Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Kejadian 49 >> 

Pangandikane Rama Yakub kang wekasan marang para putrane

1Sawuse mangkono Rama Yakub banjur nimbali para putrane sarta ngandika: “Padha nglumpuka, kowe arep dakkandhani apa kang bakal kokalami ing tembe buri.

2Padha nglumpuka lan rungokna, he para anake Yakub, rungokna tembunge Israel bapakmu.

3Ruben, kowe iku pembarepku, kekuatanku lan wiwitaning karosanku, kang pinunjul ing kaluhuran, kang pinunjul ing kabisan,

4kang mbludag kaya banyu, temah wurung anggonmu dadi kang linuwih dhewe, marga kowe wus nunggahi paturone bapakmu; wektu iku kowe ngrusak kasucene. Paturonku diunggahi.

5Simeon lan Lewi iku padha sadulur, gegamane awujud pangroda-peksa.

6Nyawaku aja nganti katut ing pasarujukane, atiku aja kelu marang paguyubane, awitdene saka nepsune, nganti padha mateni wong lan saka kamurkane padha ngethoki ototing dhengkule sapi.

7Nepsune kenaa ing ipat-ipat, awitdene nepsune iku kebangeten, kenaa ing ipat-ipat brangasane, awitdene iku siya-siya. Padha arep dakpencar ana ing antarane bani Yakub lan daksebar ana ing antarane turune Israel.

8Yehuda, kowe iku bakal dialembana dening sadulur-sadulurmu, tanganmu bakal nyekeli cengele mungsuhmu, anak-anake bapakmu bakal padha tumelung ana ing ngarepmu.

9Yehuda iku kaya anak singa, sawuse nubruk memangsan, banjur munggah ing papan kang dhuwur, anakku engger! Lagi ndhekem lan njerum kaya anak singa lanang utawa kaya singa wadon, sapa kang wani nangekake?

10Tekene keprabon bakal ora ngalih saka Yehuda, utawa lambanging paprentahan saka ing antarane sikile, nganti tumeka rawuhe Sang Silo, kang bakal disuyudi bangsa-bangsa.

11Kuldine bakal dicancang ana ing wit anggur lan belone ana ing wit anggur pilihan. Sandhangane dikumbah nganggo anggur lan jubahe ing duduhe woh anggur.

12Mripate abang dening dayane anggur lan untune putih dening dayane susu.

13Zebulon bakal manggon ana ing pinggir sagara, bakal dadi pelabuhaning prau, tapel watese ing tlatahe Sidon.

14Isakhar iku kaya kuldi kang kuwat balungane, kang ndhekem kaapit ing momotane,

15bareng weruh yen papan palerenane kepenak lan negarane nyenengake, banjur mendhakake gegere nuli nggawa momotan, sabanjure dadi wong kang kena ing pagawean peksan.

16Anadene Dhan iku bakal ngadili bangsane kayadene salah sijine taler Israel.

17Muga-muga Dhan iku kaya ula ana ing dalan, kaya ula bedhudhak ana ing lurung kang nyakot tungkake jaran, nganti sing nunggang tiba kegeblag.

18Dhuh Yehuwah, kawula ngantos-antos dhateng kawilujengan ingkang saking Paduka.

19Gad iku bakal ditempuh dening grombolan, nanging bakal genti nempuh tungkake.

20Mungguh Asyer iku pangane bakal mubra-mubru, malah bakal leladi dhaharane raja-raja.

21Naftali iku kaya menjangan wadon umbaran, iku bakal nglairake tetembungan kang manis-manis.

22Yusuf iku kaya wit wowohan kang nom, wit wowohan kang nom ana ing pinggir sendhang. Pang-pange padha ngungkuli pager tembok.

23Sanadyan bala-pamanah mbeda, padha manah lan nempuh,

24nanging panahe tetep kuwat, lan tangane padha tetep cukat marga saka pitulungane Kang Mahasantosa, Pangayomane Yakub, marga saka pangone Gunung Parange Israel,

25marga saka Allahe bapakmu kang bakal mitulungi kowe, lan marga saka Kang Mahakawasa kang mberkahi kowe, klawan berkah kang luber saka ing langit dhuwur, berkah saka telenging samodra kang ana ing ngisor, berkah saka ing payu-dara lan guwa-garba.

26Berkahe bapakmu iku ngungkuli berkahe gunung-gunung wiwit jaman biyen, yaiku kang luwih dening ngresepake ana ing tengger-tengger kang wus pirang-pirang abad anane; kabeh mau bakal tumurun ana ing sirahe Yusuf, ing embun-embunane wong kang linuwih ana ing antarane para sadulure.

27Benyamin iku kaya asu ajag nyenyempal, ing wayah esuk ngganyang memangsan lan ing wayah sore andum rayahane.”

28Iku kabeh talere Israel, cacahe rolas; lan iya iku mau kang dipangandikakake dening kang rama, nalika padha diberkahi; siji-sijine kaparingan berkah dhewe-dhewe.

Rama Yakub seda lan kasarekake

29Sawuse mangkono Rama Yakub banjur meling marang para putra wayahe: “Samangsa aku wus diklumpukake karo para leluhurku, aku kuburen awor karo para leluhurku ana ing guwa kang ana ing ara-ara duweke Efron wong Het,

30ing guwa ing ara-ara Makhpela sawetane Mamre ing tanah Kanaan, kang wus dipundhut dening Eyang Abraham saka Efron wong Het mau, kanggo pakuburan pamijen.

31Iya ana ing kono anggone nyarekake Eyang Abraham lan Eyang Sara garwane, iya ing kono sumarene Rama Iskak lan Ibu Ribkah garwane,

32lan uga ana ing kono anggonku metak Lea. Ara-ara dalah guwane kang ana ing kono iku wus katuku saka wong bani Het.”

33Sawuse Rama Yakub rampung anggone memeling marang para putrane, tumuli ninggahake sampeyane ana ing pasarean, banjur seda, kaklumpukake karo para leluhure.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Kejadian 49 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel