Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Kejadian 30 >> 

1Rakhel bareng rumangsa yen ora patutan karo Yakub, banjur meri marang mbakyune sarta matur marang Yakub: “Bok kula sampeyan sukani anak! Manawi boten, kula luwung pejah.”

2Ing kono Yakub tuwuh nepsune marang Rakhel, pangucape: “Apa aku sesulihe Gusti Allah, kang ora marengake kowe ngandhut?”

3Ature Rakhel: “Lah punika Bilha rencang kula estri, sampeyan celaki, supados nglairaken anak ing pangkon kula, supados ngangsalaken turun dhateng kula.”

4Bilha bature mau banjur diaturake Yakub supaya dadi somahe, iya kelakon dicedhaki.

5Bilha banjur ngandhut sarta duwe anak lanang patutan saka Yakub.

6Rakhel tumuli ngucap: “Gusti Allah wus paring adil marang aku, lan wus nyembadani panyuwunku, diparingi anak lanang.” Mulane bocahe dijenengake Dhan.

7Bilha bature wadon Rakhel mau ngandhut maneh, sarta nglairake anak lanang kang kapindho patutan saka Yakub.

8Rakhel tumuli ngucap: “Dak temeni banget anggonku gelut karo mbakyuku lan aku kelakon menang.” Mulane bocahe mau dijenengake Naftali.

9Bareng Lea weruh yen kandheg anggone nglairake anak, tumuli iya ngaturake bature wadon Zilpa marang Yakub supaya dadi somahe.

10Lan Zilpa bature wadon Lea mau iya nglairake anak lanang patutan karo Yakub.

11Lea tumuli ngucap: “Begja!” Mulane bocahe dijenengake Gad.

12Sawuse mangkono Zilpa bature wadon Lea nglairake anak lanang kang kapindho patutan saka Yakub.

13Pangucape Lea: “Aku iki rahayu, saben wong wadon mesthi ngarani aku rahayu.” Anake nuli dijenengake: Asyer.

14Nuju sawijining dina nalika mbeneri mangsa panen gandum Ruben dolan-dolan, banjur nemu woh dhudhaim ana ing pategalan, diaturake marang Lea ibune; Rakhel nuli tutur marang Lea: “Aku bok kokwenehi woh dhudhaim duweke anakmu iku!”

15Pangucape Lea marang Rakhel: “Apa durung cukup anggonmu ngebeki bojoku? Wuwuh-wuwuh saiki arep ngepek woh dhudhaim duweke anakku?” Pangucape Rakhel: “Manawa mangkono bengi iki bapakne kareben turu karo kowe minangka ijole woh dhudhaim duweke anakmu!”

16Bareng wayah sore saulihe Yakub saka ing pategalan, banjur dipapag Lea karo matur: “Sampeyan dalu punika kedah tilem wonten ing panggenan kula, amargi sampeyan sampun kula sewa mawi woh dhudhaim gadhahanipun anak kula.” Dadine bengi iku Yakub turu karo Lea.

17Anadene Gusti Allah nyembadani panyuwune Lea, temah ngandhut sarta nglairake anak lanang kalima patutan karo Yakub.

18Lea tumuli celathu: “Aku wus diparingi ganjaran dening Gusti Allah, marga aku wis ngaturake rewangku wadon marang bojoku.” Anake iku dijenengake Isakhar.

19Lea tumuli ngandhut maneh sarta nglairake anak lanang kanem patutan saka Yakub.

20Lea banjur ngucap: “Gusti Allah wus maringi ganjaran kang endah marang aku, saiki bojoku bakal tetep manggon tetunggalan karo aku, marga wus dakolehake anak lanang nganti nenem.” Anake mau dijenengake Zebulon.

21Sawuse iku Lea nglairake anak wadon lan dijenengake Dina.

22Gusti Allah iya banjur ngengeti Rakhel; panyuwune disembadani lan dening Gusti Allah dibikak guwa-garbane,

23temah ngandhut lan nglairake anak lanang, celathune: “Gusti Allah wus ngilangake kanisthanku.”

24Anake banjur dijenengake Yusuf, pangucape: “Muga-muga Gusti Allah karsa mewahi anak lanang siji engkas marang aku.”

Yakub sugih raja-kaya

25Kacarita sawuse Rakhel nglairake Yusuf, Yakub banjur matur marang Pak Laban: “Kula panjenengan lilani mantuk dhateng tanah kalairan lan nagari kula.

26Semah dalah anak-anak kula panjenengan paringaken, minangka pituwasipun anggen kula ngenger panjenengan, kula lajeng badhe mantuk, margi panjenengan sampun uninga piyambak anggen kula tumemen ngenger panjenengan.”

27Nanging Pak Laban mangsuli marang Yakub: “Bok kowe gawe leganing atiku; aku wus niteni yen Pangeran Yehuwah mberkahi aku marga saka kowe.”

28Pangucape Pak Laban maneh: “Tetepna dhewe buruhanmu pira kang kudu dakbayar, mesti bakal dakwenehi.”

29Ature Yakub marang Pak Laban: “Panjenengan uninga piyambak, kadospundi anggen kula ngenger panjenengan, saha kadospundi kawontenaning raja-kaya panjenengan salebetipun kula jagi.

30Awitdene kagungan panjenengan boten sapintena saderengipun kula dhateng, nanging sapunika sampun ngrebda sanget, saha Sang Yehuwah sampun mberkahi panjenengan sadangunipun kula wonten ngriki. Dados benjing punapa kula saged nyambut damel kangge brayat kula piyambak?”

31Wangsulane Pak Laban: “Apa sing dadi panjalukmu marang aku?” Ature Yakub: “Panjenengan boten sisah maringi punapa-punapa dhateng kula, kula sagah ngengen saha rumeksa menda panjenengan sadaya malih, manawi panjenengan marengaken ingkang dados atur kula punika:

32Dinten punika kula badhe ngideri pepanthaning menda panjenengan sadaya, misahaken sadhengah menda ingkang tutul-tutul lan belang-belang; menda gembel ingkang cemeng, saha ingkang belang utawi tutul, punika dadosa gadhahan kula.

33Sarta benjing katemenan kula badhe katitik, samangsa panjenengan niti priksa berahan kula: Sadaya menda ingkang boten tutul-tutul utawi belang-belang, saha menda gembel ingkang boten cemeng, punika kaanggepa anggen kula nyolong.”

34Pangucape Pak Laban: “Prayoga, tindakna kandhamu iku!”

35Dina iku uga Yakub banjur misahake wedhus-wedhus lanang kang lorek lan kang belang, lan sakehe wedhus kang tutul-tutul lan belang-belang, sadhengah kang ana putihe, lan panunggalane wedhus gembel kang ireng; banjur padha dipasrahake marang anak-anake supaya dijaga.

36Kajaba iku Pak Laban nemtokake pamanggone Yakub lete lakon telung dina. Yakub banjur ngengon wedhus-wedhuse Pak Laban kang kari.

37Yakub banjur njupuk pange wit libnah, wit lus lan wit armon kang isih teles, padha diklokopi kulite nganti katon putihe dadi lorek-lorek.

38Pang-pang kang wus diklokopi mau tumuli didokok ana ing kalenan lan papan pangomben, kang mesthi diparani dening wedhus-wedhus manawa arep ngombe, diprenahake ana ing ngarepe wedhus. Anadene wedhus mau lumrahe seneng jejodhoan yen ngarepake ngombe.

39Yen wedhus-wedhus iku anggone jejodhoan cedhak karo pang-pang mau, anake banjur padha lorek-lorek, tutul-tutul lan belang-belang.

40Cempe kang kaya mangkono mau banjur didhewekake, sarta panthane wedhus diadhepake marang kang lorek-lorek lan kang ireng ana ing antarane wedhuse Pak Laban. Mangkono anggone ngreka nglumpukake kewan-kewan kanggo awake dhewe, ora diworake karo pepanthane wedhuse Pak Laban.

41Lan saben wedhus kang rosa padha arep jejodhoan, Yakub tumuli ndokok pang mau ana ing wadhah pangomben ing ngarepe wedhus mau, supaya padha jejodhoan ana ing ngarepe pang-pang mau.

42Nanging samangsa kang jejodhoan iku wedhus kang ora rosa, ora didokoki pang, temahan wedhus-wedhus kang ora rosa dadi pandumane Pak Laban lan kang rosa dadi pandumane Yakub.

43Jalaran saka iku raja-darbeke Yakub sangsaya tambah, sugih raja-kaya, batur wadon lan lanang, unta lan kuldi.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Kejadian 30 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
© 2010-2019
Alkitab.SABDA.org

Android.SABDA.org
SABDA.mobi
Bantuan
Dual Panel

Laporan Masalah/Saran