Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Kejadian 29 >> 

Yakub ana ing omahe Laban

1Sawuse mangkono Yakub mbanjurake lakune menyang ing tanahe bangsa Wetanan.

2Nalika mulat ing sakiwa-tengene, nuli weruh ana sumur ing ara-ara, sarta ana wedhus telung pantha padha njerum ana ing sacedhake sumur mau, marga sumur iku panggonane wong padha ngombekake pepanthaning wedhuse, anadene watu tutuping sumur iku gedhe,

3dadine samangsa sakehe pepanthan wedhus wus digiring nglumpuk mrono, pangon-pangone tumuli ngglundhungake watune saka ing cangkeme sumur, lan wedhuse diombeni, sawuse mangkono watune banjur dibalekake maneh kaya maune.

4Yakub banjur ngaruh-aruhi wong-wong mau: “Para sadherek, sampeyan niku sami saking pundi?” Wangsulane: “Kula punika sami saking Haran.”

5Yakub nakoni maneh: “Napa sampeyan wanuh kalih Pak Laban, wayahe Embah Nahor?” Wangsulane: “Inggih tepang.”

6Nuli padha ditakoni maneh: “Napa taksih sami wilujeng?” Wangsulane: “Inggih wilujeng, lah punika Rakhel putranipun estri, saweg dhateng nggiring mendanipun.”

7Pangucape Yakub: “Lah niki rak taksih awan, dereng wayahe nggiring ta? Bok wedhuse sami diombekake, lajeng sami angon malih!”

8Nanging wangsulane kang padha angon: “Kula sami boten saged tumindak makaten manawi panthanipun dereng sami nglempak sadaya; selanipun lajeng saweg dipun glimpangaken saking cangkemipun sumur, sarta mendanipun lajeng sami kula ombeni.”

9Sajrone isih guneman karo wong-wong iku, Rakhel tumuli teka nggiring wedhuse bapakne, marga dheweke kang dadi pangone.

10Kacarita bareng Yakub ndeleng Rakhel, anake Laban sadulure ibune, lan wedhus-wedhuse, Yakub banjur nyedhaki lan nyingkirake watune saka ing cangkem sumur, sarta ngombeni wedhuse Pak Laban sadulure ibune.

11Sawuse mangkono Yakub tumuli ngambung Rakhel lan nangis seru.

12Yakub banjur nyaritakake yen isih keprenah ponakane bapakne, anake Bu Ribkah. Rakhel banjur lumayu aweh weruh marang bapakne.

13Bareng Pak Laban krungu kabar yen Yakub iku anake sadulure, tumuli lumayu methukake, Yakub dirangkul lan diambung banjur diajak lumebu ing omahe. Yakub tumuli nyaritakake lelakone kabeh marang Laban.

14pangucape Pak Laban: “Satemene kowe iku isih kulit dagingku dhewe.” Yakub anggone manggon ing omahe Laban wus ganep sasasi.

15Sawuse iku Laban tutur marang Yakub: “Apa dupeh kowe iku isih sanak karo aku, anggonmu nyambut gawe ana ing kene iki tanpa bayaran? Bok tutura aku, kowe njaluk opah apa?”

16Anadene Pak Laban mau duwe anak wadon loro, kang tuwa jenenge Lea lan kang nom jenenge Rakhel.

17Lea iku mripate ora bening, nanging Rakhel iku tandang-tanduke luwes lan ayu rupane.

18Dadi kang ditresnani Yakub iku Rakhel, mulane ature: “Kula purun ngenger panjenengan pitung taun dangunipun, supados angsal Rakhel putra panjenengan ingkang nem.”

19Wangsulane Pak Laban: “Pancen luwih becik dakwenehake kowe tinimbang karo dakwenehake wong liya, tetepa melu aku!”

20Yakub anggone ngengeri Rakhel iku lawase pitung taun. Nanging samono mau dirasa kaya-kaya mung sawatara dina bae, marga saka tresnane marang Rakhel.

21Sawuse mangkono Yakub tumuli matur marang Pak Laban: “Calon semah kula panjenengan paringaken, sabab wekdal ingkang katemtokaken sampun telas, supados kula lajeng saged emah-emah kaliyan Rakhel.”

22Pak Laban banjur nglumpukake wong ing panggonan kono sarta nganakake pista.

23Nanging bareng bengi Lea anake kang tuwa kang ditemokake karo Yakub. Yakub iya banjur sapaturon karo Lea.

24Karodene Pak Laban iya nggawani Zilpa abdine wadon marang Lea anake, dadi abdine.

25Kacarita bareng esuk kasumurupan yen iku Lea. Yakub tumuli matur marang Pak Laban: “Kadospundi dene panjenengan nandukaken makaten dhateng kula? Anggen kula ngenger panjenengan punika rak supados kaangsalaken Rakhel, kenging punapa kula panjenengan apusi?”

26Wangsulane Pak Laban: “Manut adat ing panggonanku kene, ora lumrah ngomah-omahake adhine ndhisiki mbakyune.

27Srantekna pitung dina engkas anggonmu bebrayatan karo Lea, sawuse iku kowe iya dakwenehi sijine minangka opahe, anggere kowe saguh ngenger aku pitung taun maneh.”

28Yakub iya banjur nglakoni mangkono, nutugake bebrayatane karo Lea nganti pitung dina; bareng wus ganep pitung dina tumuli iya diwenehi Rakhel anake, dadi somahe.

29Karodene Pak Laban nggawani anake mau rewang wadon jenenge Bilha, dadi bature.

30Yakub iya banjur sapaturon karo Rakhel uga, malah anggone nresnani Rakhel ngluwihi katresnane marang Lea. Kaya mangkono Yakub terus ngenger Laban pitung taun maneh.

Para anake Yakub

31Pangeran Yehuwah mirsa yen Lea ora ditresnani, mulane dibikak guwagarbane, nanging Rakhel gabug.

32Lea banjur ngandhut sarta nglairake anak lanang, kang dijenengake Ruben, pangucape: “Satemene Sang Yehuwah wus mirsani kasangsaranku, samengko aku mesthi ditresnani bojoku.”

33Banjur ngandhut maneh sarta nglairake anak lanang, pangucape: “Pangeran Yehuwah mirsa yen aku ora ditresnani, mulane aku diparingi anak maneh.” Bocahe dijenengake: Simeon.

34Sawuse mangkono banjur ngandhut maneh sarta nglairake anak lanang, pangucape: “Saiki bojoku bakal luwih cedhak marang aku, marga aku wus nglairake anak lanang nganti telu.” Mulane anake dijenengake: Lewi.

35Wasana ngandhut maneh sarta nglairake anak lanang, pangucape: “Sapisan iki aku bakal saos sukur marang Pangeran Yehuwah.” Mulane anake dijenengake: Yehuda. Sawuse iku kandheg anggone nglairake anak.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Kejadian 29 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
© 2010-2018
Alkitab.SABDA.org

Android.SABDA.org
SABDA.mobi
Bantuan
Dual Panel

Laporan Masalah/Saran