Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Kejadian 3 >> 

Manungsa tumiba ing dosa

1Anadene ula iku kang julig dhewe ing antarane sakehing kewan dharatan karyane Sang Yehuwah Allah, mangka iku celathu marang wong wadon mau: “Temtunipun Gusti Allah paring dhawuh dhateng sampeyan: Sira aja mangan wohing sarupane wit-witan ing patamanan iki! Rak inggih, ta?”

2Pangucape wong wadon marang si ula: “Wohe wit-witan ing patamanan iki kabeh kena bae dakpangan,

3nanging tumrap wohing wit kang ana satengahe patamanan iki, ana dhawuhe Gusti Allah mangkene: Aja sira pangan, malah ndemok bae aja, supaya sira aja padha mati.”

4Nanging si ula calathu marang wong wadon mau: “Boten-botenipun sampeyan sami pejah,

5nanging Gusti Allah mirsa, samangsa sampeyan nedha wohipun wit punika, sampeyan badhe kaparingan awasing paningal, temah dados sami kaliyan Gusti Allah, saged nyumerepi ingkang sae lan ingkang awon.”

6Wong wadon mau nuli weruh yen wit iku becik kanggo pangan lan katon nengsemake, lan maneh wit iku menginake, awit bisa ngolehake kapinteran; tumuli methil wohe lan mangan, kang lanang kang uga ana ing kono iya diwenehi lan iya banjur mangan.

7Ing kono mripate wong loro mau padha kabuka, temahan padha sumurup yen wuda; mulane tumuli padha nggandheng-nggandheng godhong anjir kagawe awer-awer.

8Sakarone bareng padha krungu sabawane tindake Sang Yehuwah Allah lumampah ing patamanan, mbeneri wayah sumiliring angin raina, manungsa lan kang wadon banjur padha ndhelik saka ing ngarsane Sang Yehuwah Allah, ana ing satengahe wit-witan ing patamanan.

9Nanging Sang Yehuwah Allah tumuli nimbali marang manungsa, pangandikane: “Sira ana ing ngendi?”

10Unjuke kang kadangu: “Kawula mireng swaraning tindak Paduka wonten ing patamanan, temah kawula ajrih, amargi wuda; pramila kawula lajeng ndhelik.”

11Gusti Allah ngandika: “Sapa kang aweh weruh marang sira yen sira iku wuda? Apa sira mangan wohing wit kang Sunwalerake marang sira supaya aja sira pangan?”

12Unjuke manungsa: “Tiyang estri ingkang Paduka paringaken dados sisihan kawula, punika ingkang nyukani wohing wit wau dhateng kawula, lajeng kawula tedha.”

13Sang Yehuwah Allah tumuli ngandika marang wong wadon: “Pratingkah apa kang wus sira lakoni?” Unjuke wong wadon: “Sawer punika ingkang ngapusi kawula, kawula lajeng nedha.”

14Ing kono Sang Yehuwah Allah banjur ngandika marang si ula: “Sarehne sira nglakoni kang mangkono iku, sira kena ing ipat-ipat ana ing antarane kewan ingon-ingon lan ing antarane sato ing ara-ara; lakunira bakal nlosor nlapak weteng sarta lebu kang bakal dadi panganira sajegira urip.

15Karodene Ingsun bakal ndadekake memungsuhan ing antarane sira lan wong wadon iki, lan ing antarane turunira lan turune wong wadon iki; turune wong wadon iki bakal ngremuk endhasira lan sira bakal ngremuk tungkake.”

16Wong wadon iku didhawuhi mangkene: “Ingsun bakal ngakehake banget karepotane anggonira meteng, klawan rekasa anggonira bakal nglairake anak; sira bakal kayungyun marang bojonira lan iku bakal mengku marang sira.”

17Sarta marang manungsa pangandikane: “Sarehne sira nuruti tembunge somahira sarta mangan wohing wit kang wus Sundhawuhake marang sira supaya aja sira pangan, mulane bumi kena ing ipat-ipat marga saka sira. Kalawan rekasa anggonira bakal mangan pametune ing sajegira urip.

18Eri lan rerungkudan kang bakal diwetokake kanggo sira, sarta tetuwuhan ing bumi kang bakal dadi panganira.

19Anggonira mangan rejeki bakal kalawan kringeten rainira, nganti tumeka sira bali marang bumi kang dadi asalira. Amarga sira iku lebu, lan sira bakal bali dadi lebu maneh.”

20Anadene manungsa menehi jeneng Kawa marang sisihane, amarga iku dadi lajering sakehing ngaurip.

21Sang Yehuwah Allah banjur ngaryakake sandhangan walulang marang manungsa lan kang wadon, sarta dianggokake.

22Sang Yehuwah Allah tumuli ngandika: “Lah ta, manungsa iku wus dadi pepadhaningSun, bisa ngawruhi kang becik lan kang ala. Kang iku aja nganti mulung tangane methil lan mangan wohing wit panguripan temah urip langgeng.”

23Mulane banjur ditundhung dening Sang Yehuwah Allah saka ing patamanan Eden, kakarsakake ngolah bumi kang dadi asale.

24Sawuse manungsa katundhung metu, Sang Yehuwah Allah banjur mrenahake kerub sawatara ana ing sawetane patamanan Eden, kanthi pedhang murub kang mobat-mabit, kanggo njaga dalan kang anjog ing wit panguripan.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Kejadian 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
© 2010-2019
Alkitab.SABDA.org

Android.SABDA.org
SABDA.mobi
Bantuan
Dual Panel

Laporan Masalah/Saran