Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Keluaran 26 >> 

Bab Tarub suci

1“Tarub Suci iku kudu sira gawe nganggo tenunan lena alus nganggo lawe wungu tuwa, wungu nom lan jingga; mawa kerub, gaweane ahli tenun, kabeh iku kudu sira gawe mangkono.

2Dawane tendha siji wolu likur asta, ambane patang asta, tendha iku ukurane kabeh kudu padha.

3Tendha lima disambung-sambung dadi siji, kang lima maneh iya disambung-sambung dadi siji.

4Lan sira gawea tali-tali kolongan wungu tuwa kaetrapna ing pinggire tendha kang siji, mangkono uga tumrap ing pinggire tendha sijine.

5Kolongan seket iji sira etrapna ing tendha kang siji lan kolongan kang seket iji maneh etrapna ing pungkasane tendha sijine, adhep-adhepan siji lan sijine.

6Sarta maneh sira gawea cantholan mas seket iji, tendha-tendhane padha gandhengana siji lan sijine nganggo canthelan mau, supaya dadia tarub siji.

7Karodene sira gawea tendha-tendha wulu wedhus kanggo payoning Tarub Suci, sira gawea tendha sewelas.

8Saben tendha dawane telung puluh asta lan ambane patang asta; tendha sawelas iku ukurane kudu padha.

9Tendha kang lima iku kasambunga dhewe dadi siji, lan tendha kang nem iya dadi siji dhewe, tendha kang nomer nem sira lempita dadi loro ana ing sisih ngarepe tarub mau.

10Nuli sira gawea kolongan seket iji kaetrapna ing pinggire tendha ing pungkasane, lan kolongan seket iji maneh ing pinggire tendha sijine.

11Mangkono uga sira gawea canthelan tembaga seket iji, canthelan iku kaolehna ing kolongan mau, tendhane banjur kasambunga dadi siji.

12Mungguh bagean kang turah ing tendha mau, kang satengah tlakupna ana ing burine Tarub Suci,

13luwihane saasta ing sisih kene lan saasta ing sisih kana iku tlakupna ana ing iringane Tarub Suci ing kiwa lan tengen kagawe aling-aling.

14Sarta maneh tarub iku iya sira gawekna payon lulang wedhus gembel lanang dipulas abang, lan sadhuwure iku payon lulang dhuyung.

15Tarub Suci iku sira gawekna blabag-blabag kayu sittah ngadeg,

16blabag siji dawane sapuluh asta lan saben blabag ambane karotengah asta.

17Saben blabag anaa puruse loro jejer, mangkono anggonira gawe sakehe blabage Tarub Suci mau.

18Anggonira gawe blabage Tarug Suci iku rong puluh ana ing iringan sisih kidul,

19lan sira gawea ompak selaka patang puluh iji kanggo ing ngisore blabag rong puluh iji iku, blabag siji ompake loro kanggo puruse loro mau, lan blabag liyane ompake iya ngloro-ngloro kanggo puruse loro.

20Ing iringane Tarub Suci sijine kang sisih lor iya gawekna blabag rong puluh iji,

21karo ompake salaka patang puluh iji, blabag siji ompake loro, lan blabag liyane ompake iya padha ngloro.

22Kanggo ing burine Tarub Suci, sisih kulon, iku gawekna blabag nem iji,

23karomaneh sira gawea blabag rong iji kanggo pojoke Tarub Suci ing sisih buri.

24Blabag loro iku kudu kembar, puruse ing sisih ngisor, mangkono uga ing sisih dhuwur, tekan ing gelangan kang kapisan, mangkono kaanane karo pisan, padha minangka pojokane loro.

25Dadi kabeh kudu ana blabag wolung iji karo ompake salaka, gunggung nembelas; blabag siji ompake loro lan sabanjure saben blabag ompake loro.

26Sira uga gawea kendhit kayu sittah, limang iji kanggo blabag-blabaging Tarub Suci kang sasisih,

27lan kendhit limang iji kanggo blabag-blabaging Tarub Suci ing sisihe kang kapindho, apadene kendhit limang iji kanggo perangan buri sisih kulon.

28Sarta kendhit limang iji kanggo perangan tengah, kendhit iku kaetrapna ana ing satengahing blabag-blabag saka ing pojok kene takan ing pojok kana.

29Blabag-blabage padha sira lapisana mas, lan gelangan kanggo slobokan kendhit iku iya mas, kendhite iya padha sira lapisana mas.

30Sabanjure Tarub Suci iku kapasanga miturut rancangan kang wus katedahake marang sira ana ing gunung.

31Karomaneh sira gawea geber kain wungu tuwa lan kain wungu nom, kain jingga, tenunan lena alus; kagawe mawa gambar kerub dening ahli tenun.

32Geber iku kagantunga ing saka kayu sittah papat kang kalapis emas, lan ana canthelane mas, tumumpang ompak salaka papat.

33Geber mau kagantunga ing canthelan kang kanggo nyambung tendha iku, nuli pethine angger-angger sira prenahna ana ing saburine geber, sarta geber iku dadia singgetan ing antarane pasucen lan pasucen pinunjul.

34Tutup pangruwatan iku sira tumpangna ing pethine angger-angger ana ing sajroning pasucen pinunjul.

35Mejane sira prenahna ing sangarepe geber, lan padamarane adhep-adhepan karo mejane ana ing Tarub Suci sisih kidul, dene mejane sira prenahna ana ing sisih lor.

36Sarta maneh sira gawea warana ana ing lawangane Tarub, kang kagawe kain wungu tuwa, kain wungu nom, kain jingga lan lena tenunan alus kang mancawarna.

37Warana iku gawekna saka kayu sittah limang iji, padha kalapisana mas, lan ana canthelane mas lan sira gawekna ompak tembaga cithakan limang iji.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Keluaran 26 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel