi Allahku.

22Dene watu kang wus dakedegake dadi tugu iki bakal dadi padalemane Gusti Allah. Punapa malih samukawis ingkang Paduka paringaken dhateng kawula punika saprasedasanipun badhe kawula saosaken dhateng Paduka.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Kejadian 28 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel