Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Kidung Agung 1 >> 

1Musthikaning Kidung anggitane Sang Prabu Suleman.

Panganten putri lan para putri ing Yerusalem Aku muga ingarasana kalawan pangarasing lathine!

2Amargi katresnan Paduka punika nikmatipun nglangkungi anggur,

3lisah Paduka wangi gandanipun, asma Paduka kadya lisah ingesok, milanipun para kenya sami tresna dhumateng Paduka.

4Kawula mugi Paduka gendeng ing pengkeran Paduka, sumangga sami enggal-enggal tindak! Sang Prabu wus mbekta aku menyang ing jero kadhatone. Kawula sami badhe surak-surak lan sukarena margi saking Paduka, kawula sami badhe ngalembana sih Paduka ingkang ngungkuli anggur! Sampun samesthinipun sami tresna dhumateng Paduka!

5Dhuh para putri ing Yerusalem, pancen pakulitanku ireng, nanging manis, kadi kemahe bangsa Kedar, lir klambu-klambune wong Salma.

6Aja kokgatekake anggonku ireng, amarga sumeleting surya nggesengake aku. Putra-putrane ibuku padha muring-muring marang aku, aku didadekake panjaga pakebonan anggur, pakebonane anggurku dhewe ora dakopeni.

7Dhuh gantilaning nalaningwang, kawula mugi Paduka wartosi, wonten ing pundi anggen Paduka angen menda, wonten ing pundi anggen Paduka mlegungaken pepanthan Paduka ing wanci dalu? Awit punapaa dene kawula ngantos kados tiyang nglembara celak pepanthanipun menda mitra-mitra Paduka?

8Dhuh wanita kang sulistya dhewe ana ing satengahe para wanita, manawa kowe durung sumurup, ngetutna tapak-tapake wedhus lan angona cempe-cempemu ing sacedhaking pakemahane para pangon.

Penganten kakung lan penganten putri alem-ingalem sesauran

9-- Dhuh kekasihku, kowe sunupamakake jarane wadon kareta titihane Sang Prabu Pringon.

10Pipimu katon endah ingapit rerenggan, mangkono uga gulumu kang kinalungan.

11Kowe arep dakyasakake rerenggan-rerenggan emas kalawan menuran selaka.

12-- Sasuwene Sang Prabu lenggah dhahar, naredku amrik gandane.

13Kekasihku iku tumraping aku kaya mur sabuntel, sumelip ing antarane payudaraku.

14Kekasihku iku tumraping aku kaya kembang pacar sadhompol, ing pakebonan anggur ing En-Gedhi.

15-- Lah memanisku, kowe iku sulistya, sanyata endah ing warna kowe iku, mripatira pindha manuk dara.

16-- Dhuh kekasih kawula, Paduka punika bagus, saestu nenarik manah, pasarean kita punika saestu sakeca.

17Griya kita punika balok-balokipun kajeng eres, gebyogipun kajeng eru.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Kidung Agung 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel