Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Kejadian 34 >> 

Dina lan Sang Sikhem

1Ing sawijining dina Dina anake wadon Lea patutan saka Yakub niliki bocah-bocah wadon ing nagara kono.

2Bareng kapirsan Sang Sikhem putrane Sang Prabu Hemor, wong agung Hewi, raja negara kono, tumuli diplajengake lan ditunggil sare nganggo dirodapeksa.

3Nanging Sang Sikhem banget kayungyune marang Dina, anake Yakub; sarta kasmaran banget marang bocah wadon mau, mulane tansah dibujuk sarana tembung manis.

4Banjur matur marang kang rama Sang Prabu Hemor, ature: “Lare estri punika panjenengan dalem pundhut dadosa semah kawula.”

5Anadene Yakub wus krungu yen Dina anake iku wus dirusuhi Sang Sikhem. Nanging anake lanang mbeneri lagi padha ngreksa raja-kayane ana ing ara-ara, dadine Yakub meneng bae ngenteni saulihe.

6Sang Prabu Hemor ramane Sang Sikhem, tumuli miyos manggihi Yakub karsa rerembagan.

7Nalika iku anak-anake Yakub mulih saka ing ara-ara, bareng krungu prakara iku banget lara atine sarta nepsu banget, marga Sang Sikhem wus nindakake pratingkah nistha tumrape wong Israel, marga ngrodapeksa marang anake wadon Yakub; patrap mangkono iku ora patut.

8Sang Prabu Hemor banjur rerembagan karo Yakub lan anak-anake: “Anak kula Sikhem punika sanget anggenipun kasmaran dhateng ingkang putra, mugi panjenengan paringaken supados dados semahipun,

9sarta sumangga sami bebesanan, ingkang putra putri sami kaparingna dhateng kula, saha anak-anak kula estri panjenengan pundhut mantu.

10Kula aturi dedalem sesarengan kaliyan kula, sawontenipun tanah kula sumanggakaken, kula aturi dedalem ing ngriki, kula aturi ndlajahi nagari punika kanthi merdika, saha kula aturi tetep dedalem wonten ngriki.”

11Sang Sikhem banjur ngandika marang bapakne lan para sadulure Dina: “Kula mugi angsala sih wonten ngarsa panjenengan, kula badhe ngaturaken punapa ingkang panjenengan pundhut.

12Sanadyan panjenengan ngarsakaken arta tumbasan lan arta sasrahan pinten kemawon kathahipun, badhe kula caosi manut sapamundhut panjenengan, namung larenipun estri mugi panjenengan paringaken dadosa semah kula.”

13Anak-anake Yakub banjur matur marang Sang Sikhem lan Sang Prabu Hemor nganggo dijlomprongake, marga Dina sadulure wus dirusuhi Sang Sikhem,

14ature mangkene: “Kawula sami boten saged nglampahi ingkang kados makaten punika, dene ngulungaken adhi estri dhateng priya ingkang boten supit, margi punika satunggaling kanisthan tumrap kawula sadaya.

15Namung kemawon kawula inggih kedugi minangkani pamundhut dalem, anggeripun panjenengan dalem sami nglampahi kados kawula makaten, inggih punika: sadaya tiyang jaler panunggilan dalem samia dipun supiti.

16Manawi sampun makaten, anak-anak kawula estri badhe kawula aturaken dhateng bangsa dalem, sarta kawula sami badhe mendhet anak-anakipun estri bangsa dalem; kawula badhe manggen tunggil kaliyan panjenengan dalem, sami dados bangsa satunggal.

17Nanging manawi panjenengan dalem boten karsa ndhahar atur kawula punika, saha boten karsa nglampahi supit, anak kawula estri badhe kawula pendhet lajeng sami kesah saking ngriki.”

18Sang Prabu Hemor lan Sang Sikhem putrane padha ngrujuki usul mangkono mau.

19Sang anem mau tumuli nindakake mangkono, marga saka kasmarane marang anake Yakub, kajaba iku Sang Sikhem mau ana ing antarane brayate kajen-keringan dhewe.

20Sang Prabu Hemor lan kang putra Sikhem tumuli padha tedhak menyang ing sakethenging kutha prelu ndhawuhake marang para wong ing kutha kono, mangkene:

21“Wong-wong iku padha gelem rerukunan karo kita, mulane kareben padha manggon ana ing tanah kene lan ndlajahi kanthi merdika; tanah kene iki rak cukup jembar kanggo wong-wong iku! Kita padha bisa njupuk anak-anake wadon dadi sisihan kita, lan anak-anak kita wadon padha kita wenehake mrana.

22Mung bae wong-wong mau anggone padha gelem nuruti marang kita, supaya bisa nunggal manggon lan dadi bangsa siji, yaiku anggere sadhengah wong lanang panunggalan kita padha tetak, dikaya wong-wong mau iya padha tetak.

23Raja-kayane, raja-darbeke, apamaneh sakehe kewane iku kabeh rak bakal dadi darbek kita! Mung bae becik padha dilegani kang dadi panjaluke iku, temah mesthi bakal manggon awor karo kita.”

24Pangandikane Sang Prabu Hemor lan Sang Sikhem putrane mau dirujuki dening wong-wong kabeh kang padha teka nglumpuk ing sakethenging kutha, temah kelakon saben wong lanang ing kutha kono kang diwasa padha ditetaki.

25Kacarita bareng telung dinane, wong-wong mau lagi ngrasakake lara-larane, tumuli ditekani anake Yakub loro, yaiku Simeon lan Lewi, kangmase Dina, padha sikep pedhang nempuh kutha mau klawan ora kadunungan rasa wedi lan mateni sadhengah wong lanang.

26Dalah Sang Prabu Hemor lan kang putra Sikhem iya disedani klawan pedhang, Dina dijupuk saka daleme Sikhem, banjur digawa lunga.

27Sawuse mangkono para anake Yakub padha ngrayahi barang-barange kang padha dipateni mau, njarah-rayah kutha kono, awit sadulure dirusuhi.

28Wedhuse, sapine, kuldine apadene samubarang kang ana jero lan jaban kutha padha digawani,

29karodene sakehe kasugihane, kabeh anake lan wong wadon padha ditawan, sarta samubarang kang ana jero ngomahe iya dirayah kabeh.

30Ing kono Yakub celathu marang Simeon lan Lewi: “Kowe iku padha gawe sangsaraku, marga jenengku kokgawe bacin ana ing nagara kene, ing antarane bangsa Kanaan lan wong Feris, mangka wong-wong kita iki mung sathithik; manawa wong-wong mau padha sabiyantu nglawan kita, mesthi aku bakal padha dikalahake lan ditumpes, iya aku dalah sabrayatku kabeh.”

31Ature kang didukani: “Kenging punapa adhi kula kok dipun garap kados tiyang estri tunasusila?”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Kejadian 34 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
© 2010-2019
Alkitab.SABDA.org

Android.SABDA.org
SABDA.mobi
Bantuan
Dual Panel

Laporan Masalah/Saran