Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Kejadian 35 >> 

Yakub ana ing Betel kaping pindhone

1Gusti Allah banjur ngandika marang Yakub: “Sira tata-tataa lan mangkata menyang Betel, manggona ana ing kono lan gawea misbyah konjuk marang Gusti Allah kang wus ngatingal marang sira, nalika sira ngungsi saka ngarepe Esap kakangira!”

2Yakub banjur celathu marang brayate lan sakalerehane kabeh: “Padha singkirna sakehe brahala kang ana ing tengahmu, sesucia lan salina sandhangan!

3Payo padha tata-tata lan mangkat menyang Betel, ana ing kono aku arep gawe misbyah konjuk marang Gusti Allah, kang wus nyembadani marang aku ing dina karubedanku, lan wus nunggil karo aku ana ing dalan kang dakambah.”

4Wong-wong banjur masrahake marang Yakub sakehing dewa asing kang didarbeki, mangkono uga anting-anting kang ana ing kupinge, sarta banjur dipendhem dening Yakub ana ing ngisore wit gedhe sacedhake Sikhem kono.

5Sawuse mangkono banjur padha budhalan. Kutha-kutha kang ana ing sakubenge padha ketaman ing pagiris saka Gusti Allah, temahan pada ora ngoyak marang para anake Yakub.

6Yakub banjur tekan ing Lus ing tanah Kanaan, iya iku Betel; dheweke lan sakehe wong-wong kang padha ngetutake;

7sarta tumuli ngadegake misbyah ana ing kono, lan panggonan iku dijenengake El-Betel, marga ana ing kono Gusti Allah anggone nglairake kawontenane marang dheweke nalika ngungsi saka ing ngarepe sadulure.

8Nalika samana Debora inyane Ribkah ngajal, banjur kakubur ing Betel perangan kang ngisor ana ing sangisore wit gedhe, kang katelah aran: Wit Gedhe Patangisan.

9Saulihe Yakub saka Padan-Aram, Gusti Allah ngatingali maneh sarta mberkahi.

10Pangandikane Gusti Allah marang Yakub mangkene: “Jenengira Yakub, wiwit saiki sira wus aja jeneng Yakub maneh, nanging Israel, iku dadia jenengira.” Mangkono anggone Gusti Allah netepake jenenge Israel.

11Sarta dipangandikani maneh dening Gusti Allah mangkene: “Ingsun iki Allah Kang Mahakawasa, sira bebranahana lan tangkar-tumangkara; ana bangsa, malah golonganing bangsa kang bakal dumadi saka sira, lan bakal ana raja-raja kang asale saka sira.

12Karodene tanah kang wus Sunparingake marang Abraham lan marang Iskak, iku Sunparingake marang sira lan marang turunira.”

13Gusti Allah banjur sumengka nilar Yakub mengker saka panggonan anggone mentas mangandikani mau.

14Yakub tumuli ngedegake tugu ana ing panggonan kono yaiku tugu watu lan nyaosake kurban unjukan sarta ngesokake lenga ing sadhuwure watu mau.

15Anadene panggonan anggone dipangandikani Gusti Allah mau dijenengake Yakub: “Betel”.

Laire Benyamin lan ngajale Rakhela

16Sawuse mangkono tumuli padha budhal saka Betel. Bareng lakune tekan ing sacedhake Efrata, Rakhel nglairake jabang bayi, dene anggone duwe anak iku rekasa banget.

17Kacarita bareng anggone duwe anak nganti rekasa mangkono iku, dhukune bayi banjur matur: “Sampeyan sampun kuwatos, awitdene sampeyan inggih badhe gadhah anak jaler malih.”

18Nalika ndungkap ajal -- amarga wekasane tinggal donya -- anake mau dijenengake Ben-Oni, nanging bapakne njenengake Benyamin.

19Mangkono anggone Rakhel tinggal donya, banjur kakubur ana sapinggiring dalan kang anjog ing Efrata, yaiku Betlehem.

20Yakub ngadegake tugu ing kuburane, iya iku tengerane kuburane Rakhel nganti saprene.

21Sawuse iku Israel tumuli budhal sarta nancebake tarube ana ing sabrange Migdal-Eder.

22Nalika Israel lereb ana ing kono, kelakon Ruben amor turu karo Bilha, selire bapakne, mangka prakara iku keprungu Israel.

Para anake Yakub -- Rama Ishak seda

(35-22b) Anadene anake Yakub kang lanang iku ana rolas.

23Anake Lea yaiku Ruben pembarepe Yakub, nuli Simeon, Lewi, Yehuda, Isakhar lan Zebulon.

24Anake Rakhel: Yusuf lan Benyamin.

25Anake Bilha bature wadon Rakhel: Dhan lan Naftali.

26Anake Zilpa bature wadon Lea: Gad lan Asyer. Iku kabeh anake lanang Yakub kang kalairake ana ing Padan-Aram.

27Yakub banjur sowan ing ngarsane kang Rama Iskak, ana Mamre ing sacedhake Kiryat-Arba, iya iku Hebron, panggonan palerebane Rama Abraham lan Rama Iskak anggone padha dadi wong neneka.

28Anadene yuswane Rama Iskak nyandhak satus wolung puluh taun.

29Rama Iskak tumuli apegat nyawa lan seda, banjur dikempalake kalawan para leluhure; wus sepuh lan tuwuk gesange, banjur disarekake dening kang putra Esap lan Yakub.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Kejadian 35 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel